Thursday, November 29, 2007

Nurkala Kalimantra Gawe Geger Suralaya

Lakonet gabungan saka tembung "lakon" lan "internet" gawean Ki Harsono Siswocarito. Lakonet mangrupi lakon-lakon wayang sing dipakeliraken ning kelirbeling utawi layarmaya internet. Lakonet disanggit ngangge kombinasi Sastra Pedhalangan mangrupi suluk (murwa, sendhon, gregetsaut, ada-ada) nyandra (janturan lan pocapan), antawacana (ginem), swara (omomatopia), lelagon (tembang), lan carita. Cariyos lakonet saka lakon-lakon wayang sing disanggit ngangge gagrak anyar. Lakonet lebet sawiji genre sastra elektronik saged ugi disebat wayang citra utawi wayang mediamaya. Salaku wayang gagrak anyar, lakonet saluyu sareng seni jaman informasi ning era globalisasi.

Conto

Ing andhap salah sawiji lakonet anggitan Ki Harsono Siswocarito.

NURKALA KALIMANTRA GAWE GEGER SURALAYA


Kelirbeling tabir Gusti
Tabire ya wong ngawayang
Wayang manut maring dalang
Dalange murba ing wayang
Kelire layarmaya Gusti


MERCUKUNDA, SURALAYA.—Sang Hyang Pramesti Guru Jagatnata, ya Sang Hyang Otipati Pangawasa Jagat Triloka, linggih ing kursi Gading Gilang Kencana, dipunadhep dening para dewa, para batara, para sang hyang, para widadara, para hapsara sadaya warga Swargaloka.

JAGATNATA: Kakang Panji Narada, Kang—kados menapa kahanan ing Kahyangan iki? Kawah Candradimuka mangaladalad, magma murubmubyar, lindu kalabendhu geterbanter, Gerbang Selamatangkep padha retak, Istana risakporak. Prahara apa iki, Kang Panji?

NARADA: Aduh, Adi Guru—ampun sewu ampun. Sedaya menika gargara balamala raksasa saking negari Tunggulwesi kang dipunpimpin dening Jendral Nurkala Kalimantra. Piyambakipun nyuwun tahta swarga. Mekaten, Gusti Pramesti.

JAGATNATA: O jagat dewa batara! Dasar denawa luwar saka tatakrama. Lha kok boten dicekal?

NARADA: Sampun, Adi Guru—Cingkarabala lan Balaupata saged mbendung balamala raksasa ngangge nutup Gerbang Selamatangkep. Saprene wadyabalane wonten ing padang Repatkepanasan. Kula nyadhong dhawuh, Adi Guru.

JAGATNATA: Aja diumbar olehe ngidak-idak Kahyangan. Kon minggat! Usir! Nek prelu basmi!

NARADA: Sendika, Gusti! Permiyos—Indra!

INDRA: Ngestoaken dhawuh!

NARADA: Atur sedaya kekiatan tempur Suralaya demi mbasmi balamala Nurkala Kalimantra.

INDRA: Sayagi!

“Para dewa sigra tumindak: Batara Brama, Batara Wisnu, Batara Surya, Batara Bayu, Batara Kamajaya, Batara Sambu, Batara Kuwera, Batara Yamadipati, Batara Aswan, Batara Aswin, Batara Bermana, Batara Bermani, Batara Bermana-kanda, Batara Citragada, Batara Citrasena, Batara Sambodana, Batara Rawiatmaja, Batara Karaba, Hyang Patuk, Hyang Tem-boro, Hyang Dewanggana, Hyang Dewasana, Hyang Dewang-kara, Hyang Sanggana, Hyang Pancadewa, Hyang Pancaweda, Hyang Dewatama,—”

“Hinggih! Hinggih! Hinggih! Hinggih!—”

Sigra para dewa basmi mala Triloka!
Wadyabala bita-buta mala padha laga

REPATKEPANASAN.—Jendral Nurkala Kalimantra ngenteni nganti gething kepatipati, benci kagirigiri.

KALIMANTRA: Grrrk-cuah-huahaha… e, e, bojleng-bojleng iblis najis padha bengis! Mana si Jagatnata? Mesti ndelik neng keleke widadari! Kikrik karo aku! Huahaha… apa patut dadi maharajadiraja para dewa? Medun wae saka tahtamu, Jagatnata! Serahke marang aku! Nek ora, Suralaya tak gawe kiamat!

KALAMURKA: Tobat, Gusti—uningani! Gerbang Selamatangkep kabuka. Para dewa nantang perang!

KALIMANTRA: Grrrk-cuah! Laknatkeparat! Serbu!

“Serbu! Serbu! Serbu! Serbuuu—”

Bala satru buta maju
Garang padha nyerang

“Kowe wani karo dewa?”
“Why not? Kowe jago, aku jago! Kowe lanang, aku lanang! Buktike: sapa luwih lanang, sapa luwih jagoan!”
“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos dados! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadeg, Dewa!” + “D-du-uh… tob-ba-at….”
Dupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”

Tan kocapa dewa padha mati suri.

“Brama kalah! Bayu mundur!”
“Para dewa mundur! Mundur!”
“Mundur! Mundur! Mundur!—”

NARADA: Cilaka! Para dewa kalah digdaya. Wisnu!

WISNU: Yes, Sir!

NARADA: Maju!

WISNU: Siap!

“Nurkala Kalimantra! Adhepi aku Batara Wisnu!”
“Sopo? Wisnu? Ayo maju—endi jago dewa? Grrrk-cuah! Lho kok turu? O tiarap! Ngopo, Wisnu?”
“Aja takon memala! Rasakena rudal Cakra—mampus jiwamu!”—(Wuzz! Clap!)
(Krep!)—“Huahaha… rudal kaya ngene sih mana mempan!”—(Pluk! Ccss!)
“Edan! Mejen, Wisnu!”
“Aduuhh cilakaaa—”
“Mlayu!Mlayu! Mlayu!”

Dewa tawur ajurmumur
Padha kaburmabur.

NARADA: Aduh, Adi Guru—cilaka! Para dewa tanpa daya; para hyang tan menang. Kados pundi, Adi Guru?

JAGATNATA: Kakang Panji Narada sumangga sira sigra lumampah menyang mayapada demi madosi jago jawata—lelaki langit lelananging jagat!

NARADA: Sayagi, Adi Guru!

Kala tiba gara-gara
Pertanda madiacerita

KARANG KABOLOTAN.—Desa luwar kota. Dusun buhun. Dukuh kumuh. Nyempil! Neng madiyaning huma, sawijining tebing miring, ning lelengkung gunung, wonten gubug ijuk. Menika ta dalemipun Ki Semar Badranaya sakulawarga para panakawan Amarta. Tanpa polusi kota, gesang mardika mangayubagya. Dagelan padha gegojegan.

Lir ilir, lir ilir
Tandure wus sumilir

“Anu, Truk—rene! Gawake bedog kambi kayu.”
“Go opo?"
“Gawe geni! Ben anget: sore-sore—pedhut padha medun, ki. Eh, Bagong endi?”
“Embuh! Golek celeng, ya‘e? Hawa ngene ki: akeh kutu-jagung hama huma.”
“Lha, Romo—nyang endi?”
“Nunggoni Pak Jun!”
“Nang pucuk gunung?”
“Ho-oh, brrr… ademe!”
“Ki mbakar pohung!”
“Ah, bosen! Suasana kaya ngene: kangen bojo! Hehehe….”

Cinta dipuja
Rindu diburu

“Endah, bojoku!”
“Wualah!”

SEMAR: Pripun, Pak Jun?

ARJUNA: Parasut Tunggulnaga lan rudal Ardadedali leres dawah teng gunung mriki. Pirsani,
lha kuwi! Untung boten njeblug bareng pesawat tempur sing ngangkut Ardadedali sing
ketembak dawah mengsah.

SEMAR: O, o, o.

ARJUNA: Ayo menyang Indraprasta. Mugi-mugi kangmas Yudistira sampun nemu malih pusaka negara Kalimasada.

SEMAR: Monggo, Pak.—Le, ayo nyang kota!

“Nah!” + “Beres, Mo!”
“Buru, Gong. Kota!”

Turun gunung Arjuna
Rambah belantararaya

Cekal Cakil
Si Butajahil

MARGASOPANA.—Jendral Arjuna lan Panakawan ngadhepi begal dalanan.

“M-mandeg! S-stop! S-sapa nama? A-arep nyang endi? S-saka endi? Mangewu! Cepet!”
“Elho! Nodong?”
“Jotos, Gong!”
(Jduh!)—“Ghk!”
“Pragalba, Rambutgeni, Galiuk, Bita Terong—maju serbu!”
“Siap!” “Beres!” “Szip!” “O’eh!”—(Jlap! Jlap! Jlap!)—“Awas!”—(Klik!)—“Hiiaa!”—(Dreder-der...!)—“Mampus lu!”
“Hehehe… Buto bego!”

Buta-buta padha sirnaperlaya
Banjur Arjuna ketemu Narada

NARADA: Eladah… bergenzong anak wong bakal diboyong! Kabeneran, Jun—ketemu. Ugi Ki Semar, hahaha… pripun kabare?

SEMAR: Kabar kabur! Eh, Nar—dewa kok keluyuran? Apa neng kahyangan kurang gawean, ya?

NARADA: Waduh, Ki Semar—pirsani…. Kahyangan geger! Suralaya digempur balamala Nurkala Kalimantra. Para dewa padha kalah, padha pasrah! Widadari padha susah! Aku diutus milari jago jawata nang mayapada. Mekaten, Ki Semar.

SEMAR: O, o, o… sapa mau? Nurkala Kalimantra! Pantes! Dheweke kuwi masih tunggal turunan karo raksasaraja Kalimataya sing mbedahbubrah Suralaya nanging ditumpastampis kambi maharesi nuklir Prof Manumayasa. Saiki ora ana jago jawata kejabi Jendral Arjuna.

NARADA: Inggih, Ki Semar! Pripun, Jun?

ARJUNA: Sayagi!

Kebat Arjuna gempur malasatru
Laralapa. Mati! Tan dukahati!

REPATKEPANASAN.—Rudal Ardadedali nembak telak Nurkala Kalimantra. Njeblug nyapu pageblug!

“Kalimantra mati!”
“Hidup Arjuna!”

Kalimantra sirnaperlaya
Kalimasada jayawaluya

Semarang, 2 Nopember 2007 Ki Harsono Siswocarito

Rembagan
Teng niki kaula bade ngrebag babagan sastra pedhalangan sing dados konsep estetik Lakonet.

Murwa
Murwa utawi suluk bubuka teng inggil wau mangrupi gubahan saka sulu "Gumungan" ing Pedhalangan Sunda, nanging sampun dilauyuaken kaliyan lakonet sing ngangge "kelirbeling" utawi "layarmaya" kados:

Kelirbeling tabir Gusti
Tabire ya wong ngawayang
Wayang manut maring dalang
Dalange murba ing wayang
Kelire layarmaya Gusti

Nyandra

Nyandra utawi janturan ngangge tata tulis warta kados teng koran. Tempat jejer negari kanggo huruf ageng sedaya, lajeng diterasanken janturan.

MERCUKUNDA, SURALAYA.—Sang Hyang Pramesti Guru Jagatnata, ya Sang Hyang Otipati Pangawasa Jagat Triloka, linggih ing kursi Gading Gilang Kencana, dipunadhep dening para dewa, para batara, para sang hyang, para widadara, para hapsara sadaya warga Swargaloka.

Antawacana

Antawacana utawi ginem ngangge tata tulis drama. Jeneng wayang ditulis ngangge huruf ageng. Diterasaken caturan kados andhap niki.

JAGATNATA: Kakang Panji Narada, Kang—kados menapa kahanan ing Kahyangan iki? Kawah Candradimuka mangaladalad, magma murubmubyar, lindu kalabendhu geterbanter, Gerbang Selamatangkep padha retak, Istana risakporak. Prahara apa iki, Kang Panji?

NARADA: Aduh, Adi Guru—ampun sewu ampun. Sedaya menika gargara balamala raksasa saking negari Tunggulwesi kang dipunpimpin dening Jendral Nurkala Kalimantra. Piyambakipun nyuwun tahta swarga. Mekaten, Gusti Pramesti.

Swara

Swara utawi onomatopia neng adhegan sabetan bandayuda ogol begalan pati ngangge tata tulis komik. Sautan, adngluhan, lalaran, lan caturan neng sabetan ditulis neng jero tanda kutip. Swara onomatopia kados swara anteman, oncatan, lan tiban ditulis nang jero kurung.

“Kowe wani karo dewa?”
“Why not? Kowe jago, aku jago! Kowe lanang, aku lanang! Buktike: sapa luwih lanang, sapa luwih jagoan!”
“Khhk-cuah! Buta edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos dados! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig! Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadeg, Dewa!” + “D-du-uh… tob-ba-at….”
Dupak galak! (Brak!)—“Aakkhh!”

Lelagon

Lelagon sing wonten ing lakonet iki yaiku tembang "Lir Ilir" sing dicekak.

Lir ilir, lir ilir
Tandure wus sumilir

Carita

Cariyos lakonet niki mangrupi carangan amargi boten wonten pakemipun. Nanging pola cariyosipun saka cariyos Prabu Kalimataya sing mbedah Kahyangan nanging dipun pejahi dening Resi Manumayasa kados sing dikandhake Semar.

SEMAR: O, o, o… sapa mau? Nurkala Kalimantra! Pantes! Dheweke kuwi masih tunggal turunan karo raksasaraja Kalimataya sing mbedahbubrah Suralaya nanging ditumpastampis kambi maharesi nuklir Prof Manumayasa. Saiki ora ana jago jawata kejabi Jendral Arjuna.

No comments: