Thursday, November 29, 2007

Gitadarma Dr Mintaraga

Kembang sungsang cahya kunang
Kadia lintang gilang gumilang
Tembang hyang pangreka dalang
Dadia piwulang wong ngawayang
MERCUKUNDA, SURALAYA.—Maharaja Tribuwana Sang Hyang Otipati Pramesti Guru Jagatgirinata ya Sang Hyang Manikmaya maharaja diraja jagat pramudita linggih ing singgasana Dampar Kencana lemek babut permadani sutra rerenda permata tinaretes ing sosoca dipunadhep dening para dewa pemuka triloka samiya padha jajar denira pinara.

GIRINATA: Kakang Panji Kanekaputra, punapa memala triloka dereng sirep? Malah musibah tambah bubrah. Batara padha susah, batari padha sedih; lara hapsara parah, sakit hapsari perih. Iki mesti dipandegani, Kang Narada.

NARADA: Eladalah, Adi Guru—gawat kaliwatliwat! Mega abrit sangitwingit. Candradimuka umob datan sidemkalem, para dewa ora tentrem, Tribuwana kaya kobaran lantaran balabuta utusan Jendral Niwatakawaca ditampik ngalamar Supraba. Wadyabalane boten purun kondur menyang negari Manimantaka yen boten saged mboyong sang dewi. Mekaten, Indra?

INDRA: Hinggih! Supraba nampik asih nolak tresna Niwatakawaca. Kawula piyambak boten purun gadah menantu danawa. Khhkcuh! Boten pantes Buta mertuwane Dewa? Durhaka!

GIRINATA: O jagat dewa batara! Dasar balabuta ora kenal tatakrama. Kurangajar! Nek ora bisa diajar, hajar! Lamun ora purun mundur, gempur! Yen malah meksa, siksa! Usir bala danawa saka Suralaya.

NARADA: Sendika, Gusti!—Bayu! Siapke tentara triloka. Basmi balabuta Niwatakawaca!

BAYU: Sayagi!


“Batara Brama, Batara Surya, Batara Wisnu, Batara Bayu, Batara Sambu, Batara Kamajaya, Batara Yamadipati, Batara Kuwera, Batara Karaba, Batara Bermana, Batara Bermani, Batara Aswan, Batara Aswin, Batara Citragada, Batara Citrasena, Batara Sambodana, Batara Rawiatmaja, Batara Bermanakanda, Hyang Dewatama, Hyang Dewanggana, Hyang Dewasana, Hyang Dewangkara, Hyang Pancadewa, Hyang Pancaweda, Hyang Patuk, Hyang Temboro,—siap gerak!”
“Hinggih! Hinggih! Hinggih!—”


Bala Tribuwana
Pada siapsiaga

Bala buta
Pada laga

GERBANG SELAMATANGKEP.—Balabuta sigra adulaga demi meksa para dewa masrahke Supraba. Tatalaga Jendral Krudaksa, Panglima Manimantaka, katon megadigdaya. Ing sisih kiwa ana Kolonel Duskerta; ing sisih tengen, Kapten Wirakta; lan ing wingking, Letnan Kalawaktra.

KRUDAKSA: Krrkzuh! Dewa-dewa! Nolak cinta Gusti Niwatakawaca artine jaluka memala. Nek Supraba ora diserahke, Kahyangan Solendrabawana bakal kiamat! Malah Suralaya bakal rusakporak, ajurmumur, sirna-binasa. Krrkzuh!

DUSKERTA: Bener! Aja dumeh dewa! Buta bisa duwe bini widadari. Kanggo ndandani katurunan! Sanadyan buta tengik, bini cantik; sanadyan Buta mambu, bini ayu; sanadyan Buta, bini Supraba. Asik ra! Hehehe….

WIRAKTA: Iya! Supraba emang moy. Dasar widadari—ayune tanpa tanding, endahe tanpa cela! Oh, Supradin, eh, Suprana, halah! Salah mulu—Supra apa?

KALAWAKTRA: Walakadalah, Gusti! Pirsani! Gapura dibuka! Para dewa ngangkat senjata!

KRUDAKSA: Keparat! Serbu!

“Serbu! Serbu! Serbu!—”

Serbu buta
Satru dewa

Garangtandang!
Tunjangmalang!

“Ayo maju, Dewa!” + “Wani karo Brama?” + “Brama? O, iki jago Deksinapati: Dewa geni kok kakubeku? Ayo maju! Heaah!”—(Clap!) Ngantembogem (Bugh!) sepakgalak (Blak!)—“Rasakena dewa—heaah!”—(Blar!) keplaktelak! “Tobaatt!”

Tatu datan kepetung!
Lara datan kebilang!

“Endi jago dewa?” + “Bayu: ayo maju!” + Adujotos (Jduk!) sepakgalak (Jdak!)—‘Hgkh! Hoekh ooo hfuh! Buta edan! Nglimpe! Aduh… ooo! Tobaat!”—(Bruk!) + “Cilaka, Surya!” + “Wisnu, mundur!”

Dewa tempur
Pada mundur

NARADA: Cilaka, Adi Guru! Balabuta gagahmegadigdaya mahasakti mandraguna! Para dewa datan daya upaya. Pripun iki?

GIRINATA: Tenang, Kang Panji! Indra, sigra sira tumindak madosi jago jawata. Lumampaha menyang Indrakila—temoni Prof Mintaraga.

INDRA: Sendika, Gusti!

Sigra Batara Indra
Menyang Indrakila

Pada madiacarita
Mangsa gara-gara

KARANG KADEMPEL.—Kampung ing pereng gunung pepayung layung. Swasanane kerasa begja! Kubah gunung Indrakila katon endahmewahmegah! Lamat-lamat kidung ngalayung teng duwur saung. Panakawan padha geguyonan.

Gandasari buah ati
Pujaan urang sadaya
Buku pinuh kupapaes
Alus jadi patamanan

“Hehe… Asmarandana Sunda! Enak ki. Ehm, nunggu bos nuju konsentrasi, kontemplasi, en meditasi—ngene rasane: aneh! Eh, wingi digoda widadari Suralaya, malah cuek bae! Widadari lentik ora dilirik! Malah kula sing manatahan. Hehe….”
“Ngono kuwi, Gong—prihatin: taparekacipta demi manggayuh karaharjaning praja mamayuayuning bawana.”
“Eh, Reng—ana apa?”
“Gawat! Celeng nang Lab!”
“Hah? Ayo ndelo!”

MINTARAGA: Kawula sing nembak!

PADYA: Kawula, penembake!

SEMAR: Mbok wis, Indra!

INDRA: Hahaha… nuwunsewu, Wa Semar—kawula nyamar lan nggoda Mintaraga demi Suralaya. Piyambake disuwun dados jago jawata kangge numpastampis balabuta Niwatakawaca. Piye, Prof?

MINTARAGA: Sayagi. Nanging kawula nyuwun dikancani Jeng Supraba.

INDRA: Sae.

Mintaraga sigra
Midamel darma

Garang tandang
Perang kembang

RIMBAMALA.—Mintaraga aduyuda sareng bala Manimantaka.

“M-mandeg! S-sapa s-sira?”
“Truk, sikat yu!”
“Siplah!”—(Duk! Bugh!) Ambruktakluk (Blug! Gludug!)—“Iki rasakna! Hih!”—(Jplak! Gdubrak!)—“Aaawww!”
“Bah! Keparat! Kaladurga, Kaladurjana, Kaladuraksa, Kala-durmala, Kalastuwila, Kaladaksa, Kaladarba, Kalagarba, Kala-duskerta, Kaladusta, Kaladursila—majuserbu!”
“Reng, embat granat!” + “Okelah!”—(Plas!)

(BLAARR!)

Balabuta
Fanalaga

Boten antawis dangu
Supraba njur ketemu

SUPRABA: Helo, Prof! Punapa sih aku kudu melu? Aku risih kambi Buta kae. Hiiyy… jijay!

MINTARAGA: Emansipasi! Iki sengketa cinta sing dadi konflik politik multipelik. Wanoja cantik, asal cerdik, bisa dadi aset politik. Coba dipikir! Nganggo dalih ditolak cinta, Niwatakawaca badhe ngelabrak Suralaya. Resistensi libido dadi agresi destrudo. Bahaya! Kuwi kudu ditembaktelak! Nah, ben denen mbuka rahasia, sira rayu—puji sampe risiati, goda sampe lena purwa daksina, lulu sampe mabuktakluk!

SUPRABA: OK.

Mintaraga lan Supraba
Menyang Manimantaka

Gita asmara buta
Ala Niwatakawaca

MANIMANTAKA.—Sigra wara kocapa mukamurka Jendral Niwatakawaca dadia mahasuka kala Supraba denira pinara.

NIWATAKAWACA: Hait, Supraba! Huahahaha… akhire sampeyan datang, oh… Supraba, widadari cantiklentiksimpatik, gadis manisromantis, dara eloksemokmontok, perawan rupawan-nanmenawan, wanoja jelitamahajuita, oh… Supraba, dilirik asik, dipandeng seneng, ditatap sedap, oh… Supraba, kawit awal kawula kataji kepati-pati, kawit biyen kawula tresnacinta, oh… Supraba, coba kawula kurang apa? Maharaja, kayaraya, oh… Supraba, kawula emang hmh! Ngerti ra kuwi apa? Huahahaha….

SUPRABA: So pasti, Oom! Wow! Manimantaka indahmewah mahamegah serba raksasa! Getun aku ora kawit biyen gelem karo si Oom. Huuh, papi sih, neko-neko! Maaf ya, Oom? Bener ki aku tresnacinta si Oom. Sandyan Buta, Oom raja, kaya, perkasa….

NIWATAKAWACA: Huahahaha… bener, oh… Supraba, sapa bae ora ana sing bisa nandingi kawula! Sing tangguhplusampuh, kawula sing hebatmahakuat, gagahmegadigdaya, oh… Supraba, lantaran pinter ngerahasiakna pengapesan—

SUPRABA: Pengapesan apa?

NIWATAKAWACA: Ilat!

Rahasia diungkap
Pasopati nancap

Niwatakawaca
Sirnaperlaya

Semarang, 4 Nopember 2007 Ki Harsono Siswocarito

No comments: