Saturday, May 14, 2011

Wednesday, May 11, 2011

Tayuban Yuk

Bumi gonjang-ganjing
Langit kelap-kelap katon

KARANG TUMARITIS—Sumangga kita mriksani Panakawan Lurah Semar Badranaya kaliyan para putra Nala Gareng, Petruk, lan Bagong ingkang samangke nanggap tayub jaipongan saking Blora kangge hiburan sadaya warga duniamaya.

SEMAR: Le, mreneo. Ayo padha nonton tayub jaipongan saka mBolra.
BAGONG: Monggo, Mo. Hehe.... rame yo! Truk, ayo njoged.
PETRUK: Ayo. Kanggo ngluwesake awak. Padha pegel ki. Kang Gareng nang endhi, Gong?
CEPOT: Kae neng kono, cedak waranggana.
DEWALA: Waduh kae kang Gareng, jaipongane apik banget.
GARENG: Menengo! Ayo joged!



BAGONG: Huaduuh... capek ki. Joged tayub jaipongan mBlora kaya gelut neng pencak silat.
PETRUK: Anggep wae olah raga, Gong?
SEMAR: Le, ayo padha nemoni kae Bendara Arjuna dumugi.
BAGONG: Monggo, Mo.
GARENG: Ayo digendingi Semarang.

Friday, October 31, 2008

Wayang Citra

video

Bebuka

Indonesia gadhah manekawarna wayang ingkang wontening sejarah pewayangan Indonesia. Wayang watu wontening candi-candi. Wayang beber ginambar wontening gulungan-gulungan kain lan kertas. Wayang suket dolanan cah angon. Wayang kulit dolanan para dhalang Jawi. Wayang golek dolanan para dhalang Sunda. Wayang wong dados dolanan para anak wayang. Lan wonten malih wayang citra.

Media wayang

Wayang wonten sesambunganipun kaliyan medianipun. Media wayang ngalami transformasi paradigmatik wontening tradisi lisan, tulis, lan elektronik. Pangowahan paradigma media punika mujudaken genre wayang. Sesambungan kaliyan media ingkang dipungunaaken, wayang saged dipunklasifikasiaken dados wayang lisan, wayang tulis, lan wayang elektronik. Wayang lisan punika wayang ingkang nggunaaken media lisan. Wayang tulis punika wayang ingkang nggunaaken media tulisan. Wayang elektronik punika wayang ingkang nggunaaken media elektronik.

Wayang lisan

Tradisi lisan ingkang nggunaaken medium basa lisan mujudaken genre wayang lisan. Genre wayang lisan punika wontenging pagelaran-pagelaran. Ki dhalang ambabar lakon-lakonipun mawi cara lisan. Pagelaran wayang dongeng, wayang jemblung, wayang kulit, wayang golek, lan liyanipun punika wujud wayang wontening tradisi lisan.

Wayang tulis

Tradisi tulis ingkang nggunaaken medium basa tulisan mujudaken genre wayang tulis. Genre wayang tulis wontening lontar, kitab, buku, majalah, lan koran. Ki dhalang ambabar lakon-lakonipun mawi cara tulis. Sastra pewayangan punika wujud wayang wontening tradisi tulis.

Wayang elektronik

Media basa elektronik punika media basa sekunder. Tradisi elektronik ingkang nggunaaken paradigma media basa lisan utiwai tulisan mawi cara elektronik mujudaken genre wayang elektronik Wayang elektronik wontening kaset, CD, CD-ROM, VCD, DVD, FD. Ki dhalang ambabar lakon-lakonipun mawi cara elektronik. Wayang audio, wayang video, wayang multimedia, wayang digital lan wayang citra punika wujud wayang wontening tradisi elektronik.

Wayang citra

Wayang citra punika tembung ingkang dipundamel dening Ki Harsono Siswocarito kangge jenengi wayang genre enggal ingkan wontening mediamaya internet. Tembung punika dipunginaaken wontening situs wayang mediamaya ingkang dipunpandegani panjenenganipun piyambak, inggih punika http://wayangcitra.blogspot.com. Tembung "citra" ing Bahasa Indonesia menika padanan ingkang tepat saking tembung "image" ing Bahasa Inggris. Wayang citra saged ugi dipunsebat “wayangmaya”, menika wayang ingkang nggunaaken mediamaya internet. Nanging wayang citra menika genre wayang, lan wayangmaya menika media ingkang dipungunaaken. Genre wayang citra saged dipunklasifikasiaken dados lakonet, wayang digital, wayang visual, wayang audio, wayang video, wayang animasi, lan wayang interaktif.

Lakonet

Lakonet mujudaken tembung gabungan saking "lakon" (crita wayang) lan "net" (Internet). Tembung punika dipundamel dening Ki Harsono Siswocarito kangge jeneng lahiripun genre wayang gagrag enggal ingkang dipunpublikasiaken wontening Internet ing situs http://lakonet.com. Lakon menika genre sastra wayang lampahan kangge pagelaran, lan internet menika mediamaya online ingkang sesambungan mawi cara global. Pramila, lakonet menika lakon ingkang dipunpagelaraken wontening mediamaya internet.

Wayang visual

Wayang visual menika wayang gambar. Gambar wayang menika saged dipundamel mawi cara manual utawi digital ingkang teras dipunpublkasiaken wontening mediamaya internet. Wayang citra visual menika namung saged dipunpriksani mawi cara visual kemawon.

Wayang audio

Wayang audio menika wayang ingkang nggunaaken media audio kados kaset, CD, MP3 ingkang dipunpublikasiaken wontening mediamaya internet. Wayang citra aural menika naming saged dipunpriksani mawi cara aural kemawon.

Wayang video

Wayang video menika wayang ingkang nggunaaken media audio-visual kados VCD, DVD, FD ingkang dipunpublikasiaken wontening mediamaya internet. Wayang audio-visual saged dipunpriksani mawi cara visual lan aural. Wayang audio-visual wontening mediamaya internet salah satunggilipun wontening situs http://youtube.com. Situs punika medamel publikasi wayang video saking pagelaran wayang kulit, wayang golek, lan wayang wong.

Wayang digital

Wayang digital menika wayang ingkang dipundamel mawi cara digital ngangge piranti komputer multimedia. Wayang digital visual dipundamel ngangge teknik seni lukis digital ingkang dipunpublikasiaken wontening mediamaya internet.

Wayang grafik

Wayang grafik utawi komik saged dipundamel mawi cara manual utawi digital. Komik wayang tradisional dipundamel mawi cara manual; lan wayang grafik modern dipundamel mawi cara digital. Wayang grafik dipunpublikasiaken wontening mediamaya internet.

Wayang animasi

Wayang animasi punika wayang ingkang dipundamel mawi cara digital ngangge piranti komputer multimedia ingkang mujudaken citra visual kados gesang. Benten kaliyan wayang digital visual ingkang statis, wayang animasi asifat dinamis. Wayang animasi punika dipunpublikasiaken wontening mediamaya internet. Wayang animasi wontening mediamaya internet kados ing situs http://youtube.com. Situs punika kathah medamel publikasi wayang animasi ingkang adhedhasar saking wayang grafik dinamik, ngangge animasi kalih dimensi.

Wayang interaktif

Wayang interaktif menika wayang ingkang dipundamel mawi cara interaktif antara ki dhalangmaya kaliyan komunitasmayanipun wontening mediamaya internet. Wayang interaktif punika dipundamel ngangge cyberteks ingkang gadhah fasilitas interaktif wontening mediamaya internet. Wayang interaktif menika tasih awujud genre rintisan wontening situs http://wayanggenre.blogspot.com link sambungan saking situs http://wayangcitra.blogspot.com ingkang dipunpandegani dening Ki Harsono Siswocarito.

Pungkasan

wonten transformasi paradigmatik ing sejarah pewayangan. Transformasi punika sesambungan kaliyan media ingkang dipungunaaken wontening tradisi pewayangan ingkang anglimputi tradisi lisan, tradisi tulis, lan tradisi elektronik. Tradisi-tradisi punika mujudaken genre wayang lisan, wayang tulis, lan wayang elektronik. Wayang citra punika genre wayang postmodern gagrak enggal ingkang nggunaaken paradigma media elektronik. Wayang citra ugi saged dipunsebat wayangmaya amargi ngangge mediamaya internet. Wayang citra gadhah genre-genre kados lakonet, wayang visual, wayang audio, wayang video, wayang digital, wayang grafik, wayang animasi, lan wayang interaktif.

Monday, June 23, 2008

Konsep Estetik Lakonet

video

Bubuka

Murwa wonten inggil punika dipuncatet saking situs http://wayangcitra.blogspot.com, satunggil situs wayang wontening duniamaya ingkang dipunasuh dening Ki Harsono Siswocarito, wiwit November 2007. Situs punika anggelaraken genre-genre wayang gagrak enggal, yaiku lakonet, wayang visual, wayang digital, wayang grafis, wayang animasi, kaliyan wayang interaktif. Nanging wontening seratan punika genre ingkang badhe dipunwedar namung lakonet kemawon, utaminipun ingkang magepokan kaliyan konsep estetikanipun.

Maksadipun konsep estetik lakonet wontening judul seratan pinika yaiku gagasan-gagasan babagan kaendahan wontening lakonet. Ewondene maksadipun tegangan antara tradisi kaliyan inovasi yaiku konsep estetik ingkang adhedhasar saking gagasan-gagasan kaendahan tradisional kaliyan gagasan-gagasan kaendahan modern.

Hartosipun Lakonet

Lakonet awujud gabungan saking tembung "lakon" (crita wayang) kaliyan tembung "net" (Internet). Sebatan punika dipundamel dening Ki Harsono Siswocarito kangge jejuluk lahiripun satunggil genre wayang gagrak enggal ingkang dipunpublikasiaken wontening Internet. Lakon awujud genre sastra wayang lampahan kangge pakeliran, kaliyan internet awujud mediamaya online ingkang sinambungan secara global. Dados, lakonet hartosipun lakon ingkang dipunpakeliraken wontening mediamaya internet.

Konsep Estetik Lakonet

Konsep estetik lakonet awujud tegangan antara tradisi kaliyan inovasi. Inggih punika, lakonet adhedhasar saking konsep estetika tradisional kaliyan estetika inovatif. Secara tradisional, konsep estetik lakonet selaku satunggil genre wayang gagrak enggal adhedhasar sastra padalangan. Nanging secara inovatif, konsep estetik lakonet gadhah tegangan kaliyan tradisi punika kangge mujudaken inovasi-inovasi enggal. Tegangan antara tradisi kaliyan inovasi punika dados dhedhasar konsep estetik lakonet.

Sastra Pedhalangan

Sastra pedhalangan awujud rekabasa dalang wontening seni pakeliran wayang. Sastra pedhalangan awujud murwa utawi pelungan (suluk bebuka pedhalangan), nyandra janturan (deskripsi jejer adhegan wiwitan) kaliyan pocapan (narasi adhegan), suluk (puisi pedhalangan), antawacana (dialog wayang), sabetan (basa wiraga wayang), swara (swara, celotehan, kaliyan onomatopi), tembang (lalagon), mantra (puisi magis), kaliyan lakon (crita wayang).

A. Murwa

Murwa awujud suluk bebuka wontening pakelirran wayang. Pedhalangan Jawa Timur ngangge jeneng pelungan; pedhalangan Jawa Tengah ngangge jeneng ilahengan; kaliyan pedhalangan Jawa Barat ngangge jeneng murwa. Ing andhap punika conto murwa cekak saking pedhalangan Jawa Barat.

Kembang sungsang binang kunang

Cahaya nira kadya gilang gumilang

Murwa panjang ing andhap punika saking pedhalangan Jawa Timur.

Sun miwiti andhalang
Wayang ingsun minangka bambang paesan,
Kelire jagad dumadi,
Larapan naga pepasehan,
Pracik tapeling jagad gumelar,
Yana
drojog sangga bawana.
Ligan rajeg wesi, blencong kencana,
Urube luber kadya Hyang Bathara Surya.
Kothaking wayang kayu cendhana sari,
Tutuping dhuwur kadya kusuma,
Kepyake gelap angampar.

Wontening lakonet Ki Harsono Siswocarito, murwa ingkang aslinipun saking sastra pedhalangan dipunmodifikasi dados bentuk enggal. Ing andhap punika conto-conto murwa wontening lakonet-lakonetipun.

Langit kelir tabir Gusti
Tabire ya wong ngawayang
Wayang manut maring dalang
Dalange murba ing wayang
Kelire ayon sabita Gusti

Kaliyan

Kembang sungsang cahya kunang
Kadia soca lintang gilang gumilang
Tembang hyang pangreka dalang
Dadia piwulang wong ngawayang

Kaliyan ugi

Dene utamaning nata
Berbudi bawa laksana
Dene utamaning praja
Adilmakmur paramarta

B. Nyandra


Nyandra awujud deskripsi adhegan ingkang ngangge basa prosa (gancaran) wintening pakeliran wayang. Wonten kalih jenis nyandra: janturan kaliyan pocapan. Janturan awujud deskripsi adhegan ingkang dipuniringi gamelan; kaliyan pocapan awujud narasi adhegan tanpa iringan gamelan. Adhedhasar saking pedhalangan Jawa Barat, Ki Harsono Siswocarito amodifikasi janturan ingkang dipuncatet saking lakon Jaya Renyuan garapan ki dhalang Dede Amung Sutarya.

Suh rep data pitana! anenggih wau kocapa negara ing pundi ingkang kaeka adi dasa nama purwa, eka sawiji adi linuwih dasa sapuluh nama iku panjenengan purwa nami wiwitan. Sandyan katah titahing dewa kasongan ing akasa, sinangga ing pertiwi, kaideng ing samudra, tebih ing parang muka, dasar negara Dwarawati silokane jero tancebe, jembar laladane, gede obore, duwur kukuse, padang jagate, adoh kakoncarane. Sigeg ingkang murweng kawi paparab kang dadi nalendra, inggih kang ngarenggani pura, jejeneng Sri Maha Batara Kresna ya Prabu Jenggalamanik, Prabu Harimurti, Prabu Padmanaba, Prabu Basudewaputra, saweg dipunadep dening ingkang rayi Arya Setiyaki lan ingkang raka Patih Udawa. Sreg tumeluk kaya kuncim pertala mukanipun sarta kadiya tata malih krama paningalipun Padmanegara lan Udawa saking ajrih dateng pangkonan. Samya prapta ngabiyantara, jajar denira pinara.

Nyandra wontening lakonet dipunmodifikasi dados bentuk ingkang cekak sapertos conto ing andhap punika.

MERCUKUNDA, SURALAYA.—Maharaja Tribuwana Sang Hyang Otipati Pramesti Guru Jagatgirinata ya Sang Hyang Manikmaya maharaja diraja jagat pramudita lingih ing singgasana Dampar Kencana lemek babut permadani sutra rerenda permata tinaretes ing sosoca dipunadhep dening para dewa pemuka triloka samiya padha jajar denira pinara.

Kaliyan ing andhap punika satunggil conto ingkang luwih cekak malih.

ASTINA.—Para Kurawa nuju imbal wacana sareng Jendral Baladewa, Presiden Mandura, ngarembag masalah musibah negara.

2. Conto Pocapan

Pocapan awujud nyandra tanpa iringan gamelan kangge nyariosaken kahanan wontening adhegan. Ing andhap punika satunggil conto pocapan wontening lakon Jaya Renyuan garapan ki dhalang Dede Amung Sutarya.

Padmanegara nyandak dua hulusapu bade dicipta ku Kresna. Atuh Kresna rep sidakep ana sinuku tunggal babakane caturdriya--catur papat, driya angen-angen, sir budi cipta kalawan rasa. Pangambung teu diangge ngangse; soca teu diangge ningal; cepil teu diangge ngarungu; baham teu diangge ngucap lir ibarat anu paeh ngadeg, nanging bentena pedah ngangge ambegan.

Wontening lakonet, pocapan ugi dipunmodifikasi dados bentuk ingkang cekak awujud baris-baris puisi. Ing andhap punika conto-contonipun.

Siapsiaga para dewa
Basmi mala Triloka!

Kaliyan ing andhap punika conto pocapan ingkang puitis.

Berang! Garang!
Buta menyerang!

C. Suluk

Suluk awujud citra ingkang dipuntembangaken dening ki dhalang wontening pakeliran wayang. Ing andhap punika conto suluk saking pedhalangan Jawa Barat.

Conto 1

Saur nira tandana panjang
Sinenggih sabda ya uninga lawan
Sabda ya uninga lawan
Sauri nira tandana panjang sinengih
Sabda uninga wis
mama
Ulun layu dening sekti ala bakti dening asih
Ya ding asih
Wong asih ora katara

Conto 2

Betet ijo Kepodang ulese kuning
Abang manuke wulung kadya wowor
Sandang rawit puter gemeke ya lurik-lurik
Dadanira kinuwungan ya kinuwungan
Kadya bocah ngangge kakalung
Ningsor waringin wulung

Conto 3

Sri tinon ing pasewakan
Busana manekawarna
Murub mubyar cahayanira
Kadya kunang-kunangan
Sri tinon ing pasewakan
Busana manekawarna
Murub mubyar socanira
Kadya parada tinabur
Kadya kunang-kunangan
Sekar wijaya kusuma lawan

Wontening lakonet, suluk dipunmodifikasi dados sajak couplet. Ing andhap punika conto suluk saking lakonet Ki Harsono Siswocarito.

Siaptegap sang Dursasana
Panglima pasukan Astina!

Kurawa menyerbu kampus
Mahasiswa bikin mampus

D. Antawacana

Antawacana awujud dialog antartokoh wayang. Ewondene antawacana antara tokoh wayang kaliyan nayaga, wirasuara, utawi waranggana dipunsebat dialog samping (aside). Antawacana biasanipun dipunbabar sasampunipun pocapan. Ing andhap punika conto dialog saking lakon Jaya Renyuan garapan ki dhalang Dede Amung Sutarya.

KRESNA: Eladalah, Yayi, Yayi Setiaki.

SETIAKI: Kaula nun.

KRESNA: Kakang Patih Udawa.

UDAWA: Lo, lo, lo, Hahahah… pun kakang Patih Udawa.

KRESNA: Marajeng ka payun calikna.

SETIAKI: Ti payun anu kapihatur pun rayi nyanggakeun sembah pangabakti mugiya ditampi.

KRESNA: Sembah Rayi ditampi kudua panangan kiwa kalawan tengen, disimpen di luhur dina embun-embunan, di handap dina pang-konan, dicatet dina tungtung emutan anu teu keuna kuowah gingsir.

SETIAKI: Ngahaturkeun nuhun. Kalih perkawisna—

KRESNA: Kumaha, Yayi?

SETIAKI: Bilih aya kalepatan ageng sumawanten alit, agung cukup lumur, neda jembar hapunten anu diteda.

KRESNA: Perkawis kalepatan sok bujeng ku aya basana menta dihampura, sanaos teu aya basana akang parantos jadi lautan hampura kana kalepatan sampean, Yayi.

SETIAKI: Ngahaturkeun nuhun.

Ing andhap punika conto antawacana wontening lakonet.

BIMA: Para Profesor sing dakurmati! Apa para sedulur kabeh padha kuciwa marang tumindake bala Kurawa?

KANETRA: Temtu! Nanging dianggep dagelan kemawon. Toh saged beladiri.

PULASIA: Huahaha… bener! Gempuran menika boten wonten hartosipun kangge biomacrobot karyarekayasa kula.

ESTIBANDA: Ugi monsterobot samangke saged mbedahbubrah memala menika.

MANINGRAT: Dasar Kurawa! Wayang mbeling kados menika kumawani adol bagus. Nggaya! Khhkcuah!

MARUTA: Prelu diajar, Prof! Ben nyaho!

BARUNA: Bener! Anggite ngelmu kawruh namung wontening Universitas Negeri Soka-lima, teknologi namung wontening Universitas Talkanda? Kemaki-kemlinthi! Gemagus mbagusi!

BIMA: Iyo! Tumindake militer Astina perlu dituntut. Siapke balayuda biomacrobot lan monsterobot kanggo ngajurmumur balamala Astina.

PULASIA: Sendika!

ESTIBANDA: OK!

E. Sabetan


Sabetan awujud wiraga wayang sapertos tarian, lakuan, kaliyan lagaan. Tarian yaiku wiraga wayang ingkang dipuniringi tembang kaliyan gamelan. Lakuan yaiku wiraga wayang ingkan dipuniringi kecrek utawi kendhang kemawon. Ewondene lagaan yaiku wiraga wayang wontening pabaratan ingkang dipun iringi gamelan utawi kecrek kaliyan kendhang. Wontening lakonet, sabetan dipungarap ngangge adhegan action.

RIMBAMALA.—Mintaraga aduyuda sareng bala Manimantaka.

“M-mandeg! S-sapa s-sira?”

“Truk, sikat yu!”

“Siplah!”—(Duk! Bugh!) Ambruktakluk (Blug! Gludug!)—“Iki rasakna! Hih!”—(Jplak! Gdubrak!)—“Aaawww!”

“Bah! Keparat! Kaladurga, Kaladurjana, Kaladuraksa, Kaladurmala, Kalastuwila, Kala-daksa, Kaladarba, Kalagarba, Kaladuskerta, Kaladusta, Kaladursila—majuserbu!”

“Reng, embat granat!” + “Okelah!”—(Plas!)

(BLAARR!)

F. Swara


Swara awujud mbengokan, jeritan, aduhan, tobatan, utawi swara tiron ingkang dipunsebat onomatopia. Swara awujud palengkap sabetan lagaan. Ing andhap punika conto swara saking lakonet Ki Harsono Siswocarito.

“E-e-babo-babo… Gog—ana p-pangalasan Pring-gadingacala. S-sapa, Gog?

“Sst! Jendral Arjuna!”

“E-e-babo-babo… s-serbu!”—(Clap!)—“C-ciaat!”—(Dez! Zplak! Deb! Bugh!)—“Hugk-khoeekh uhuooo… m-mati a-aku, Gog!”—(Bruk!)

“Cakil mati, Lung!”

“Ben ae, Gog!”

“Grr-babo-babo, keparat! Adhapi aku Dityakala Badaisegara! Heh, konco-konco: Pragalba, Rambut Geni, Padas Gempal, Jurangrawah, Buta Ijo, Buta Terong, Buta Endog—ayo keroyok si perwira keparat iki!”

“C’mon!” + “OK!” + “Move!”

“Siji, loro, telu! Ciat! Ciat! Ciiaatt!”—(Blaarr!)—“Aduh! Ahk! Khk! Klk!”—(Blug! Blug! Blug!)

“Zuilah! Mampuz zedaya!” “Benal! Mlayu, Mas!”

(Jleg!)—“Mandheg!”

“Zapa kon? O yez! Kenalin—aku Mr George! Yez, Mr Joz!”

“Busyet! Lumayan keren juga ki Buto—nganggo nama beken segala! Kowe kalah, Reng.”

“Em… kowe sapa, Pelo?”

“Mistel Gabliel! Ayo minggat ah! Usah ngulusin cah ola kaluan!”—(Bugh! Bugh!)—“Adow! Main pelmak lagi! Blantem-blantem, tapi spoltif! Ngawul ngoe!”

(Dor-dor!)—“Beres, Gong!”

G. Tembang


Tembang awujud lelagon ingkang dipuntembangaken dening waranggana, wiraswara, utawi dhalang. Tembang wiwitan pakeliran wayang dipuntembangaken dening waranggana. Tembang iringan pakeliran wayang dipuntembangaken dening waranggana kaliyan wiraswara. Tembang wontening adhegan Limbukan kaliyan Gara-gara dipuntembangaken dening dhalang ingkang sesarengan kaliyan waranggana utawi bintang tamu. Ing andhap punika conto tembang bebuka wontening pedhalangan Jawa Barat.

Sampurasun dulur-dulur
Nu aya di pilemburan
Wilujeng patepang dangu
Ti abdi saparakanca
Ti abdi saparakanca
Gamelan Munggul Pawenang
Nyanggakeun hiburanana, Juragan
La mugiya janten panglipur
Pangbeberah duh kana manah

Tembang ing andhap punika dipuntembangaken dening si Cepot wontening lakon Jaya Renyuan anggitanipun ki dhalang Dede Amung Sutarya.

"Lagu Nu Ngusep"

Barung herang liar mijah
Clom kiriwil ari anclom ngagiriwil
Mawa epan rupa-rupa
Clom kurunyud lamun anclom sok ngurunyud
Plung kecemplung plung kecemplung
Empan teuleum kukumbul ambul-ambulan
Kenur manteng jeujeur jeceng
Leungeun lempeng panon mah naksir nu mandi
Kop tah lauk mere dahareun
Mangga mangga mangga geura tuang
Geura raos ditanggung deudeuieun
Mangga mangga ulah isin-isin
Empan cangkilu ungkul dilangkung
Empan papatong kalah dipelong
Ku epan colek kalah ngadelek
Lekcom lekcom panon belek nyambel oncom

Ing lakonet Ki Harsono Siswocarito wonten tembang ingkang dipuntemangaken dening Panakawan saking tembang Asmarandana Sunda.

Gandasari buah ati
Pujaan urang sadaya
Buku pinuh kupapaes
Alus jadi patamanan

Ugi wonten tembang ingkang dipunmodifikasi saking kalih baris lirik lagu Rolling Stones.

Yu yus tu bi mai parti dol
Bat now yu sey de parti’s oper

Lirik aslinipun yaiku:

You used to be my party doll
But now you say the party's over

H. Mantra


Mantra utawi sastra mantra pedhalangan wonten kalih kategori. satunggalipuni, mantra ingkang awujud doa ki dhalang wontening pakeliran wayang. Kalihipun, mantra ingkang awujud rapalan tokoh wayang kangge medalken kasaktenipun.


Contonipun mantra bebuka pakeliran saking Mpu Tan Akung:

Ingsun Angidhepa Sang Hyang Guru Reka,

Kamatantra: swaranku manikastagina.

Contonipun rapalan mantra penyirepan dening tokoh wayang Indrajit:

Rep sirep si Megananda

Wong sarewu padha tumut

Salaksa wong serah nyawa

I. Lakon


Lakon wontening lakonet asalipun saking crita-crita wayang ingkang saged dipunklasifikasiaken dados crita pakem, carangan, gubahan, kaliyan sempalan. Crita pakem asalipun saking Mahabarata, Ramayana, Serat Paramayoga, Serat Pustaka Rajapurwa, Serat Purwakandha, kaliyan sanesipun. Crita carangan awujud versi crita pakem ingkang sampun dipunmodifikasi dening ki dhalang. Crita gubahan awujud versi crita ingkang dipunadaptasi. Crita sempalan awujud crita wayang kreasi enggal.


Unsur tambihan


Kejabi unsur-unsur sastra pedhalangan ing inggil punika, lakonet gadhah unsur-unsur dukungan ingkang awujud citra, hiperteks, sareng cyberteks.


Citra awujud gambar ingkang dipunangge ilustrasi selaku unsur tambihan lakonet. Citra kangge ilustrasi lakonet ngangge wayang digital, yaiku gambar wayang ingkang dipundamel ngangge teknik seni lukis digital. Adhedhasar saking konsep estetika layarmaya, wayang digital dipundamel wewalikan saking wayang cetak. Layarmaya ngangge latar ireng, kosokwalikipun wayang cetak ngangge latar putih. Pramila wayang digital wontening lakonet awujud bayangan putih wontening latar ireng. Punika benten kaliyan wayang cetak ingkang anggambarken wewayangan ireng wontening latar putih. Ewosemana bayangan ireng wontening pakeliran wayang kulit ingkang gangge kelir putih.


Hiperteks wontening lakonet awujud link internal kaliyan link eksternal. Wontenipun link punika mbentenaken teks kaliyan hiperteks. Hipertekstualisasi awujud proses mediamorfosis saking teks tulis dados hiperteks elektronik.


Cyberteks wontening lakonet awijud wahana interaktif antara hipertekstualisasi ingkang dipundamel dening ki dhalangmaya kaliyan komunitasmaya ing duniamaya. Interaktivitas punika maringaken peluang dumateng sedaya netizen wontening komunitasmaya kangge medamel interaksi secara aktif.


Simpulan


Sastra pedhalangan gadhah anekaragam gaya. Punika mujudaken wontenipun pluralitas gaya wontening tradisi pedhalangan Indonesia, sapertos pedhalangan gaya Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Timur, Bali, Lombok, Banjar, kaliyan sanesipun.

Ngangge nerapaken konsep estetik ingkang awujud tegangan antara tradisi kaliyan inovasi punika lakonet dados satunggil genre wayang posmodern ingkang ngangge internet selaku media pakeliran kaliyan publikasinipun.

Semarang, 22 Juni 2008

Referensi

Harghana SW, Bondhan. 2003. Janturan Jangkep Wayang Purwo. Sukoharjo-Surakarta: Cendrawasih.

Haryanto, s. 1992. Bayang-bayang Adhiluhung. Semarang: Dahara Prize.

Sukatno, Anom. 1993. Janturan lan Pocapan Ringgit Purwo. Sukoharjo-Surakarta: Cendrawasih.

Sutarya, Dede Amung. 1977. Jaya Renyuan. Indonesia: Gita Record Metropolitan.

Timoer, Soenarto.1988. Serat Wewaton Padhalangan Jawi Wetanan II. Jakarta: Balai Pustaka.

Friday, March 21, 2008

Dawala Pelopor Pendidikan Massa




Pepedhut wiwit siningkab!
Srengenge melotot tajem
Ningali sedaya ingkang obah!

DESA TUMARITIS.--Kyai Semar Badranaya, ya Ki Lurah Kudapawana katon linggih menggalih: masyarakat sampun robih! Desa Tumaritis sigra lumampah marang kahuripan ingkang dinamis. Benten kaliyan padusunan jaman mbiyen, desa-desa ingkang kajiret wontening statisme sistem tradisi. Tumaritis mobah-mosik kebak polah.

Sinarengan murcanipun Kyai Petruk, dongkap Begawan Dawala ingkang super-mbeling medamel goro-goro. Benten kaliyan Kyai Petruk wontening goro-goro ingkang kebak banyol-konyol, Begawan Dawala medamel goro-goro ngangge nancepaken kahuripan ingkang B3W (bebas tiga wuta). Hasilipun masyarakat Amarta dados padha pinter sareng padha kadidik tanpa ngimpor mahasiswa KKN kaliyan DPL gombalipun saking Universitas Sokalima. Sanaos mekaten, masyarakat ingkang padha pinter-nyakola punika boten bebas saking masalah ingkang denadhepi. Malah dados ngawontenaken pageblug enggal ingkang enggal-enggal dados pageblug. Samangke ingkang padha sekolah sampun dados "polusi" lan dados penyakit epidemi intellectual deficiency! Polusi enggal wontening masyarakat modern ingkang langsung dados pageblug super negatif kangge kahuripanipun para titah.

Polusi kaliyan epidemi punika pranyata sanes akibat cerobong kukus lan sampah industri baja, pupuk, utawi menapa kemawon ingkang saged dados rereged lingkungan; nanging, akibat sampah industri pendidikan punika piyambak, ingkang dipunakeni utawi mboten dados lelethek! Kados mekaten miturut Begawan Dawala. Sinarengan rasa-risi panjenenganipun mratelaaken industri pendidikan: miturut panjenenganipun, boten wonten kasaimbangan ingkang harmonis antawis mesin-mesin wontening sedaya undakanipun; akibatipun produk-produkipun boten wonten ingkang tepat guna. Dados, boten wonten produk ingkang siap pake! Pramila industri pendidikan dados boros! Ibarat pari sakton, ingkang dados beras namung sakilo, sareng akhiripun namung dados sega sakepel. Sanesipun dados sampah produksi industri pendidikan punika piyambak! Upami sampah menika boten cepet-cepet dipunurusi, akhiripun dados polusi, sareng dados bibit pageblug intellectual deficiency. Luwih mbebayani tinimbang pageblug sampar a la La peste Albert Camus. Begawan Dawala mesem-mafhum.

Leres upami industri pendidikan sampun saged nyiptaaken selera intelektual. Sistem mekanismenipun meksa wontenipun pengolahan produksi ingkang sinambungan. Sareng ironisipun, medal saking sistem punika hartosipun nggancaraken polusi; sareng malih upami liren hartosipun deficiency dadakan; padahal upami terus nerasaken malah dados kronis! En vano ni hablar de eso--ujaripun Begawan Dawala ngangge basa Don Juan.

Ngangge paningal ingkang tajem tur jero Begawan Dawala nonton pepinton masyarakat. Sedaya upaya kangge ngandeg polusi kaliyan epidemi punika sampun katah dipidamel, sanaos namung saukur rame-rame. Tiyang-tiyang ingkang formal cepet-cepet nginggilaken "wangunan industri pendidikanipun". Tiyang-tiyang ingkang non-formal sibuk masaraken mesin pendidikan ingkang portable. Ing lingkungan informal piyambak padha sibuk madosi obatipun.

Miturut Begawan Dawala, tiyang-tiyang punika sampun klentu anggenipun medamel diagnosa; lan akibatipun sampun nyuntikaken obat ingkang klentu. Mala-praktek pendidikan ingkang boten saged sininglar! Polusi namung dibuwang marang tempat liyan, lan intellectual deficiency namung dipunusadhani ngangge intellectual fallacy! Medeni sanget.

Selaku warga negara Amarta ingkang sae, Begawan Dawala boten anteng-meneng kemawon. Panjenenganipun penonton ingkang penuntun! Pramila panjenenganipun sigra sowan dateng Kyai Semar.

Wontening griyanipun ingkang sederhana, Kyai Semar gugah mangadheg saking lenggah-penggalihipun. Piyambakipun nyaketi Gareng lan Bagong.

SEMAR: Le, kowe kuwi padha ora ngerti si Petruk menyang endi lungane?

GARENG: Mboten, Mo!

BAGONG: Nah--mula… bocah njaluk sekolah ora dituruti. Kang Petruk nekad minggat!

SEMAR: Lha kok nyalahke aku! Deene ae sing ora isa dinasehati. Aja meksa mlebu paguron inggil, apa maneh sing asal ngadheg.

BAGONG: Tapi, Mo, saiki jamane wong sekolah. Mosok Romo tega nelantarake para putra ketinggalan jaman. Coba tingali Kang Gareng sing buta huruf, ana KMD--koran mlebet desa--denen mung isa ndelok gambare thok. Lulus B3W ae nembe wingi sore. Mesakke!

GARENG: Ngece-kere!

BAGONG: Dudu ngece bin ngenyek, iku kenyataan! Wong liya sibuk nyalon kades lan nggoleki gawean sing mbonapide en kualipeot, Kang Gareng nyang endi-endi gawa pacul--kerja baaakti wae!

GARENG: Lha wong aku iki abdi-negeri sing apik jee.

BAGONG: Iyak nek keridane bener lan pener, wong Kang Gareng mung nggoleki panganane thok.

Tanpa ampun malih Gareng ngayunaken jotosan. Bagong ngaduh-aduh kelaran.

SEMAR: Hehehe… malah ribut-gelut! Kerja bakti iku penting. Awake dhewe wong cilik sing isane mung macul ya keridane nganggo pacul. Rama wae sing pak lurah ora mung nitah-mrentah thok. Turun-tangan iku perlu! Apa dumeh pemimpin, gaweane mung iki-iku thokl! Ya --ora!

GARENG: Nah! Bener, Mo!

SEMAR: Kana goleki si Petruk!

BAGONG: Turun-tangan, Mooo!

Semar mesem.

GARENG: Wah--ora sanggup, Mo. Menyang endi nggolekine? Menyang gunung wedi linglung, menyang kota wedi nyasar!

BAGONG: Kampungan banget sih! Nek aku ketimbang goleki Kang Petruk sing ora jelas dununge, mending golek duit! PTS lagi panen gede. Aku isa melu panen.

GARENG: Ora bakal becus! Iku musim panene para cendekiawan. Kowe es-em-a wae ora tamat-tamat.

BAGONG: Kleru! Sing duwe panen memang cendekiawan, sing dipanen saku mahasiswa, sing kelabakan kena ani-ani ya wongtuane! Lan sing nggali pondasi kanggo kampus mewah nanging miring kuwi, ya, awake dhewe iki.

GARENG: Weee wis akeh mesin. Apa isa kowe saingan karo mesin?

BAGONG: Ya kepeksa menungsa produk abad teknologi kudu wani saingan karo mesin. Teknologi ora mung nggawe robot, nanging ugi ngrobotake menungsa. Semangkin dadi robot, menungsa semangkin kanggo neng ngalam teknologi. Ketimbang tangan-kosong otak-kopong! Iya--ora?

Kalasemana Begawan Dawala mlebet menyang lawang pintu.

DAWALA: Sampurasun.

SEMAR: Rampes! O, Ki Dawala, Mangga mlebet.

DAWALA: Matur nuwun, Kyai. Mekaten, Kyai, kula tumut prihatin ningali gejala enggal ingkang dados rubeda marang masyarakat kula sedaya. Sasampunipun masyarakat bebas saking lelara tiga wuta; samangke muncul polusi pelajar kaliyan pageblug intellectual deficiency. Ngadhepi kahanan kados menika, menapa ingkang kedah dipundamel, Kyai?

Kyai Semar kaget-melet. Ngadhepi reribet kados mekaten, piyambakipun boten saged tumindak sanes kejabi mulih-pulih marang jati-dirinipun.

SEMAR: Menika memang risikonipun. Kula sedaya boten saged nyalahaken sinten-sinten. Industri pendidikan mlampah terus boten saged dipunlireni. Satunggil-satunggilipun margi kangge nylametaken industri menika namung kados pundi cara nyetiripun. Bade dipunsetiraken dateng pundi industri pendidikan menika?

DAWALA: Justru menika ingkang nyamari, Kyai. Tripusat pendidikan gonjang-ganjing lantaran kana-kene njomplang. Prof Dr Arjuna, Mendiknas Amarta, kwalahan nggulawentah industri pendidikan formalipun. Gedung industri menika memang selangit inggilipun, nanging mutunipun namung saktumit; canggih ing menara-gading, nanging loyo wontening lapangan; tur kasenjangan ugi sangsaya dados jurang grawah. Produk industri pendidikan sangsaya tebih saking selera pasar. Biaya produksi luwih ageng ketimbang harga jual produk-produkipun, ingkang bonten arang dados muspra. Akhirpun industri menika dados konsumtif sanget marang bahan mentah ingkang saukur kangge medamel kamubadiran!

Gareng kaliyan Bagong meneng-njenggureng boten mudeng.

SEMAR: Lajeng maksadipun Ki Begawan kados pundi?

DAWALA: Prelu ngawontenaken deformasi!

Kyai Semar kagyat anjulat awyat. Begawan ingkang satungil punika memang multi-radikal!

SEMAR: Kula mafhum--Ki Begawan mboten namung waton ngomong, nanging ampun nglawan sistem!

DAWALA: Deformasi sanes nglawan sistem. Deformasi ngawujudaken paradigma enggal. Sampun wancinipun Amarta mbangun pendidikan massa. Dinamika sosial sampun mujudaken masyarakat massa ingkang sangsaya mengkuhkukuhaken budaya-massa. Wontening kahanan kados mekaten saged luwih kebat malih tuwuh-kembangipun informasi-massa. Wontening pendidikan massa, peranan informasi-massa menika mutlak sanget dados mahaguru-massa.

BAGONG (misik): Ngerti ora, Kang?

GARENG: Mbuh!

SEMAR: Menapa menika saged dipunlaksanaaken?

DAWALA: Temtu! Namung ngantosi dongkapipun mahaguru-massa, ingkang saged maringi wewarah kahebatanipun informasi-massa. Kangge ngawujudaken babagan menika media-massa ugi mokal bakal kalis saking deformasi! Sangsaya kultural edukatif punika, sangsaya kapercanten dados latinipun mahaguru-massa. Satunggil wanci ingkang mustari deformasi informasi bakal ngowah-mobah-mosiking jagat!

GARENG: Kados revolusi nggih?

DAWALA: Deformasi sanes revolusi! Revolusi kados menapa kemawon namung dados kepalsuan ingkang apus-apusan. Revolution is just a mere culture of human-pigs! Revolusi namung omong-kosong!

"O!"
SEMAR: Emm!--Lajeng kados pundi ubarampe kangge mujudaken pendidikan-massa menika?

DAWALA: Wiwitanipun, ngawontenaken deformasi informasi-massa kangge mbangun BSIM--badan sensor informasi-massa. Ireng-putihipun pendidikan-massa gumantung marang kecanggihan BSIM. Lajeng, prelu mbangun BPIM--badan pemandu informasi-massa. Wontening badan punika lalu-lintas informasi dipunatur mekanismenipun; supados haluan pendidikan-massa saged dipunarahaken gegandengan kaliyan tujuanipun. Nah!--namung ngangge pendidikan-massa ingkang kados mekaten polusi pelajar kaliyan sedaya reribedipun, sareng pageblug intellectual deficiency saged dipungulawentah. Ewosemanten, punika saged mujudaken eksistensi budaya-massa ing jaman wasana.

SEMAR: Inggih gumantung kados pundi praktekipun. Praktek punika mboten sesederhana teori? Asring "teori agung" robih dados "keji" wontening praktekipun. Sejarah sampun katah nyateti kahanan kados mekaten. Kaliyan temtu Ki Begawan piyambak sampun mafhum dumateng prekawis menika. Kados pundi jagat diobonggosong karo Wong Konyol Uber Alles, mangyuta-yuta menungsa dipunpejahi kangge dolanan human-pig, lan menungsa alon nanging pasti dipunadhepaken dateng The World Lost.

DAWALA: Leres, Kyai. Deformasi menika ingkang mibandha kekiatan maha-dahsyat kangge nggayuh The World Regain. Pendidikan-massa bakal mbuktosaken yen elmu menika mboten wontening kamewah-megahan gedong ingkang wonten menara-gadingipun, nanging wontening pangawasanipun informasi! Pramila marginipun pendidikan-massa majengaken sanget dumateng deformasi informasi. Tanpa deformasi informasi, pendidikan mokal eksis!

Bagong bingung-linglung. Gareng ngorok.

SEMAR: Kula setuju! Pendidikan-massa luwih mihak dateng kapentingan umum; sanes kangge mbangun sikap intelektual ingkang sok elit. Pranyata satunggiling cita-mulia! Mugi-mugi temahan bakal lahir cendekiawan-massa. Lan kersna utawi mboten kersa, elit-intelektual bakal kagusur waktu kacandak jaman. Perkawis punika bakal kadadosan piyambak; sanes lantaran kapeksa kados kagusuripun kaum marginal ing daerah slums. Pelajar marginal ugi boten prelu dados polusi. Malah, Ekalaya, Socrates, Ivan Illich, kaliyan ingkang sak-archetype go ahead!

DAWALA: Leres, Kyai. Sokalima selaku kota megapolitan pendidikan boten becus menapa-menapa! Menapa hartosipun intelektual upami namung saukur silent intellectuals? Kangge menapa manara-gading dipundamel selangit nanging sangsaya miring? Boten wonten hartosipun, intelektual ingkang eksis namung kangge piyambakipun! Intelektual an sich boten benten saking taik kucing! All we need now are intellectual being-for-others: mass-intellectuals.

Kyai Semar maklum-mafhum. Kawontenanipun Begawan Dawala ing dusunipun kados purnamasidhi ing madyaning ratri ingkang peteng dhedhet. Kyai Semar, selaku pawongan ingkang kapercanten ing Amarta, sigra tumindak nglaporaken kersanipun Begawan Dawala dumateng Mendiknas Amarta--Prof Dr Arjuna. Wekasan, pendidikan-massa namung dianggep sistem pendidikan ingkang non-sense! Nanging Prof Dr Nakula, Menpen Amarta, benten anggepanipun. Pendidikan-massa mujudaken sistem pendidikan ingkang canggih, ingkang wontening salebetipun, panerangan dados luwih eksis malih. Miturut Menpen Nakula, pendidikan-massa ugi saged ngusadhani budaya squealer wontening penerangan. Demi kepentingan punika, Menpen Nakula sumadya nampi pendidikan-massa. Malah sanaos Prof Dr Arjuna tetep boten setuju lantaran kadung fanatik sanget dateng sistem pendidikan versi Sokalima, Prof Dr Nakula bade ngalebetaken pendidikan-massa ing departemenipun. Temahan, sasampunipun faham sanget Prof Dr Arjuna ugi setuju-mantep.

Kocap-kacarita pendidikan-massa mangadheg wontening negari Amarta. Akibatipun astaga-luar-biasa! Rakyat Amarta dados luwih pinter kaliyan kadidik tinimbang negari pundi kemawon. Negari Astina ingkang bangga-gaya mibandha kota megapolitan pendidikan Sokalima dados katilar sanes lantaran kabodoan, nanging lantaran sarwa katilar anggenipun ndereaken kamajengan pendidikan-masa ing Amarta.

Pranyata BSIM saged dados kelep tanas negari Amarta. BSIM medamel kukuh-pengkuhipun kakiatan hankam kaliyan Jendral Bima, Menhankam Amarta, ngiring ngalokasiaken dana persenjataanipun kangge dana informasi demi pendidikan-massa. Wontening babagan sanesipun, BPIM saged medamel informasi-massa dados komoditas ekspor wontening lalu-lintas informasi-massa internasional. Menristek Amarta, Prof Dr Ir Sadewa kasengsem mirsani kecanggihan teknologi informasi BPIM ingkan boten saukur saged ndeteksi informasi saking sareng dateng sedaya pojokan jagat, nanging ugi sedaya pojokan jagat triloka. Pangab Jendral Gatotkaca rumaos remen marang kahanan BPIM punika, ingkang pranyata mibandha kadigdayan spyforce ingkang tebih luwih canggih katimbang agen-rahasia pundi kemawon. Amarta boten perlu malih nyulundupaken James Bond-James Bond-nipun ingkang sok madon kemawon wontening operasi-operasinipun.

Begawan Dawala mesem-kalem. Panjenenganipun tetep-mantep nolak rikala rektor Universitas Sokalima Prof Dr Durna ngulemi panjenenganipun kangge menehi jejuluk Doctor Honoris Causa dumateng Begawan Dawala. Sikap punika dipunanggep hinaan ageng kangge Astina. Menapa malih rikala First Lady Astina, Ny. Banowati PhD, meksa Presiden Duryudana kangge mujudaken perestroika total tumrap Negari "Tirai" Astina. Lantaran boten dipungubris, Banowati ingkang doktor filsafat menika nekad minggat nepungi Begawan Dawala. Meguru elmu panemu.

Rikala Banowati tumaros menapa Begawan Dawala menika wonten, kaliyan suraos tenang-wenang Begawan Dawala ngandika, "I deform, therefore I exist!"


Ki Harsono Siswocarito
Semarang, 21 Maret 2008