Thursday, November 29, 2007

Artikel


Sastra pedhalangan mangrupi rekabasa sastra sing diangge para dhalang neng pakeliran. Jenis sastra pedhalangan saged diperang dados wolung perkawis, yaiku suluk pelungan utawi murwa, janturan utawi nyandra, pocapan, suluk, ginem utawi antawacana, lelagon, swara, lan carita.

Suluk

Suluk pelungan utawi murwa mangrupi suluk bubuka pakeliran sing ditembangke ki dhalang neng wiwitan pakelirane. Pelungan kalebet salah sawiji jenis puisi pedhalangan. Suluk pelungan dados ciri khas pedhalangan Jawi Wetanan, lan suluk murwa dados ciri khas pedhalangan Jawi Kilen. Pedalangan Jawi Tengah boten ngangge suluk pelungan utawi murwa, bubukane ngangge janturan jejer. Conto suluk pelungan Jawi Wetanan ing ngandhap niki pinetik saka "Serat Wewaton Padhalangan Jawi Wetanan" anggitan Soenarto Timoer:

Sun miwiti andhalang. Wayangingsun minangka bambang paesan, kelire jagad dumadi, larapan naga papasehan, pracik tapeling jagad gumelar, yana drojog sangga
bawana. Ligan rajeg wesi, blencong kencana, urube luber kadya Hyang Bathara Surya, Kothaking wayang kayu cendhana sari. Tutuping dhuwur kadya kusuma, kepyake gelap angampar....

Jenis suluk liyane sendhon, gregetsaut, lan ada-ada. Sendhon menika suluk kangge nggambaraken kahanan sedihing ati. Gregetsaut suluk kangge nggambaraken muntabing ati. Ada-ada suluk kangge mggambaraken kahanan ingkang mirisi.

Janturan

Janturan mangrupi paparan cerita ngangge basa prosa utawi gancaran dhalang kangge nyariyosake jejer utawi adhegan siji negari, kahanan panggonan, watek wayang, lan perkawis sing dirembag ngangge iringan gamelan. Conto janturan ing ngandhap kapetik saking "Janturan lan Pocapan Ringgit Purwo" ingkang kahimpun dening Anom Sukatno:

Swuh rep data pitana. Hanenggih negai pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi linangkung, dasa sepuluh, purwa marang wiwitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang sinangga ing pertiwi, kinasongan ing akasa, kinapit samodra racak sami anggana raras, nanging datan kadya ingkang ginupit ing dalu mangke, ingkang sinebat Negari Hastina, inggih Gajahoya, Limanbenawi....

Pocapan

Pocapan mirip sareng janturan nanging boten ngangge iringan gamelan, namung ngangge iringan dhodhogan cempala. Conto pocapan ing ngandhap kapetik saking "Serat Pedhalangan Lampahan Wirotho Parwo" anggitanipun Ki Purwadi:

Lah ing kana ta wau, samya geder bantah binantah katungka praptaning nalendra Trigarta, Prabu Susarma ingkang minggah ing Sitihinggil nagari Ngastina tranyak-tranyak pindha sata ngupadi boga.

Antawacana

Antawacana utawi gineman, yaiku caturan wayang neng sajeroning adhegan. Antawacana sami kaliyan dialog neng drama, bentene dialog drama dicaturake tiyang kathah, nanging antawacana dicaturaken dhalang piyambak. Kangge antawacana wayang, dhalang kedhah saged ngolah wanda swarane supados benten kaliyan caturan wayang-wayang piyambak-piyambak. Bentenipun wanda swara wonten ing basa lesan; kangge basa tulis dipun bentenaken ngangge nami wayang lan logat caturan tulisane.

KRESNA: Eladalah, Yayi, Yayi Setiaki.
SETIAKI: Kula nun.
KRESNA: Kakang Patih Udawa.
UDAWA: Lo, lo, lo, Hahahah… pun kakang Patih Udawa.

Lelagon

Lelagon mangrupi tembang sing biasane ditembangke Pesindhen utawi waranggana lan wiraswara. Nanging lelagon ugi kalebet rumpaka dhalang yaiku, lelagon sing diangge neng limbukan utawi dagelan. Panakawan biasane guyonan sareng lelagon. Sekar-sekar sing kulina diangge neng gara-gara kathah jenise, wiwit saka sekar-sekar klasik ngantos lagu-lagu modern.

Swara

Saliyane suluk, janturan, antawacana,lan lelagon, sastra pedhalangan ugi ngangge swara kangge nyarengi sabetan neng adhegan bandayuda okol begalan pati. Swara saged mangrupi sautan, adhuhan, lelaran lan onomatopia. Swara neng adhegan bandayuda pakeliran wayang dados luwih rame lantaran diiringi ngangge gamelan sing saluyu kaliyan adhegane. Ewadene swara neng basa tulis saged ngangge teknik tatatulis komik. Conto swara basa tulis neng andhap dicatet saka Lakonet garapan Ki Harsono Siswocarito:

“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos atos!
(Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadheg, Dewa!” +
“D-du-uh… tob-ba-at….”
Didupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”
“Ayo maju,
Dewa!” + “Wani karo Brama?” + “Brama? O, iki jago Deksinapati: Dewa api kok
kakubeku? Ayo maju! Heaah!”—(Clap!) Serbutinju (Bugh!) dupakgalak
(Blak!)—“Rasakena dewa—heaah!”—(Blar!) keplaktelak! “Tobaatt!”

Carita

Carita sastra pedhalangan saged kaimpun ing carita pakem, gubahan, lan carangan. Carita pakem yaiku carita sing saluyu sareng kitab-kitab pawayangan kados Mahabharata, Ramayana, Pustaka Rajapurwa, lan liya-liyane. Carita gubahan yaiku carita ingkang sampun dipun rekacipta saluyu sareng jamane. Carita carangan mangrupi carita gagrag anyar sing anggitane saluyu sareng sastra pedhalangan gagrak anyar.

Tamtu sastra pedhalangan luwih maneka warna. Ing Tatar Sunda wonten Wayang golek gaya Bandung, gaya Bogor, sareng gaya Cirebon. Ing DKI wonten gaya Betawi. Ing Jawa Tengah wonten wayang kulit gaya Surakarta, gaya Yogyakarta, sareng gaya Banyumas. Ing Jawa Timur wonten gaya Jawi Wetanan. Ing luwar Jawa, wonten wayang kulit gaya Bali, gaya Banjar neng Kalimantan, gaya Sasak neng Nusa Tenggara. Sedaya punika dados tandha kabinekaanipun sastra pedhalangan Indonesia.

Lakonet Jawa

Lakonet gabungan saka tembung "lakon" lan "internet" gawean Ki Harsono Siswocarito. Lakonet mangrupi lakon-lakon wayang sing dipakeliraken ning kelirbeling utawi layarmaya internet. Lakonet disanggit ngangge kombinasi Sastra Pedhalangan mangrupi suluk (murwa, sendhon, gregetsaut, ada-ada) nyandra (janturan lan pocapan), antawacana (ginem), swara (omomatopia), lelagon (tembang), lan carita. Cariyos lakonet saka lakon-lakon wayang sing disanggit ngangge gagrak anyar. Lakonet lebet sawiji genre sastra elektronik saged ugi disebat wayang citra utawi wayang mediamaya. Salaku wayang gagrak anyar, lakonet saluyu sareng seni jaman informasi ning era globalisasi.

Rembagan
Teng niki kaula bade ngrebag babagan sastra pedhalangan sing dados konsep estetik Lakonet.

Murwa
Murwa utawi suluk bubuka teng inggil wau mangrupi gubahan saka sulu "Gumungan" ing Pedhalangan Sunda, nanging sampun dilauyuaken kaliyan lakonet sing ngangge "kelirbeling" utawi "layarmaya" kados:

Kelirbeling tabir Gusti
Tabire ya wong ngawayang
Wayang manut maring dalang
Dalange murba ing wayang
Kelire layarmaya Gusti

Nyandra

Nyandra utawi janturan ngangge tata tulis warta kados teng koran. Tempat jejer negari kanggo huruf ageng sedaya, lajeng diterasanken janturan.

MERCUKUNDA, SURALAYA.—Sang Hyang Pramesti Guru Jagatnata, ya Sang Hyang Otipati Pangawasa Jagat Triloka, linggih ing kursi Gading Gilang Kencana, dipunadhep dening para dewa, para batara, para sang hyang, para widadara, para hapsara sadaya warga Swargaloka.

Antawacana

Antawacana utawi ginem ngangge tata tulis drama. Jeneng wayang ditulis ngangge huruf ageng. Diterasaken caturan kados andhap niki.

JAGATNATA: Kakang Panji Narada, Kang—kados menapa kahanan ing Kahyangan iki? Kawah Candradimuka mangaladalad, magma murubmubyar, lindu kalabendhu geterbanter, Gerbang Selamatangkep padha retak, Istana risakporak. Prahara apa iki, Kang Panji?

NARADA: Aduh, Adi Guru—ampun sewu ampun. Sedaya menika gargara balamala raksasa saking negari Tunggulwesi kang dipunpimpin dening Jendral Nurkala Kalimantra. Piyambakipun nyuwun tahta swarga. Mekaten, Gusti Pramesti.

Swara

Swara utawi onomatopia neng adhegan sabetan bandayuda ogol begalan pati ngangge tata tulis komik. Sautan, adngluhan, lalaran, lan caturan neng sabetan ditulis neng jero tanda kutip. Swara onomatopia kados swara anteman, oncatan, lan tiban ditulis nang jero kurung.

“Kowe wani karo dewa?”
“Why not? Kowe jago, aku jago! Kowe lanang, aku lanang! Buktike: sapa luwih lanang, sapa luwih jagoan!”
“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos dados! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadeg, Dewa!” + “D-du-uh… tob-ba-at….”
Dupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”

Lelagon

Lelagon sing wonten ing lakonet iki yaiku tembang "Lir Ilir" sing dicekak.

Lir ilir, lir ilir
Tandure wus sumilir

Carita

Cariyos lakonet niki mangrupi carangan amargi boten wonten pakemipun. Nanging pola cariyosipun saka cariyos Prabu Kalimataya sing mbedah Kahyangan nanging dipun pejahi dening Resi Manumayasa kados sing dikandhake Semar.

SEMAR: O, o, o… sapa mau? Nurkala Kalimantra! Pantes! Dheweke kuwi masih tunggal turunan karo raksasaraja Kalimataya sing mbedahbubrah Suralaya nanging ditumpastampis kambi maharesi nuklir Prof Manumayasa. Saiki ora ana jago jawata kejabi Jendral Arjuna.

Temtu lakonet punika namung salah sawiji conto kemawon ingkang mangke saged dipun kembangaken malih. Matur nuwun.

No comments: