Sunday, January 13, 2008

Senapati Wanita Ing Kurusetra




Lara-lapa muspra
Nangisi sing ora ana

MARKAS RANDUGUMBALA, AMARTA.--Wadyabala Multinasional Wirata tumpas-tampis ing neraka Kurusetra. Matswapati, Presiden Wirata, gething kepati-pati! Nanging datan daya-upaya, panjenenganipun sampun sepuh. Demi anjagi kawibawan, panjenenganipun sigra tumindak menyang markas. Pandawa nuju medamel rapat-kilat.

DARMAKUSUMA: Para Priyagung Pandawa--kita perlu nyusun strategi lan ngangkat senapati enggal kangge nandingi wadyabala Multimodern Kurawa ingkang dipunpimpin Jendral Bisma. Mekaten, Jendral Kresna?

KRESNA: Inggih! Kadosipun boten wonten ingkang sagah anggempur-ajur Jendral Bisma kejabi Kolonel Srikandi. Kalemahanipun senapati pumika wontening astanipun wanita. Nah, menapa Jendral Arjuna boten kawratan?

ARJUNA: Boten! Nanging menapa boten salah-angkat? Tasih kathah para perwiratama ing Amarta. Menapa milih wanita kangge dados senapati?

KRESNA: Leres, Jendral Arjuna--nanging kita perlu cara sanes. Amarta kalah amargi keliwat angandel-andelake strategi lan teknologi parang. Pramila strategi lan teknologi tempur Jendral Bisma luwih tangguh-ampuh boten wonten kalemahanipun. Namung wonten satunggiling srana kangge madosi kalemahanipun Jendral Bisma inggih menika banjaranipun piyambak, utaminipun ing "Cariyos Dewi Amba". Ing babagan menika wontenipun tragic aspect menungsa Bisma. Lan wanita luwih mumpuni anggenipun nguwasani kakiatan makna-batin cariyos punika.

BIMA: Waaah, ora nalar! Mokal sastra bisa didadike tandingan teori lan strategi perang!

NAKULA: Menapa boten? Upami dipunpenggalih kanthi premati, inspirasi sagen luwih prayogi ketimbang teori utawi strategi.

SADEWA: Menawi! Menapa malih negari Amarta punika anti diskriminasi. Divisi Sawojajar setuju kangge dipunangkatipun senapati wanita.

BIMA: Becik! Divisi Jodipati ugi setuju!

DARMAKUSUMA: Kersanipun kula musyawarah menika saged mufakat-bulat. Amargi tanpa kamufakatan, mokal bisa kalaksanan manunggalipun tindakan. Lan pripun miturut Ki Lurah Semar?
"Sip, Mo. Usulna aku dadi senapati."
"Huh, sok aje lu, Kang!"
"Demi bela-bakti lho, Truk."
"Bela-bakti apa pangkat?"
"Dadi hansip ae rak pokro!"
"Sok pahlawan!"
"Sssh, aja ribut, Le!"
"Ya, Mo!"
SEMAR: Matur nuwun, kula percanten marang kabijakan-kabajikanipun para priyangung. Inggih, monggo kerso kemawon.
"Payah! Rak nywarakna nurani rakyat."
"Sst! Loyalitas, Kang!"
(Zzzz!)
"Eh, swara apa, Truk?"
"Bagong ngorok--"
"Dwasar!"
"Meneng, Le!"
DARMAKUSUMA: Matur nuwun, Ki Lurah. Sae, kadosipun kita sampun mufakat ngangkat Kolonel Srikandi dados senapai. Lan rapat ampun paripurna.
(Tok! Tok! Tok!)

"Excuse me, Sir. Can you tell me about--"
"No! Scat!"
"Op de rekord, Mistuh!"
"Sapa ta, Gong?"
"Isuis-njaba, nyasar!"
"He-he, yo-ah teng ngajeng!"
(Kriiing… klek!)--"Hello, sinten?…
O, Mas Gatot… Iki Sri! Wonten wartos penting?… Oke, Brigade Jane d'Ark Madukara sigra tumindak menyang Kurusetra!… Ya, Merdeka!"--(Klek!)
Mabuk, usah sibuk
Mabuk, usah sibuk
Mabuk, usah sibuk

MARKAS BULUPITU, ASTINA.--Kurawa pesta-andrawina angrayaken kaunggulanipun. Minum-minum nganthi ambruk-mabuk! Ujaripun tyang nem: "Teller!" Mirsani wadyabalanipun boten disiplin kados menika, Jendral Bisma kuciwa-awrat. Kadosipun, kamenangan saged medamel mabuk!
"O ciu kehuripan!"
(Gluk! Gluk!)--"Aahh…."
"Vodka. O dansa Mazurka!"
(Pluf!)--"Minum, Dur! Slamet--" (Ting!)
"O Mbodrooo-mBodro, rene, Cah Ayu… sesuk Arjuna arep takpanggang! S-slira a-arep takwenehi s-suaka… hooeekh!"
CITRAYUDA: Huh! Mabok-kampungan!

DURSASANA: Jegurna got ra wis, ben ngombe comberan!

DURMAGATI: Eh, zangan--kazihan! Kazih racun aza zekaliguz biar mampuz!
"Oh, Rukma, k-kowe m-mati? B-ben ae, k-kowe pahlawan sing paling--"
"Konyol!"
Jendral Bisma medal saking markas. Panjenenganipun boten mentala mirsani kawontenanipun wadyabala Kurawa! Menapa artinipun kamutakhiran strategi lan teknologi perang upami para wadyabala lumpuh-sampyuh mati-disiplin? Murpra!
"Ana apa, Pral?"
"Lapor! Pandawa asok upeti wanita!"
"Lho! Aziiik!"
"Cihuy, yuk ah nyang Kurusetra!"
(Prok! Prok! Prok!)--"Hey Dur, Cit, Karta! Ayo nyang front!"
BISMA: Hah wadyabala Kurawa! Buang botol-botol setan iku! Pandawa nyerbu!

"S-siaaap!"

BISMA: Kapeksa! Bala-mabuk iki kapeksa dakgiring menyang medan perang.

Mabuk-tempur!
Ajur-mumur!

Do not weep
War is kind
"Kula bade nonton perang, Tante."
"Aja, Sanjaya! Dak kena rudal nyasar!"
"Boten, Tante Kunti--wonten kelir Anti Nuklir."
"Ngaco! Rama duka lho!"
"Kersane, yo-ah, Tante."
"Widura! Widura! Anakmu nekat minggat menyang Kurusetra!"
"Kajenge, Mbakyu. Sapa nyana dadi wartawan perang?"
KURUSETRA.--Pinggiran!
"Nonton nang kene ae."
"Iyo-yo!"

Dug-der-dug-der-dug!
Jejiduran swara bedug!
"Hidup Bisma! Hidup Kurawa!"
"Hinup Ngurawa! Wingi angu mengang naruhan nerong-- hinup Muna Nerong!"
"Gong, kepruk-remuk kae botoh Kurawa!"
"Plintheng ae, Truk!"
"Iki watune."
(Cpret!)--"Hinup--(Plethak!)--anuh! Menyut ngunulngu!"
"He-he-he…!"
"Rokok-rokok, premen Menthos, tisu Getsby! Tisu, Lik--anti-hamil?"
"Gak gah!"
"Ese es! Es ana asepe!"
"Koran-koran! Warta panas: KURUSERTA MEMBARA. Tempur konyol ing Kurusetra, ya, koran-koran!"
"Teloor, telor legi!"
(Jreng!)--"Ya, Para Sedulur, sugeng tepang lan idinana ngibur Sedulur sedaya!"--(Jreng!)
"Maaas, paring kula nyuwun, eMaaas!"--(Klotrak!)
(Cplek!)--"Sip! Aku njagoni Pandawa! Apa totohane?"
"Bojoku!"
"Ngapa! Tuwek-elek!"
"Ngece-kere!"
(Tet-treteeet!)
"Ngentut ya, Lik?"
"Terompet tolol!"
"Diancuk! Pindah ah!"
"Weleh-weleh kae barisan cewek--arep perang apa renang?"
"Sst! Tempur nang kasur!"
"Hush! Ngawur!"
Sanalika Brigade Jane d'Ark Madukara saged anjebol-ambrol wadyabala Kurawa. Lan konyolipun, para tamtama-punggawa Kurawa ngadhepi serangan menika persis kados nepangi garwaipun piyambak.
"O, come, Darling!"
"Darling-darling nje--(Dor!)--gundulmu!"
"Eladalah! Teja-teja sulaksana, tejanira wong anyar katon, ing wingking pundi pinoko, ing ngajeng--"
(Dor!)--"Kesuwen!"
"Enteki ae, Jeng! Perang kok nganggo basa-basi kuno!"
SRIKANDI: Bisma, tampanana wanci-pinasti tamat riwayat sira!
"Awal, Jendral!"--(Dor!)

BISMA: Aaakkkhhh!
"Hooorrreee! Bisma gugur!"
"Hidup Panglima Wanita!"



Semarang, 13 Januari 2008
Ki Harsono Siswocarito

Thursday, January 3, 2008

Sang Seta Senapati Amarta




Bumi abrit getih
Langit abrit geni


KURUSETRA--Kobaran! Padhang-kawalagar, padha bom-boman, tembak-tembakan, paten-patenan dados tandha wontening Bharatayudha. Nafas-sekarat lan jerit-mati mrajalela. Neraka Kurusetra boten kenal kompromi. Serem-kejem lir jahanam!

Ing ngajeng, Kolonel Wratsangka kasembadan anggempur mundur pasukan Kurawa. Lajeng piyambake ngibarake gendera Amarta wontening tegal Kurusetra.

ARDAWALIKA: Ora salah maneh, sing ngibarake gendera nang tengah tegal Kurusetra kae pasti si keparat Arjuna. Saiki wis cucukwaktune kanggo mateni si Arjuna marga dendam. Arep dakudani bom atom--modar-ambyar keparat!

"Awas! Pesawat siluman!"
"Bom--tiaraaap!"
(GELEGAR!)
"O, my God!"
"Wratsangka gugur!"

ARDAWALIKA: Hah? Wratsangka? Sial-dangkal! Salah ngebom. Cilaka--aku kudu kebat-minggat ben slamet!

"Tembak-telak! Aduh kaburu jauh!"
"Cepet kontek Kapten Utara!"
"Inggih!"

Wartos tewasipun Kolonel Wratsangka ing garis ngajeng bener-bener ngobar-kewalagar kaprawiranipun Kapten Utara.

UTARA: Biadab! Aku mesti males patine Wratsangka.

Hutang maut ditebus maut
Hutang nyawa bayar nyawa

"Hutang kolonel bayar kopral!"
"Hush! Kui durung lunas-puspas!"

UTARA: Bangsat Kurawa, tampani balesanku.

"Weleh, Kapten Utara ngamuk-punggung!"
"Cepet dibalang granat!"--(Pluk!)
"Busyet, apes, Dur!"

BISMA: Awas, Utara--aja takon dosa! Rasakena senjata laser ganas-panas iki.

(ZOZZZ!)
"Utara gugur! Utara mati! Utara modar!"
"Duh, Gusti! Piye, Truk?"
"Lapor nang markas, Gong!"
"Gawat tuh! Ayo mlayu!"

MARKAS RANDUGUMBALA, AMARTA.--Geger-moer! Wartos tumpas-tampisipun pasukan mancanegara saking Wirata medamel para priyagung Pandawa kecut-ati. Pranyata pasukan Kurawa ingkang dipunkomandani Panglima Jendral Bisma saestu tangguh tur ampuh! Para waskita Amarta rikat ngangkat panglima tandingan. Pilihanipun tumiba dhateng Jendral Seta, mahapakar strategi tempur pamungkas saking Wirata.

YUDISTIRA: Sugeng ngemban tugas, Jendral Seta.

SETA: Siap tumindak!

KRESNA: Marsekal Gatotkaca--kawal jengkaripun Bapak Panglima!

GATOTKACA: Siap tumindak lumampah!

Cepat-kebat pesawat-tempur Krincingwesi mabur ing geganawiyati. Lajeng Panglima Seta mandhap lan majeng menyang medan perang.

FRONT KURUSETRA.--Dongkapipun bantuan pasukan Wirata kaliyan Panglima Seta medamel kukuh-kokohipun kekiatan tempur Amarta. Sawatawis ing sisih Astina dereng dipunpasok pasukan ingkang enggal. Jendral Seta boten medamel kasempatan menika muspra. Kados gampil sanget pasukan Amarta mbedhah-bubrah pasukan Kurawa.

SETA: Hmh, Bisma, aku tandinganmu! Kowe kudu nebus nyawa panglima Wirata sakloron. Iki adhepi Seta, Panglima Pamungkas ti Wirata!

"Gempur-mundur!"

Cepat-minggat
Bisma ngabur
Mundur-tempur

BISMA: Edan! Si Seta setan tenan!

"Mokal mampu awake dhewe nangkis si Seta setan kae!"
"Cepat mlayu ben slamet, Let!"
"Aja nekad, Citraksi!"
"Dur, mundur!"

SETA: Hua-ha-ha… Bisma mundur-kabur! Endi kadigdayanmu, Bisma? Aja sambat kaniaya! Arep minggat nang endi kowe, Bisma?

"Weleh, Bisma mlompat blabar kawat!"
"Sikat granat!"
(BLAAAR!)
"Tumpes-ludes Kurawa!"

SETA: Hmh, ora ana wong Kurawa sing wani mlebu Kurusetra. Medan tempur iki mutlak dadi kakuwasanku.

Suasana terang-tenang
Situasi hening-wening

"Asyik, aku arep ngumpulna rongsokan tank ah."
"Juragan besi-tua ya, Lik?"
"Ist, dudu! Aku ki laskar pemulung."
"Eh, Kang, go apa ta ngurusi barang sisa perang?"
"Ah, lumayan kanggo didaur--(Dor!)--eh!"
"Gawat! Ada penembak gelap!"
"Awas tiarap!"
(Dor!)

SETA: Hmh? Panembak gelap! Saka endi, ya? Aneh--ora katon.

(Dor!)

SETA: Hai pengecut! Metua kowe nek bener-bener satria. Tandingana Seta.

(Dor!)

SETA: E-eh keparat! Si pengecut iku kudu dikerjani. Aku arep pura-pura mati, ben metu saka tempat umpetane.

(Dor!)
"Seta gugur! Seta mampus!"
"Seta modar di-dor petrus!"
"Perang isu, ya?"
"Sst, rahasia!"
"Eh, Pral, pengin ngerti ra? Tapi aja crita-crita. Seta dipetrus Letnan Rukma!"
"Hidup Rukma! Pf, pahlawan Kurawa!"

RUKMA: Ha-ha-ha… iki kula Rukma pahlawane! Satria pilih tanding! Endi koncarane aran si Seta? Cuih--omong-kosong! Ayo tibana kabeh kakuatan tempur Amarta, pasti kugiles-tandhes nganggo invisible-tank iki.

SETA: Hua-ha-ha… dasar gedhe tutuk-umuk! Rukmaa-Rukma, kowe kira aku ora gableg polo kanggo nyiasati kalicikanmu iku? Rasakena senjata buas-ganas iki!

(Leb-Der!)
"Rukma mampus! Rukma mati-konyol!"
"Hidup Panglima Amarta! Hidup Seta!"
"Seta! Seta! Seta!"

BISMA: Heh, Seta, aja keselak bangga dhisik! Kowe pasti kobong-gosong kena senjata laser iki. Rasake, Seta!

(ZOZZZ!)

SETA: Aaakkkhhh!!!

Takdir datan kepungkir
Qadar datan kesingsal

"Seta, o, Seta… Gusti!"
"Seta gugur! Seta gugur!"

BISMA: Ha-ha-ha… Seta, modar akhire kowe. Mokal ana sing mampu tanding-jurit karo aku!

"Horreee… Seta mampus!"
"Mampus! Mampus! Mampus!"
"Hidup Bisma!"
"Bisma! Bisma! Bisma!"

Hakekat semesta kata
Saka ana lan tan ana


Ki Harsono Siswocarito
Semarang, 4 Januari 2008