Sunday, January 13, 2008

Senapati Wanita Ing Kurusetra




Lara-lapa muspra
Nangisi sing ora ana

MARKAS RANDUGUMBALA, AMARTA.--Wadyabala Multinasional Wirata tumpas-tampis ing neraka Kurusetra. Matswapati, Presiden Wirata, gething kepati-pati! Nanging datan daya-upaya, panjenenganipun sampun sepuh. Demi anjagi kawibawan, panjenenganipun sigra tumindak menyang markas. Pandawa nuju medamel rapat-kilat.

DARMAKUSUMA: Para Priyagung Pandawa--kita perlu nyusun strategi lan ngangkat senapati enggal kangge nandingi wadyabala Multimodern Kurawa ingkang dipunpimpin Jendral Bisma. Mekaten, Jendral Kresna?

KRESNA: Inggih! Kadosipun boten wonten ingkang sagah anggempur-ajur Jendral Bisma kejabi Kolonel Srikandi. Kalemahanipun senapati pumika wontening astanipun wanita. Nah, menapa Jendral Arjuna boten kawratan?

ARJUNA: Boten! Nanging menapa boten salah-angkat? Tasih kathah para perwiratama ing Amarta. Menapa milih wanita kangge dados senapati?

KRESNA: Leres, Jendral Arjuna--nanging kita perlu cara sanes. Amarta kalah amargi keliwat angandel-andelake strategi lan teknologi parang. Pramila strategi lan teknologi tempur Jendral Bisma luwih tangguh-ampuh boten wonten kalemahanipun. Namung wonten satunggiling srana kangge madosi kalemahanipun Jendral Bisma inggih menika banjaranipun piyambak, utaminipun ing "Cariyos Dewi Amba". Ing babagan menika wontenipun tragic aspect menungsa Bisma. Lan wanita luwih mumpuni anggenipun nguwasani kakiatan makna-batin cariyos punika.

BIMA: Waaah, ora nalar! Mokal sastra bisa didadike tandingan teori lan strategi perang!

NAKULA: Menapa boten? Upami dipunpenggalih kanthi premati, inspirasi sagen luwih prayogi ketimbang teori utawi strategi.

SADEWA: Menawi! Menapa malih negari Amarta punika anti diskriminasi. Divisi Sawojajar setuju kangge dipunangkatipun senapati wanita.

BIMA: Becik! Divisi Jodipati ugi setuju!

DARMAKUSUMA: Kersanipun kula musyawarah menika saged mufakat-bulat. Amargi tanpa kamufakatan, mokal bisa kalaksanan manunggalipun tindakan. Lan pripun miturut Ki Lurah Semar?
"Sip, Mo. Usulna aku dadi senapati."
"Huh, sok aje lu, Kang!"
"Demi bela-bakti lho, Truk."
"Bela-bakti apa pangkat?"
"Dadi hansip ae rak pokro!"
"Sok pahlawan!"
"Sssh, aja ribut, Le!"
"Ya, Mo!"
SEMAR: Matur nuwun, kula percanten marang kabijakan-kabajikanipun para priyangung. Inggih, monggo kerso kemawon.
"Payah! Rak nywarakna nurani rakyat."
"Sst! Loyalitas, Kang!"
(Zzzz!)
"Eh, swara apa, Truk?"
"Bagong ngorok--"
"Dwasar!"
"Meneng, Le!"
DARMAKUSUMA: Matur nuwun, Ki Lurah. Sae, kadosipun kita sampun mufakat ngangkat Kolonel Srikandi dados senapai. Lan rapat ampun paripurna.
(Tok! Tok! Tok!)

"Excuse me, Sir. Can you tell me about--"
"No! Scat!"
"Op de rekord, Mistuh!"
"Sapa ta, Gong?"
"Isuis-njaba, nyasar!"
"He-he, yo-ah teng ngajeng!"
(Kriiing… klek!)--"Hello, sinten?…
O, Mas Gatot… Iki Sri! Wonten wartos penting?… Oke, Brigade Jane d'Ark Madukara sigra tumindak menyang Kurusetra!… Ya, Merdeka!"--(Klek!)
Mabuk, usah sibuk
Mabuk, usah sibuk
Mabuk, usah sibuk

MARKAS BULUPITU, ASTINA.--Kurawa pesta-andrawina angrayaken kaunggulanipun. Minum-minum nganthi ambruk-mabuk! Ujaripun tyang nem: "Teller!" Mirsani wadyabalanipun boten disiplin kados menika, Jendral Bisma kuciwa-awrat. Kadosipun, kamenangan saged medamel mabuk!
"O ciu kehuripan!"
(Gluk! Gluk!)--"Aahh…."
"Vodka. O dansa Mazurka!"
(Pluf!)--"Minum, Dur! Slamet--" (Ting!)
"O Mbodrooo-mBodro, rene, Cah Ayu… sesuk Arjuna arep takpanggang! S-slira a-arep takwenehi s-suaka… hooeekh!"
CITRAYUDA: Huh! Mabok-kampungan!

DURSASANA: Jegurna got ra wis, ben ngombe comberan!

DURMAGATI: Eh, zangan--kazihan! Kazih racun aza zekaliguz biar mampuz!
"Oh, Rukma, k-kowe m-mati? B-ben ae, k-kowe pahlawan sing paling--"
"Konyol!"
Jendral Bisma medal saking markas. Panjenenganipun boten mentala mirsani kawontenanipun wadyabala Kurawa! Menapa artinipun kamutakhiran strategi lan teknologi perang upami para wadyabala lumpuh-sampyuh mati-disiplin? Murpra!
"Ana apa, Pral?"
"Lapor! Pandawa asok upeti wanita!"
"Lho! Aziiik!"
"Cihuy, yuk ah nyang Kurusetra!"
(Prok! Prok! Prok!)--"Hey Dur, Cit, Karta! Ayo nyang front!"
BISMA: Hah wadyabala Kurawa! Buang botol-botol setan iku! Pandawa nyerbu!

"S-siaaap!"

BISMA: Kapeksa! Bala-mabuk iki kapeksa dakgiring menyang medan perang.

Mabuk-tempur!
Ajur-mumur!

Do not weep
War is kind
"Kula bade nonton perang, Tante."
"Aja, Sanjaya! Dak kena rudal nyasar!"
"Boten, Tante Kunti--wonten kelir Anti Nuklir."
"Ngaco! Rama duka lho!"
"Kersane, yo-ah, Tante."
"Widura! Widura! Anakmu nekat minggat menyang Kurusetra!"
"Kajenge, Mbakyu. Sapa nyana dadi wartawan perang?"
KURUSETRA.--Pinggiran!
"Nonton nang kene ae."
"Iyo-yo!"

Dug-der-dug-der-dug!
Jejiduran swara bedug!
"Hidup Bisma! Hidup Kurawa!"
"Hinup Ngurawa! Wingi angu mengang naruhan nerong-- hinup Muna Nerong!"
"Gong, kepruk-remuk kae botoh Kurawa!"
"Plintheng ae, Truk!"
"Iki watune."
(Cpret!)--"Hinup--(Plethak!)--anuh! Menyut ngunulngu!"
"He-he-he…!"
"Rokok-rokok, premen Menthos, tisu Getsby! Tisu, Lik--anti-hamil?"
"Gak gah!"
"Ese es! Es ana asepe!"
"Koran-koran! Warta panas: KURUSERTA MEMBARA. Tempur konyol ing Kurusetra, ya, koran-koran!"
"Teloor, telor legi!"
(Jreng!)--"Ya, Para Sedulur, sugeng tepang lan idinana ngibur Sedulur sedaya!"--(Jreng!)
"Maaas, paring kula nyuwun, eMaaas!"--(Klotrak!)
(Cplek!)--"Sip! Aku njagoni Pandawa! Apa totohane?"
"Bojoku!"
"Ngapa! Tuwek-elek!"
"Ngece-kere!"
(Tet-treteeet!)
"Ngentut ya, Lik?"
"Terompet tolol!"
"Diancuk! Pindah ah!"
"Weleh-weleh kae barisan cewek--arep perang apa renang?"
"Sst! Tempur nang kasur!"
"Hush! Ngawur!"
Sanalika Brigade Jane d'Ark Madukara saged anjebol-ambrol wadyabala Kurawa. Lan konyolipun, para tamtama-punggawa Kurawa ngadhepi serangan menika persis kados nepangi garwaipun piyambak.
"O, come, Darling!"
"Darling-darling nje--(Dor!)--gundulmu!"
"Eladalah! Teja-teja sulaksana, tejanira wong anyar katon, ing wingking pundi pinoko, ing ngajeng--"
(Dor!)--"Kesuwen!"
"Enteki ae, Jeng! Perang kok nganggo basa-basi kuno!"
SRIKANDI: Bisma, tampanana wanci-pinasti tamat riwayat sira!
"Awal, Jendral!"--(Dor!)

BISMA: Aaakkkhhh!
"Hooorrreee! Bisma gugur!"
"Hidup Panglima Wanita!"



Semarang, 13 Januari 2008
Ki Harsono Siswocarito

No comments: