Wednesday, December 19, 2007

Sang Hyang Mayadewa




Sri tinon ing pasewakan
Busana manekawarna kebak
Puspiteng udiyana miyang
Hanjrah sarwa rukma …

ASTINA.—Para punggawa Kurawa nuju angglarakeun rembagan ageng, kangge mandegani krisis Kurusetra.

DURYUDANA: Dewan sidang ingkang kinurmatan! Krisis Kurusetra sampun dados krisis dunya ingkang kedah dipun pandegani ngangge cara global saderengipun dados Perang Dunya Baratayuda. Kangge kajayaan Kurawa, sidang punika dibuka. Sugeng rawuh katur Jendral Baladewa.

BALADEWA: Iyo, nuwun! Huahahaha… nuwun sewu, kula telat prapta. Maklum—sibuk! Kathah urusan dalem negari. Kanggo ngarataake pembangunan! Huahahaha….

SAKUNI: Hehe… sami! Malah Astina samenika nuju gotongroyong ngajagi katentermaning jagat. Nyegah PD III Baratayuda! Mekaten, Prof?

DURNA: Leres! Nah, pramila Kurawa prelu matrapaken strategi politik mancanegara ingkang jitu! Menang tanpa perang! Nah, hahaha….

DURYUDANA: Tepat, Prof Dur! Minangka mahaguru kebak-elmu canggih-teori sugih-pustaka temtu sampean sagah asok strategi jitu!

DURNA: Nah, hahaha… temtu, temtu! Durna sanes saukur profesor tampang, sanes profesor pangkat, nanging mahapakar sarwa pinter, mahaahli multicanggih!

BALADEWA: Krrk-cuah! Aja dumeh! Buktike, Prof!

DURNA: Sae! Saluyu sareng elmu panemu, dhasar kakiatanipun hankam Amarta punika wontening kamanunggalan Pandawa sareng Panakawan. Menika manunggalipun aparat sareng rakyat! Nah, kanggo gawe ajurmumur kakiatan punika—culik Semar! Sandra! Upami prelu, pateni!

KARNA: Mengka ta, cara kadhos punika ngalanggar hak-hak azasi manungsa. Kula boten saluyu!

SAKUNI: Tenang, Bapa Gubernur Awangga! Kabijakan punika wontening kawasanipun Presiden Duryudana decision-maker.

DURYUDANA: Hmh, saluyu! Pripun, Jendral Baladewa?

BALADEWA: OK!

DURYUDANA: Sae—Brigjen Dursasana, siapke Operasi Panakawan. Sandra Semar!

DURSASANA: Ait! Sendika dhawuh! Huaha… e-e-e, permiyos!

“Katur sedaya wadyabala! Punika daftar perwira ingkang pinilih kangge Operasi
Panakawan: Dursala, Dursata, Durmagati, Durmuka, Durkarma, Durwigata, Duradara, Kartamarma, Kartipeya, Citrayuda, Citra-marma, Citrakandala, Citraksa, Citraksi, Citragada, Drepayuda, Drepawarman, Drepasastra, Dredarata, Ugrasewa,
Drestahasta, Adityaketu, Bimabahu, Dirgarama, Dirgabahu, Dirgalacana…!”
“Hinggih! Hinggih! Hinggih! Hinggih!”

Lampah kebat
Siap ngembat

Waspada Gatotkaca
Perwiratama gegana

TAPAL BATAS, AMARTA.—Pesawat tempur Krincingwesi mabur dhuwur mapak mega jumantara!

“Hmmm… Keparat Kurawa! Adhepi dhisik Angkatan Udara Amarta!"—(Plas! Plas!
Plas!)
“Awas bom! Tiarap!”
(Blar! Blar! Blar!)
“Krrk-cuah! Kapal laknat keparat! Wani njegal pasukan Astina—rasake ki!”—(Dreder-der-der!)
“Break, Divisi Jangkarbumi, Marsekal Gatotkaca butuh bantuan Angkatan Darat Amarta, over!”
“Well, Kolonel Antareja sayagi ngabantu—”
“Kontek Laksamana Antasena!”
“Sendika!”
(Blar! Blar! Blar!)

BALADEWA: Krrk-cuah! Gawat!

KARNA: Dur, Dir, Cit, Karta… mundur! Mundur!

BALADEWA: Krrk-cuah! Pripun, Prof?

DURNA: Abot, tinimbang ajurmumur, sae mundur kemawon. Ganti taktik diplomatik! Kula bade nepungan Gubernur Arjuna teng Madukara.”

DURSASANA: Sae! Ati-ati, Prof!”

DURNA: Sae, permiyos!”

Kebat lumampah Prof Durna
Tumuju menyang Madukara

MADUKARA.—Jendral Arjuna nyambut dongkapipun Prof Durna.

ARJUNA: Sugeng rawuh, Prof.

DURNA: Nuwun! Minangka duta Astina kula tinutus dening Presiden Duryudana kangge ngrembag babagan krisis Kurusetra. Kangge nyegah perang Baratayuda, demi katentremaning jagat, Astina nyuwun Amarta masrahake Semar.

ARJUNA: Kangge menapa, Prof?

DURNA: Bade dipun angkat dhadhos sesepuh Astina! Nah, lamun boten kabotan, sigra aturne Semar menyang Astina.

ARJUNA: Sae! Peteduh rama guru kula laksanake.

DURNA: Nah, hahaha… mangga!

Bumi gonjang
Langit gonjing

GARA-GARA—Taktiklicik konflik politik kobaran genipati. Tumaritis kena wabah sarakah getih epidemi.

Suwe ora jamu, Mas
Jamune godong telo
Suwe ra ketemu Mas
Lho kok malah bodo

“Welah, Gong—kuno! Ra maju-maju! Seni kudhu dhuwe ciri mandiri, kudhu khas,
dhudhu klise!”
“Penting duit—Anjing!”
“Wobat! Kena wabah dokuisme, idealisme seni luntur!”
“Ben—Bangsat!”
“Wis, wis! Ribut wae! Isin kae lho ana sing nonton.”
“Sendika dawuh, Kaka Prabu—”
“Wis—Anjing! Aja ndalang edan ngayawara!”
“Hihi… ben wae, omongan wayang kepenak ki. Nek aku dalang!"
“Ngapa?”
“Arep ngelandhi aran dhadhi Bagong De Vito—hihihi….”
“Busyet! Tak kira apa?”
“Eh, kae ana Jendral Arjuna!”

ARJUNA: Sampurasun!

SEMAR: Rampes, Jendral Arjuna, mangga teng lebet.

ARJUNA: Niwun. Kang Semar, kula nyuwun kasagahan jenengan dhadhos duta katentreman Amarta ing Astina. Saiki sampean kedhah mangkat sareng Prof Durna.

DURNA: Leres, Ki Semar!

SEMAR: Sae, mangga—Le, jaga desa!”

“Beres, Mo!”

Kocap kacarita Prof Durna
Lan Semar menyang Astina

ASTINA.—Wontening kunjara jero lemah Semar dipidana. Sanes dhadhos duta piyambakipun, namung katula-tula tanpa kawasa tanpa daya tanpa upaya.

“Aduh, Gusti! Waleh-waleh menapa noda, dosa, cela, atawa mala ingkan kula pidamel, nganti nglampahi nasib kadhos iki?”

Duka daku dikau daki
Dikau duka daku daki

“Hey, Kurawa! Semar ilang tanpa karana saka kunjara!”
“Krrk-cuah! Bangsat! Sapa sira?”
“Aja kaget, Kurawa! Kula Sang Hyang Mayadewa sing wis mbebasake Ki Semar Badranaya.”
“Dur, Cit, Karta—cekel!”
“Sendika! Sendika! Sendika!”
(Clap!)—“Ciaat!”—(Jder!)—“Ait! Pfuh!”—(Splak! Bugh!)
“Aduh!”
“Krrk-cuah! Keparat! Hiaatt!”— (Zplak! Dez! Bugh!) —“Heughk! Hoeekh ooo…!”
“Tingali kae, Dur! Jendral Baladewa diantemi nganti muntaber!”
“Krrk-cuah! Mlayu, Cit!”
“Oke deh!”

Kurawa keplayon
Kabur katawuran

Sang Hyang Mayadewa
Sigra menyang Amarta

AMARTA.—Jendral Arjuna nyadhong suaka.

YUDISTIRA: Wonten menapa, Jendral Arjuna?

ARJUNA: Cilaka! Kula dilurug mahajaksa ingkang ngaken Sang Hyang Mayadewa.

BIMA: Hmh, Apa sebabe?

ARJUNA: Kula sampun masrahaken Kakang Semar menyang Astina selaku duta katentreman, nanging piyambakipun murca.

KRESNA: O, pantes!

“Heh, Arjuna! Aja sambat keparat! Najan mlayu menyang luwar tata jagat pramudita, sampean ora bakal bisa bebas saka tuntutan Mahajaksa Sang Hyang
Mayadewa!”

ARJUNA: Nyadhong belanipun kula.

KRESNA: Sae, pun kakang sing ngadhepi!

“Babo krrk-cuah! Wong ireng jlitheng, arep apa sira?”

KRESNA: Nuwun sewu, Mahajaksa—Arjuna saged kadakwa, upami wonten bukti kasalahanipun. Nanging Amarta punika negari hukum ingkang mikuldhuwur azas praduga tanpa salah. Nah, mangga dipun rembang ing pangadilan.”

“Aja kakehan kakekane! Arjuna melu-melu nipu tanaga kerja, nyalahgunake jabatan, ngomplot karo Kurawa kanggo njelomprongke Ki Semar Badranaya.”

KRESNA: Sae, kesaksian panjenengan saged dipun jelentrehaken ing pangadilan. Panjenengan saged nuntut Jendral Arjuna! Menapa panjenengan warga Amarta?”

“Iya! Iki KTP ku!”

KRESNA: Eladalah! Kakang Semar?

SEMAR: Leres, Sinuwun! Sang Hyang Mayadewa namung aran samaran!”

KRESNA: O!

SEMAR: Uhahahahah… sampun, nDara Kresna. Kahilafan Jendral Arjuna kula hapunten! Kula bade teras wangsul ka desa Tumaritis. Permiyos!”

KRESNA: Mangga, nderekaken, Kakang Semar!”

Semarang 20 Desember Ki Harsono Siswocarito

No comments: