Thursday, November 29, 2007

Prof Dr Bima Tanayatatwa



Anjrah kang puspita rum
Kasliring samirana mrih
Sekar mekar manekawarna
Maweh bebungahing driya
ASTINA.—Rektor Universitas Negeri Sokalima Prof Dr Durna, Dirjen Dikti Prof Dr Krepa, lan Mendikbud Prof Dr Bisma padha angadhep Presiden Duryudana.

KREPA: Ingkang Minulya Bapak Presiden Duryudana, Bapak Mendikbud Prof Dr Bisma ingkang kunurmatan, Bapak Rektor UNS Prof Dr Durna ingkang dipun tresnani, lan para bala Kurawa ingkang kula remeni—sugeng enjang! Ing kasempatan menika kula sedaya sengaja angadhep Bapak Presiden bade ngaturaken wartos wontenipun Perguruan Tinggi Swasta Mandiri, Universitas Bayupitu, ing Kurusetra, ingkang rektoripun Prof Dr Bima Tanayatatwa. PTSM punika dados saingan ingkang sanget awrat kangge PTN Astina. Mekaten boten, Prof?

DURNA: Leres! Malah langkung awrat tinimbang menika, PTSM dados memala marang stabilitas nasional Astina amargi sampun ndadosaken kampus kangge ajang bisnis lan politik praktis.

BISMA: Hmh! Boten etis kampus dados ajang bisnis. Saged pelik upami kampus dados ajang politik.

DURYUDANA: Sebebaya niku, Prof Dur?

SAKUNI: Prof Dur! Prof Dur! Ngelamun! Gaji mundhak tasih nguyung-wuyung, gethirpikir, suntrutcemberut wae. Hehehe… wonten masalah pribadi ya, Prof?

DURNA: Ah, Pak Kun isa-isane. Durna sampun bebersih ati saka kapentingan pribadi utawi famili demi negari. Boten demi gaji! Urip Durna dipun darmabaktiaken demi kemajengan pendidikan. Hasilipun boten sia-sia—Sokalima saged nyethak kopral dugi jendral, ketua RT dugi direktur PT, apadene pejabat, birokrat, teknokrat, lan konglomerat. Nanging, tobat tenan! Menapa prelu PTN elite Astina ancur mundur? No way! Luwih becik PTSM punika ditutup! mBebayani!

KARNA: Nuwun sewu, Pak! Pendidikan menika hak azasi menungsa. Menapa malih, Universitas Bayupitu wontening wewengkon Amarta.

BALADEWA: Heh, Karno! Karno! Aja crewet! Kowe dadi gubernur mergo memo Bapak Pres Dur! Dadi pejabat mergo bojo! Munggah pangkat mergo katebelece morotuwo! Arep kokehan polah! Krrk-cuah! Rak ngerti ajining diri!

SAKUNI: Hehehe… Astina boten ngakeni kedaulatan Amarta. Kapentingan Kurawa langkung utama! Pak Karna kedah mafhum.

DURNA: Nah, hahaha… cocok! Lajeng, awonipun PTSM sampun ngelairaken jenis profesor slebor, lektor door to door, asisten impoten, ilmuwan asongan, amargi pahitpailit sepi duit tebih doku. Lantaran boten wonten malih bonus panitia, uang jaga, lan duit koreksi ujian negari; boten wonten malih duit-oli akreditasi! Nah, hahaha… mekaten nggih, Prof Krepa?

KREPA: Inggih! Sanajan credit point kathah, credit coin bolak-balik butuh.

DURYUDANA: Becik! Tutup Bayupitu! Bubarke! Nek perlu ajurke!

DURNA: Nah, hahaha… acc!

DURYUDANA: Kapten Karto, kontek Angkatan Perang Astina!

KARTAMARMA: Sendika dhawuh!


“Divisi Banjarjumut, Divisi Banyutunalang, Divisi Banakeling, Divisi Ujunglautan, Divisi Awangga, Divisi Mandraka, Divisi Mandura—sigra tumindak!”
“Leksanake!”


Rap sigrap sang Dursasana
Panglima wagyabala Astina!
Kurawa anggempur kampus
Mahasiswa agawe mampus

UNIVERSITAS BAYUPITU, AMARTA.—Rektor Prof Dr Bima Tanayatatwa nimbali Prof Bayu Kanetra pakar pithecoidology, Prof Bayu Maningrat pakar deusoidology, Prof Bayu Pulasia pakar gigantoidology, Prof Bayu Estibanda pakar monsteroidology, Prof Bayu Maruta pakar austroculture, Prof Bayu Baruna pakar oceanoculture, lan Prof Bayu Maenaka pakar neoculture.

BIMA: Para Profesor sing dakurmati! Apa para sedulur kabeh padha kuciwa marang tumindake bala Kurawa?

KANETRA: Temtu! Nanging dianggep dagelan kemawon. Toh saged beladiri.

PULASIA: Huahaha… bener! Gempuran menika boten wonten hartosipun kangge biomacrobot karyarekayasa kula.

ESTIBANDA: Ugi monsterobot samangke saged mbedahbubrah memala menika.

MANINGRAT: Dasar Kurawa! Wayang mbeling kados menika kumawani adol bagus. Nggaya! Khhkcuah!

MARUTA: Prelu diajar, Prof! Ben nyaho!

BARUNA: Bener! Anggite ngelmu kawruh namung wontening Universitas Negeri Sokalima, teknologi namung wontening Universitas Talkanda? Kemakikemlinthi! Gemagusmbagusi!

BIMA: Iyo! Tumindake militer Astina perlu dituntut. Siapke balayuda biomacrobot lan monsterobot kanggo ngajurmumur balamala Astina.

PULASIA: Sendika!

ESTIBANDA: OK!


“Divisi Gigantoid, Divisi Monsteroid, lan Divisi Pithecoid—sigra lumampah!”
“Lakonana!”


Para tamtama padha tumindak
Mawi kekiatan tembaktinumbak

Huru-hara
Gara-gara

TUMARITIS, DESA DADAPAN.—Panakawan padha dagelan.


“Helo, Frens—ahihi… ogut Bagong! Okap kokab? Sip! Rin, Nur—gimokan yudisium? Hebring-hebring so pasti! Ahihi… mane sih ba’ang Petruk? Sokin dong!”
“Hehe… mudik ngurban ya, Gong? Pake mrokem segala! Neko-neko! Biasane nyeluk kang, malah njangkar, saiki ba’ang.”
“Lho kok nepsong?”
“Ora gething! Nganggo basa Jawa sing becik lan bener. Nek arep nganggo basa Inggris ugi sing becik lan bener.”
“Prex! Sok ahli! Sok linguis! Emange ogut wong kursusan. Ngerti aku rak katam es-de arep diwulang. Cuih! Ben salah asal endah. Gawe keselsebel wae!”
“Hehehe… Gong, rak sah melolo, mengko copot lho matamu.”
“Ben!”
“Kowe ngerti, Gong? Sugih teknik kere kritik iku dhudhu seni sing apik. Seratan sugih gaya tanpa idea dhudhu sastra.”
(Duuut!)
“Phuah! Ngentut!”


Yu yus tu bi mai parti dol
Bat now yu sey de parti’s oper


“Gareng meneh sok ngerock, rak faseh wae ndadak ngoceh.”
“Huaha… Yeah! K’yu.”
“Wis—de bokaps kams!”


SEMAR: Mangga padha madosi Pak Bima. Dateng pundi tindakipun, Pak Jun?

ARJUNA: Boten ngertos, Pak Semar.

Panakawan lan Arjuna
Ngambah dalan acala

Raksasabala kagiri-giri
Malasatru sang paraguru

RIMBA PRINGGACALA.—Ing Madyaning wana Jendral Arjuna lan Panakawan padha ngadhepi begalan lan rampogan.


“L-liat, Lung! A-ada m-mangsa, ayo dibom, Gog!”
“Ko’e! Eh, sst! Awas kuwi gajah Pandawa.”
(Jleg!)—“Mandeg!”
“Hmh, kowe sapa?”
“Heh, m-masa k-kon g-gak k-kenal tokoh se-s-sebeken Cakil? A-aja bacut!—(Dor!)—“Aakkhh… m-mati a-ak-u, Gooog!”
“Hah, Cakil ko’it! Bodat! Lanang ayu wani satru. Brokis! Gua caw lu—hiiaatt!”—(Gusrak!) + (Jdak!)—“Aduh! Benjut aku… aduuhh.” + “Awas Bragalba!”—(Dor!)
“Nuuh, Mrangalma ngo’it! Nyangil ngonyor! Ngawat nih—mla’i, Ngoog!”—(Pletak!)—“Anuh! Ngo’it angu!”—(Buzrak!)
“Ahihi… Truk, tumpaskandas kae Buta GPK.”
“Hehehe… culun sih!”


Buta-buta ribut
Kabeh padha mawut

Ing madya wana Arjuna
Kapethuk Prof Durna

DURNA: Nah, hahaha… kabeneran ketemu, Jendral Juna.

ARJUNA: Lho! Prof Dur ajeng teng—?

DURNA: Gawat, Pak Jun! Kula nilar Sokalima amargi wonten kudeta ing Astina. Pres Dur digusur! Kurawa padha kabur!

ARJUNA: Sinten ingkang migawe?

DURNA: Ponggawa gawean—wadyabala biomacrobot lan monsterobot saking Divisi… ah, apa jenenge? Pokoke iku kabeh gaweane Universitas Bayupitu. Tulung, Jendral Juna—selametaken almamater.

ARJUNA: Inggih! Pak Semar—ayo menyang Astina.

SEMAR: Sumangga, Pak! Ayo, le!


“Oke!” + “Yo’e!” + “Asoy!”


Kebat Arjuna
Menyang Astina

Geger Bayupitu
Geser Balakuru

ASTINA.— Arjuna angadhap Prof Dr Bima Tanayatatwa.

ARJUNA: Nuwun sewu, Prof Bima—tumindak kados menika kuwanen sanget lan nunjangmalang kawicaksanan Pandawa. Demi wangsa Pandawa, kula nyuwun kaprajan Kurawa dipun pulihaken.

BIMA: Hmh, OK! Asal Regime Kurawa ora ngerongrong hak otonomi Universitas Bayupitu. Kejabi kuwi, kowe goleki disik Jendral Bratasena sing diculik lan dicemplungke neng tengah laut karo Marinir Astina.

ARJUNA: Hah? Dados, Jendral Bratasena diculik Kurawa! Aduh, pripun, Pak Semar?

SEMAR: Em-em-em, ahahaha… usah kuwatir, Jendral. Tan samar pamoring suksma anuksma, Prof Dr Bima Tanayatatwa punika Jendral Bratasena. Lan Prof Bayu Kanetra menika Prof emiritus Kapiwara saking Universitas Kendalisada, alias Jendral Purnawirawan Anoman.

BIMA: Bener kowe, Mar!

Lan jiwajembar Semar
Maweh obor profesor


Semarang, 8 Nopember 2007 Ki Harsono Siswocarito

No comments: