Saturday, February 2, 2008

Kembang Kampus Sokalima



Melati katon asri kawit janari
Mawar mekar suminar liar
Kembang ros kembang sakura
Kadya selendang bawana!

UNIVERSITS NEGERI SOKALIMA.—Beat drum ngiringi megah-jangkahipun kembang kampus Sokalima. Estri ayu luwes-kewes tur sarwa pantes dados ciri jaman samangke! Inceran saban lalananging jagat. Lelaki linuwih ingkang gadah jejuluk kumbang kampus kados Arjuna, pinasti dados jelalatan. Naminipun estu ngetop—Srikandi. Perkawis kaasrenipun, pirsani kemawon wontening “Catetan Si Kumbang Kampus,” Arjuna anggambaraken kados punika—

“Kandy estu wanita super trendy: lambene manis kados iklan lipstick; mripate eksotik kados iklan eyeshadow; rikmane aksi kados iklan styling foam; wangine khas kados iklan parfum; rapekane trendy kados iklan mode; bodyne sexy kados iklan bikini; gayane saluwes L’poseur; otake ngeluwihi komputer; sikape praktis-emansipatoris; hobine ngeceng ‘n mejeng; cita-citane keren ‘n beken; idolane artist-oriented; musike ngerock; cintane paten ‘n kapercanten; semboyane—maca, cita, lan karya!”
Juilah! Arjuna estu jenius! Jitu sanget piyambakipun anggambaraken citra wanita super kontemporer. Benten kaliyan gaya seniman orthodox! Pirsani kemawon gayanipun: apa iku lambene gula satemplik, halisna ngajeler paeh, lan sapiturute? Menapa malih seniman ingkang sok abstrak—sedaya kaendahan bubar-ambyar datan karuhan. Kajengipun—suka-suka. Pratela kemawon semboyanipun ingkang klise, “Bentuk-bentuk kasenian anggelaraken hukum-hukumipun piyambak, sanes alesan-alesan ingkang anjurung kaula sedaya ing kahuripan sadinten-dintenipun.” Punika ujaripun Viktor Sjiklovski. Arjuna boten setuju. Kangge piyambakipun, “Seni menika deformasi!” Sae ugi!

Srikandi lumampah kados wontening dhuwur catwalk. Sikapipun nantang model Jane d’Arc. Kacamata mejeng amemanis rikma new wave-ipun. Binar-suminar mripatipun nyamber-banter kados blitz. Dongkapipun medamel Dr Kumbayana sigra-kebat mlumpat saking kantoripun lewat jandela. Astaga--nekad sanget doktor menika. Kajengipun nguber Srikandi. Saestu piyambakipun naksir-tajir sanget marang kembang kampusipun. Pantes! Sanaos piyambakipun sampun kagungan putra sebaya Srikandi, Dr Kumbayana tetep kemawon prex-cuek. Kaselak kena puber kesayuta, go ahead lah!

Kejabi menika, Wilutama, partner kumpul-kuda Dr Kumbayana, boten temtu kamaripun. Sawekdal Aswatama tasih cilik mentik, Wilutama kabur gara-gara boten kelakon dipunparingi artos kangge belanja. Marginipun gaji doktor punika mines kemawon. Ngobyek namung saged 4 SKS, badhe korupsi boten saged. Piyambakipun sanes birokrat! Tur … sst--eling Waskat! Nah niku--modar kowe!

Tinimbang pusing pitung keliling, mending madosi hiburan murahan. Dr Kumbayana nyaketi kembang kampusipun. Kurawa ce-es ribut pating cemuit. Burisrawa inkang jago gombal kontan obral cinta, sengaja nggoda dosen punika.

BURISRAWA: Hellaouw, Kandy--Madonna kampusku. Ngapa gelem diemproceh karo duda tuek-elek ngono? Mending indehoy karo aku, yuk? Mesti syuuurrr-syeeerrr dah!

Srikandi mlerok nanging tetep manis-sinematis. Dr Kumbayana mlotot kena tembak mahasiswanipun ingkang kurang-ajar menika.

DURSASANA (ngguyu ngakak). Huahahaha... denen kuwi luwih klop karo ogut. Iki--mahasiswa Pamarentahan--calon bupati Banjarjumut!

DURMAGATI: Mending zareng kula, calon inzinyur zepezaliz real-eztate maza-depan! Jeng Zri ra perelu dadi korban cinta model rumah zuzun. Pacaran ning real-eztate--canggih ra?

Boten perduli kaliyan ocehan setan! Srikandi buru-buru menyang perpustakaan. Ditinggal nggeblas kados menika, Dr Kumbayana dados sebel sanget. Demi nglampiasaken sial-sebelipun, piyambakipun grundelan ngomeli para mahasiswanipun.

KUMBAYANA: Kowe kabeh kuwi padha ora nduwe etika, ya? Apa kowe kabeh padha kepengin ora lulus ujian? Aku arep menehi kowe kabeh biji E! Verdoooven!

DURMAGATI: Aziiik!

BURISRAWA: Youw ngancem, Dok? Youw kenow sapa ingsun? Putra priyagung! Aja macem-macem lamun youw ora pengen dipecat! Youw andesten, Dok?

Dr Kumbayana namung saged gedeg sirah. Lajeng piyambakipun bablas kados Cakil kalah perang.

PERPUSTAKAAN.--Ing ruang baca perpustakaan, Arjuna katon asyik maos novel seratanipun Yudhistira, Arjuna Madosi Cinta. Piyambakipun boten ngingeti dongkapipun Srikandi. Kados menika ugi sawekdal Kurawa ce-es liar-brutal mbebek kembang kampus dumugi sela-sela almari buku. Ruang baca robih dados ruang cuci-mata. Lantaran risi Arjuna sigra mlumpat-pantat, cabut tanpa ita-itu.

SRIKANDI: Hai, Jun! Enteni!

Arjuna nglirik. Kembang kampus dipunpirsani ngangge sorot soca ingkang atisipun kados es-batu. Kaku-beku! Namung kangge basa-basi piyambakipun tumaros.

ARJUNA: Wonten apa?

SRIKANDI: Boten napa-napa--njenengan badhe tindak pundi?

ARJUNA: Madosi privacy.

Tanpa ngenteni reaksi, Arjuna ngayun-jangkah. Bengong-bingung Srikandi dadosipun. Banowati ingkang nuju nggosip kaliyan kancanipun, dados gumujeng nyakakak.

BANOWATI: Eh, tingali kae--kembang kampus kena watune. Rasake kowe! Aja ngarep-ngarep Mas Jun badhe nggubris ya. Rumangsane denen luwih ayu saka aku. Iki--peragawati!

Dursilawati nyengir kados kelede ningali Banowati nglenggak-lenggok awakipun ingkang simon (super seksi tur montok) punika.

DURSILAWATI: Tapi njenengan kalah cadas, Ban.

BANOWATI: Apa ta kalah cadas?

DURSILAWATI: Kalah cantik lan cerdas!

BANOWATI: Ben! Sing mahapenting menang sexy. Aku jamin bakal sukses anggone saingan. Otak ora penting! Nah--apa ta hebate Srikandi sing memang cantik lan cerdas iku? Apa maneh approach aku karo Mas Arjuna iku wis kawit TK. Pasti Srikandi kalah adhoh!

SURTIKANTI (mesem-kalem): Sayange aku wis tunangan karo Mas Awangga. Nek ora aku ya pengin rame-rame saingan karo kowe-kowe. Apa sih angele mentel Arjuna?

DURSILAWATI: Pedhotke wae tunanganmu, Kanti. Ben tak dadike pacarku.

SURTIKANTI: Enakna!

Bom-guyu mbledhos ing tengah piyambakipun. Ing katebihan Srikandi tasih angadeg-jejeg kaku-beku ningali Arjuna ingkang ilang dipuntilep sudut kampus. Banjur gugah saking lamunanipun sawekdal Aswatama nyodoraken serat ingkang sampulipun awarni biru laut. Piyambakipun sempat ngucapake matur nuwun, teras bablas.


Mega tambaga ing langit
Kulon nyurung peteng
Sandikala lengket dielus
Wengi ingkang atis sepi!

PANCALA.--Srikandi nutup pintu kamaripun. Alon-alon piyambakipun mbikak sampul serat saking Aswatama. Jebule serat punika seratanipun Dr Kumbayana. Wah--bapa dicomblangi anak ta yaa!--penggalihipun Srikandi. Isenipun gombal! Rampung maos serat gombal punika dipunbuang menyang jawi.

Ing jawi, Gandamana--ajudan Jendral Drupada, ramanipun Srikandi--ketimpuk remesan serat gombal punika tepat ngembat jidate. Serat dipuncandak lan dipunpaos piyambakipun sinambi lumampah:--

Dear Srikandi,

Sliramu ayu luwih saka Juliet
Tresnaku marang sliramu luwih saka Romeo!
Aksesori sing tinaretes nang dadaMu
Gawe atiku cemburu kaya Othelo
Marang Desdemona!

Mit der Liebe
Dr Kumbayana
Gandamana kaget-monyet. Sinambi meneng-anteng piyambakipun mendem tresna marang putri atasanipun. Cemburunipun dumadakan umob nyaingi kawah Candradimuka. Saklepat kilat piyambakipun mlompat mlebet jeep plat ijemipun. Teras bablas kagawa gas! Ningali solah-polahipun ajudan punika, penjaga piket molongo kados kebo bodo.

Wengi serem-kejem
Nyaingi jahanam
Dalan petengdhedhet

Jeep plat ijo punika nggeblas dahsyat. Ndadak njerit rem mecah langit. Kendaraan-kendaraan ingkang ngindari benturan kaliyan jeep ingkang kasetanan menika, wonten ingkang ngguling menyang jurang, nyuruduk lonte dalanan, ngelabrak-nabrak pedagang kaki lima, lan … ah, macem-macemlah. Gandamana boten perduli! Saking lebet jeep punika kadangu swanten:--

"I don't care anymore! Cinta luwih penting saka bebaya, luwih utama saka etika! Kumbayana jahanam--takpateni kowe!"
SOKALIMA.--Estu sarwa rusuh datan puguh, Gandamana mbanting stir. Jeep oleng kaya ronggeng ballet. Ing ngajeng griyanipun Dr Kumbayana, jeep mandeg. Gandamana oncat medun. Jangkah-langkahipun manteb, gagah-megah ala Commando. Polatanipun luwih sadis-bengis tinimbang teroris!

GANDAMANA: Kumbayana--metu kowe!

Sesumbaripun anjlegur ambentur tembok bisu. Nanging ing salebeting griya kadangu wonten dengkul saling bentur, gemeter amargi kamigilan. Gandamana ndupak pintu nganti jebol-ambrol.

Dr Kumbayana umpetan wontening kolong ranjang; datan mandeg-mandeg anggone adu-dengkul! Jangkah-gagah sapatu radial sky-high nyaketi. Ranjang melu nderedeg boten katahan. Sapatu radial punika saya caket. Moncong bedhil model Rambo nyelonong pas kena bolongan grananipun Dr Kumbayana.

GANDAMANA: Milih ndasmu dhedhel-duel, apa nyerah?

KUMBAYANA: Modar aku! Iya-iya… k-kula b-badhe m-medal! N-nanging a-ampun d-dipuntembak, nDara.

Nanging Dr Kumbayana boten saged medal saking tempat umpetanipun. Ngangge cara kasar kaliyan kurang-ajar sanget Gandamana nyeret puyambakipun.

KUMBAYANA: K-kula a-ampun d-dipuntembak, nDara. Mangga Ndara candak kemawon TV, video, utawi gaji kula menika tasih utuh….

GANDAMANA: Meneng!!! Aku dudu rampog! Ayo melu aku!

KUMBAYANA: nDara badhe nyandra kula? Percuma, nDara. Kula menika tiyang mboten penting, sanes politisi, sanes priyagung. Saderma pegawe upahan, nDara.

GANDAMANA: Kowe wes lancang-pena. Kowe kudhu nrima hukuman abot lantaran wis kumawani nggoda putri sang jendral!

KUMBAYANA: Ngukum? Nanging mana serat tugasipun, nDara?

GANDAMANA: Ora perlu tugas-tugasan!
KUMBAYANA: Nanging, nDara--negara Astina menika negara hukum. Sanaos kula salah, kula nyuwun nDara kersa ngangge prosedur ingkang sah.

GANDAMANA: Prex! Jagat sinatriya ala wayang mung kenal antem-anteman, jotos-jotosan, lan adu kanuragan. Aku arep mbuktike apa si Kumbayana iki bener-bener sakti mandraguna ora tedhas tapak paluning pandhe--eh, sorry--iku kuno! Maksude, tapak-cetak teknologi nuklir, rudal lan sapiturute!

KUMBAYANA: Wah, nDara--ampun dah! Kula menika saderma intelektual-brahmana, nDara.

GANDAMANA: Apa maksude, Dok?

Dr Kumbayana mesem aningali Gandamana luntur-lulur sadis-bengisipun. kasempatan punika boten dipunsiya-siya.

KUMBAYANA: Nah! Ndara kersa mirsani menapa hartosipun intelektual-brahmana? Goed! Inggih punika manungsa ingkang gadah batok sirahipun kebak dening dalil-dalil iptek kaliyan falsafah sawatawis batinipun kebak dening jopa-japu!

Gandamana suntrutkerut jidatipun. Bedhil Rambo-nipun dipunselehaken. Dr Kumbayana boten kamigilan malih. Piyambakipun rumaos polemologinipun sukses. Polatan sadis-bengisipun ndadak luntur kados gombal murahan.

GANDAMANA: Apa iku jopa-japu? Kaya mantra ya, Dok?

KUMBAYANA: O, sanes! Eh, inggih saged ugi. Nah--menika! Nanging mantra benten kaliyan doa-doa. Mekaten, nDara?

GANDAMANA: O?

KUMBAYANA: Malah upami nDara kersa uninga--wonten mantra modern ingkang saged medamel jalmi dados menapa kemawon ingkang dipun-kersaaken. Leres, nDara.

GANDAMANA: Apa iku, Dok?

Dr Kumbayana sakjurus ngeling-eling mantra modern ingkang sampun dipunapalaken. Ngangge gaya bujangga piyambakipun maos mantra punika:--

Papaliko arukabazuku kodega suzukalibu tutuk liba dekodega zamzam lagotokoco

Busyet! Punika saking "Husspuss" seratanipun Sutardji Calzoum Bachri. Dasar-dasar! Gandamana rumaos dipunapusi. Lantaran bonten kiat nahan sewot nganti kerot-kerot, jab sakbobot Tyson telak nabrak granaipun Dr Kumbayana. Sareng gajulan Tae Kwon Do Gandamana cekap kangge medamel remuk panangan kenca sasaranipun. Doktor sial-dangkal punika ambruk-nglumpruk.

Bumi gonjang langit gonjing!
Tinggal peteng datan kumelip!

RUMAH SAKIT.--Sokalima geger! Dr Kumbayana ajur-mumur-babak-belur. Aswatama tanpa daya tanpa upaya. Piyambakipun boten ngertos sinten ingkang kumawantun angrogahala ramanipun. Wengi punika sakonduripun saking griyanipun Dursilawati, piyambakipun mirsani kawontenan griyanipun morak-marik lan ramanipun kelelep wontening lebet got persis kados werok. Piyambakipun anggraita kadosipun wonten rampogan lan rajapati. Nanging boten wonten barang ingkang ical kajabi kancing rapekan ramanipun ingkang rontok ketawuran. Miturut detektif partikelir positif sanes motif rampogan, nanging panganiayaan.

Ing ruang tunggu rumah sakit, Aswatama bingung-linglung. Sawekdal setunggal dokter medal saking ICU, piyambakipun nyaketi.

ASWATAMA: Pripun, Dok?

DOKTER: Emm--sae. Gegar otakipun sagen waras waluya, nanging cacad boten saged dipunsinglar. Utaminipun, waos, grana, lan asta kiwanipun Dr Kumbayana boten saged pulih malih kados sedia kala.

Aswatama anggreges lemes. Piyambakipun rubuh-runtuh nubruk korsi lipat sikil x. Socanipun redup lir lampu kurang setrum. Dokter punika namung saged mesem cuka. Asem-kecut! Saking kaca, langit katon pucet kados kain kafan. Tatahan polatan pasrah lemah kablebet taton katon parah. Dr Kumbayana ambujur wontening ICU. Wontening sela-sela sedih-perih lamat-lamat kadangu nglindur, "papaliko… bazuku… suzu… ibu…"

Lemes-ngenes Aswatama dadosipun. Dipunpirsani satus botol infus giliran nglawan mampus. Wontening kasedihanipun wekdal keraos alon sanget.


Waos janari sepi
Tanpa kocap tanpa
Taros tanpa wartos!

Aswatama unjal ambegan! Piyambakipun ambuka catetan dintenanipun: Minggu, Senen, Selasa… Minggu, Minggu, Minggu--lan kathah Minggu ingkang sampun kaliwat, Dr Kumbayana dereng waras waluya. Alon nanging pasti, Aswatama nyoretaken pulpenipun:--

Tinggal tanggal sing owah; nanging dinten datan gantos cinariyos. Rama kula tasih kuyu. Perkarane beku. De polis ken du nating! Kadose sengaja dikulkaske. Demenan kula, si gembrot Dursilawati, ugi sialan. Caket kamar mayat, denen tasih nyuwun di-68. Jarene, "Cinta ora kenal sangsara!" Aje gileee! 68 malih lan malih-malih 68. Gila-geline teka-teki! Denen memang seneng sing hot-hot: martabak panas, utawi kue Bandung anget. Rakuse angujubilah! Kula nembe sepotong, denen wis entek pitu. Cocoglah kambi untune sing radial kaya ban traktor! Dasar ondel-ondel Betawi! Cuweklah….
Kadangu jumangkah gagah nyaketi. Aswatama nutup bukunipun. Saking waos corridor muncul Arjuna.

ARJUNA: G'morrow, Tom! Pak Doktor sampun mantun?

ASWATAMA: G'monin, Fren--ya nikulah!

ARJUNA: Miturut polisi pripun hasile?

ASWATAMA: Nihil!

ARJUNA: Sure?--may and may not be. Kula lagi nyobi madosi masalahe. Kajahatan ora bisa minggat kejabi menyang neraka.

ASWATAMA: Yes, Fren--smes it! Yu'll be ol rait.

Arjuna maklum-mafhum kaliyan dialek Inggris mbeling Aswatama. Sasampunipun nengok Dr Kumbayana, Arjuna cabut-sikil.

ARJUNA: G'bye, Tom!

ASWATAMA: G'bay, Fren!

Waos corridor nguntal Arjuna bunder-bunder. Lenyap-ngeclap!

Singkat warta
Ngudag peristiwa
Tandha Kurawa
Padha unjuk-rasa!

ASTINA.--Letjen Sakuni, Kapoltabes Astina, nuju mimpin briefing. Letkol Kartamarma linggih sinambi mlintir kumisipun ingkan kaku kados ruji bui. Mayor Citraksi ngangguk-angguk sirah sanes mudheng intruksi pemimpinipun, nanging lantaran ngantuk. Kopral Citrayuda sare nganti ngiler.

SAKUNI: Hasil kajineman sing motipe politik wis positip yen sing nganiaya Dr Kumbayana iku Bima! Sabab wong sing duwe driji kaya pisang ambon sasisir iku mung si Bima. Ora ragu maneh--cekel si Bima bangsat iku. Laksanake!

KARTAMARMA: Sayagi!

Sasampunipun hormat marang pemimpin, Letkol Kartamarma ganti nyikut anak-buahipun. Ndilat nang dhuwur nyikut nang ngisor iku wis ngoyod nang tradisi! Budaya mines ingkang datan kena sininglar. Borok kados mekaten boten perlu dipunperban--amputasi wae ben nyaho.

KARTAMARMA: Yor-Mayor--tangi! Molor ae. Tangi, Yor!

Mayor Citraksi malah kontes ngorok kaliyan Kopral Citrayuda. Letkol Kartamarma boten kentekan cara kangge nggugah anak-buahipun.

KARTAMARMA: Mayor, aku entuk bonus kiye!

CITRAKSI: Mana-mana? Bagi hasil ta, Overste!

CITRAYUDA: Fifty-fifty ae ta, Ov, kambi anak-buah.

Letkol Kartamarma mringis sinis. Nah kon! Upami sampun kados mekaten, anak-buah purun boten purun kedah disiplin. Piyambakipun boten saged medamel sanesipun kejabi jengkar ngemban tugas.

TAMAN.--Lantaran Bima sanes buronan, gampil sanget dipuntepangi. Ing sawiji taman, piyambakipun nuju asyik yangyangan kaliyan sutresnanipun--Nagagini. Letkol Kartamarma buru-buru ngatur strategi kangge nyekel Bima.

KARTAMARMA: Kasempatan! Bima lagi pacaran karo banci. Awas aja nganti lolos! Kowe ngerti cara canggih kanggo nyiduk Bima, Mayor?

CITRAKSI: Gampil! Dipuntembak langsung kemawon, kados petrus punika.

KARTAMARMA: Hush--ngaco! Iku cara paling akhir. Eling--awake dhewe kudu njaga citra de polis.

CITRAYUDA: Kula usul. Saenipun ngangge mantra panyirepan supados Bima sare lajeng tinggal digusur. Beres, mboten?

KARTAMARMA: Kowe isa ngrapale, Pral?

CITRAYUDA: Inggih mesti ta ya. Sinten rumiyin, kula!

CITRAKSI: Alaaa--isa-isane ae. Coba sik aku pengin ngerti.

Kopral Citrayuda sidakep asikep dada. Socanipun merem. Waosipun komat-kamit angrapal lafal mantra penyirepan:--

Rep sirep si megandana,
Wong sarewu pada tumut,
Salaksa wong serah nyawa.

Reaksinipun dereng katingal. Bima kaliyan sutresnaipun malah tambah mesra. Mayor Citraksi mulai nguap lir bajul angob; nanging piyambakipun memang gadhah penyakit lethargy. Letkol Kartamarma bengong-monyong. Suasana malah nambah gairah Bima. Punapa malih doi'nipun boten sungkan-sungkan seleh-sirah wontening dada Bima.

KARTAMARMA: Cilaka dua-belas, Pral! Wis cekel sisan!

CITRAYUDA: Enteni sakedap. Tingali menika Bima mulai nunduk. Doi'nipun sampun sare dipunelus-elus.

KARTAMARMA: Busyet--emang iku wong lagi in action. Dudu molor, Pral. Goblog kowe kuwi!

Tanpa dinyana, Bima mbalangaken botol minuman lan tepat ngembat jidat Letkol Kartamarma. Tanpa ampun malih, piyambakipun kontan pingsan. Awakipun rubuh kados gedebog dipuntebas pedang. Soca abrit-ngantuk Mayor Citraksi mlotot kados traffic light. Abang-kuning-ijo!

CITRAKSI: Cekel, Pral!

Bima kaget-copet dipunsentak-bentak Kopral Citrayuda. Nagagini ndredeg kamigilan. Bima mangaded. Dipuntingali pasuryan Mayor Citraksi kaliyan Kopral Citrayuda ingkang kados cow boy kampung punika. Bima nyangka tiyang-tiyang punika barandalan ingkang sok jagoan nuju madosi story. Ngangge sikap jantan ala pendekar, Bima jumangkah siap tempur.

CITRAKSI: Nyerah ae, le!

Asta ingkang mucuk pestol nyelonong menyang grananipun Bima. Sakelebat kilat piyambakipun nyamber pestol punika, kaliyan tinjunipun nabrak telak polatan bewos-jembros si Mayor. Ningali pimpinanipun dipun-KO ing menit kawitan, Kopral Citrayuda nyandak pestolipun. Tanpa sempat dipuntodongaken, satunggil anteman ingkang bobotipun 3 kwintal mbentur weteng-buncitipun. Tanpa ampun malih kopral-sial punika dhawah menyang njaba taman, lajeng njegur menyang jero got buthek. Tontonan gratis kiye--jare wong liwat.

Bima ngresiki lengen rasukanipun. Nagagini ingkang kaku-beku wontening pojok taman, buru-buru nubruk doi'nipun. Bima ngrangkul sitresnanipun.

NAGAGINI: Kangmas mboten napa-napa? Gila kula kala wau--nanging, asyik ugi. Gaya Kangmas kados Mr T bintang The A Team menika!

Bima mesem-kalem. Sejoli kekalihipun "cup-mmmh-cup-mmmh", teras bablas.

Siang ingkang panas
Tumaros dinten naas

MARKAS.--Letjen Sakuni ndamprati anak-buahipun.

SAKUNI: Goblog! Ngemban tugas kaya ngana ae ora becus!

KARTAMARMA: Perkawisipun mboten mempan mantra.

SAKUNI: Mantra? Apa iku? Padha tolol kabeh! Nganggo utek. Ditembak-bius ae--beres!

CITRAKSI: Bener ugi, ya? Nganggo obat-bius, dijamin lemes-ambles kae si Bima. Let's go, Pral!

"Ingkang Nganiaya Dr Kumbayana Sampun Dicekel!"

SOKALIMA.--Arjuna bengong-ndomblong maos wartos Suara Astina. Bima buru-buru dipunadhepaken menyang pengadilan. Arjuna ndoyong dadosipun--menapa malah Bima, kangmasipun, ingkang kacekel lan kadakwa nganiaya Dr Kumbayana? Jelas fitnah!--penggalihipun Arjuna. Kajinemanipun piyambak nembe sepalih mergi: serat gombal-kumal seratanipun Dr Kumbayana, sampun tinemu dening Arjuna wontening wadah sampah. Serat punika wonten tetalian kaliyan kembang kampus Sokalima--Srikandi. Ing emper kampus, Arjuna dipunadhang Banowati.

BANOWATI: Jun, anter aku shopping ya?

ARJUNA: Wah--sorry lah, Ban. Aku lagi sibuk.

BANOWATI: Sakedaaap ae, napa sih, Jun?

ARJUNA: Ra isa, Ban. Ana urusan penting!

Banowati suntrut-camberut, gagal nggaet Arjuna kangge diajak jalan-jalan. Padhahal piyambakipun sampun totohan kaliyan Surtikanti lan Dursilawati. Arjuna boten nggubris muka-kuciwa punika. Serat gombal-kumal ngajak piyambakipun bidhal menyang griyanipun Srikandi.

PANCALA.--Rampung ngisi buku-tamu ingkang dipunsodoraken si rai sadis-bengis Gandamana, Arjuna nembe saged tumuju ruang tamu. Srikandi muncul bareng gumujeng manis kados iklan lipstick. Awakipun katon padat-sehat kebalut calana jeans ketat kaliyan T-shirt ngepas. Arjuna ingkang apal marang Katuranggan Perawan, kontan nglebetaken wontening tipe wanita Gedang Kencana kaliyan rada Mitra Dharma!

SRIKANDI: Come in, Jun. Akhire sliramu dugi teng mriki.

ARJUNA: Danke! Kula perlu bantuan, Kandy.

SRIKANDI: O-ya? Menapa?

ARJUNA: Njenengan kenal serat menika?

Ningali serat gombal seratanipun Dr Kumbayana wontening astanipun Arjuna, Srikandi kaget-monyet. Arjuna mesem-kalem.

SRIKANDI: Serat menika kepungkur dakbuang kemawon. Pripun kok saged nyasar marang sliramu, Jun?

ARJUNA: Kula nemu teng wadah sampah Dr Kumbayana. Njenengan sing mbalekna?

SRIKANDI: Ah, mboten! Emange kenapa sih, Jun?

ARJUNA: Serat menika wonten patalinipun kaliyan penganiayaan Dr Kumbayana. Menapa malih, Bima sampun dados korban salah cekel. Tangehlamun piyambakipun ingkang tega ngepruk-remuk dosenipun.

SRIKANDI: Banjur sliramu nuduh kula, Jun?

ARJUNA: Sanes mekaten, Kandy. Menawi wonten tiyang ingkang cemburu lajeng ngrogahala ingkang nyerat serat menika. Njenengan sampun gadhah pacar, Kandy?

SRIKANDY: Em… dereng, Jun. Papa nglarang pacaran riyin. Ujaripun papa, "Cita-cita dhisik, nembe cinta!" menapa malih, pengawalan Kang Ganda ketat sanget.

Kasempatan!--penggalihipun Arjuna. Lengket dipunpandeng piyambakipun. Dasar mripat lanang! Srikandi rumaos isin. Rona abrit wontening pipinipun malah nambah kaendahanipun. Piyambakipun njabel pandenganipun saking gigir sofa. Lajeng piyambakipun ngwantunaken diri nglirik cowok super-kece ing sisih tengen ngajenganipun. Nnging brantakan! Sorot socanipun tabrakan. Sepoles mesem Richard Gere kalukis-manis wontening lambenipun Arjuna. Spontan-kontan jantung Srikandi degdegan nyaingi beat-drums Phil Collins.

ARJUNA: Kula permiyos riyin--see you later, Kandy.

SRIKANDI: Kok cepetan, sih? Badhe tindak pundi, Jun?

ARJUNA: Maklum--detektif amatir! Yoo, Kandy.

SRIKANDI: Yoo-bye!

Nembe kemawon Arjuna jumangkah medal saking pager, kadangu swanten abot manggil. Piyambakipun mirsani. Gandamana stand-by caket jeep plat ijemipun. Polatan sadis-terorisipun tan kenal kompromi.

GANDAMANA: Aja coba-coba nggoda putri Sang Jendral, lamun ora pengin senasib karo Dr Kumbayana. Waspadana--Tangan tengenku rumah sakit, tangan kiwaku naraka!

ARJUNA: O, iki toh--sing nganiaya Dr Kumbayana iku?

GANDAMANA: Iyo--arep apa kowe?

ARJUNA: Jantan ugi rupane! Atawa mentang-mentang Ajudan? Prex! Kaadilan luwih penting saka jabatan.

GANDAMANA: Aja sok pahlawan, Le! Dadi pangecut ae ben slamet.

ARJUNA: Prex ah! Wong kaya ngene iki pantese dadi isi bui. Go to jail, Lik!

Ndadak Gandamana oncat, tinjunipun siap mbentur sirahipun Arjuna. Nanging mleset! Si juru-kepruk penasaran, amalahipun kobar-kewalagar nyaingi kilang minyak Iran ingkang dipunbom Irak. Peperangan datan sininglar. Segi fisik, Arjuna kalah ageng; nanging segi taktik, piyambakipun menang pinter. Boten aneh upami Gandamana kewalahan, lajeng njabut piso commando-nipun. Kasurung buas-ganasipun piso nilup ngarah dada Arjuna. Saklebat kilat dipunsamber dening Arjuna, kaliyan talapunganipun cekap kangge nyungsepaken Gandamana ngambung aspal panas.

Gandamana buru-buru ngadheg. Goncekan marang gigir jeepipun, sembari sempoyongan kaya gaya mabuk, piyambakipun nyandak bedhil Rambo-nipun. Lajeng dipuntodongaken marang Arjuna.

GANDAMANA: He-he-he… mampus-pupus kowe, Le!

ARJUNA: Ben! Kowe ya mesti modhar yen ngerti sapa aku.

GANDAMANA: Lha emange sapa kowe?

ARJUNA: Arjuna! Calon menantu Jendral Drupada.

Bedhil siap "DOR" punika mandhap alon-alon. Sanes lantaran grogi disentak-gertak Arjuna, nanging lantaran Jendral Drupada muncul kaliyan Srikandi.

DRUPADA: Kowe kuwi arep migawe apa, Kapiten?

GANDAMANA: Piyambakipun sampun mbedhah harga diri kula, Jendral.

DRUPADA: Bener omongan iku, Arjuna?

ARJUNA: Bohong, Oom! Ngaco-beo. Malah piyambakipun ingkan ngrumiyini ngajak gelut. Piyambakipun ingkang nganiaya Dr Kumbayana, Oom.

SRIKANDI (kaget): Pripun ta kok nganti nekad mekaten, Ganda?

GANDAMANA: Demi salirmu Nona Muda--kula tresna marang sliramu.

Midangu pangaken model mekaten, Srikandi bengong-bolong. Arjuna mesem-geli. Konyol! Sorot socanipun Gandamana rubuh-runtuh nubruk ujung sepatu Jendral Drupada.

DRUPADA: Kowe kudu tanggung jawab karo kabeh resiko perkara iki, Kapiten! En aku mokal bisa nulungi atawa nglindungi kelakuan model kuwi. Kaadilan luwih kuwasa tinimbang jabatan.

Mobil tahanan mapag Gandamana. Sakedap piyambakipun sempat nglirik kembang kampus Sokalima. Srikandi mandeng dumugi mobil menika ical diuntal tikungan. Lajeng piyambakipun banting-soca marang Arjuna wontening sisihanipun. Arjuna mapag ngangge mesem ingkang "cup-mmmh". Tebar mekar kembang-kembang cinta wontening dada Srikandi nantang kumbang rubuh-luluh menyang rerangkulan. Cup-mmmh--CUT! Kamesran kembang kaliyan kumbang kampus kapapag lagu Greatest Love of All lantunan si super hitam manis Whitney Houston.




Ki Harsono Siswocarito
Semarang, 2 Pebruari 2008

No comments: