Friday, February 8, 2008

Candabirawa: Perang Robot




Candabirawa karya akbar
Mahacendekiawan raksasa
Budaya abad Biorobotika



FUTURE SHOW--Buku pakem pawayangan jaman wasana tumuli dipunpagelaraken dening ki dalangmaya. Benten kaliyan Future Shock seratan Alvin Toffler, Future Show ngawujudaken karya eksperimentasi rekacipta dialektis saking ilmu lan ngelmu. Wujud manunggaling cipta kalawan rasa: harmoni budaya Kulon kaliyan Wetan. Leresipun ki dalang sanes futurolog, nanging futuris pangambah dimensi en avant vu. --"Nah, menika gaya citra + catur + crita Ki Harsono Siswocarito wontening pagelaran zaman wasana."--Mangga dipunpriksani kemawon:

Kelir ireng
Tabir peteng
"Move!"
(Clap!)--"Awas!"
(Dor!)--"Aauukkhh!"
"Hmh, maju!"
"Tembak!"
(Klik!)--"Sial! Kandas!"
Swara sirna
Sepi tintrim
(Wut! Jleg!)--"Ati-ati! Jaga nang ngarep!"
"Inggih!"--(Wuz! Leb!)--"Aman!"
"Laser, Let!"
"Inggih!"
"Sabot kabel fiber optic iki--cepet!"
(Zzsstz!)--"Beres!"
NAKULA: Nah, wis pedot saluran informasi Mabes Bulupitu lan Lab Biorobotika ing Mandraka. Ayo Jendral Salya disergap!"

SADEWA: Mangke riyin, Kapten Nakula--kados pundi kahanan intelsat Astina?

NAKULA: Lho, apa kowe lali, Letkol Sadewa? Pangkalan militer angkasa luar lan piranti star-war Astina wis amburadul waktu Marsekal Gatotkaca dadi panglima perang lintang.

SADEWA: O leres, sae. C'mon!

Perwira utama kekalih saking Divisi Bumiretawu kaliyan Divisi Sawojajar punika sigra lumampah menyang Mandraka demi tugas madosi kunci rahasia Biorobotika. Tanpa nguwasani kunci rahasia punika mokal Amarta saged nelukaken Brigade Biorobotika Candabirawa ingkan dipunkomandani Senapati Jendral Salya.

Salya tapa rekayasa
Ing Lab Biorobotika


MANDRAKA.--Jendral Salya gentur tapanipun kangge medamel paripurna eksperimen biorobotika ingkang paling enggal. Biorobot Penumpes Pamungkas! Warisan budaya biorobotika saking Prof Dr Bagaspati punika estu luarbiasa. Artificial intelligence, kunci kasuksesan robotika, samenika sampun dipunlengkapi mawi artificial intuition kunci kasuksesan biorobotika. Prof Dr Bagaspati sampun marisaken dedhasar deformasi silico-logicus dados biosilico-logicus. Inggih menika Biorobotika Candabirawa. Amrih lan ajrih! Lajeng dening Jendral Salya, Brigade Biorobotika Candabirawa dipunutus dhateng neraka Kurusetra.

Sasampunipun riset paripurna, Jendral Salya sigra ngontak Mabes Bulupitu. panjenenganipun kaget-roket amargi sedaya saluran informasi sampun risak. Kasurung dening amarah abrit-sengit panjenenganipun mbanting videophone. Lajeng penjenenganipun sigra mandhap saking gedong panyakar langit Lab Biorobotika. Rikala nedhak siti andhap, panjenenganipun dipunadhang dening Kapten Nakula kaliyan Letkol Sadewa.

SADEWA: Usah polah! Ayo rampungna masalah perang!

SALYA: Soal perang? Iki dudu tempate! Perang urusan palagan, dudu laborat!

NAKULA: Bener, Jendral, nanging Lab Biorobotika iki wis sadi sumber malpraktek iptek sing paling mbebayani marang peradaban menungsa jaman wasana. Kurusetra wis ora dadi arena uji-aji kanggo kabecikan lan kaadilan, nanging dadi ajang penumpesan menungsa. Biorobotika gawe menungsa dadi budak lan bidak mangsa ciptaanne dhewe. Tinimbang tumpes-ludes dipateni ciptaan, aluwung mati demi Tuhan!

SALYA: Hmh, banjur karepmu apa?

SADEWA: Waspadana destruction-button iki!

NAKULA: Nah, milih mati sampyuh, atawa serahke konci formula rahasia Biorobotika Candabirawa?

SALYA: Licik-picik kowe keparat! Kowe ngira bisa nandingi kasektenku? Hua-ha-ha-ha… jupuken! Nah, sampe ketemu nang Kurusetra!

Sasampunipun mibandha konci rahasia Biorobotika Candabirawa punika, Kapten Nakula kaliyan Letkol Sadewa kumlepat-kebat ilang tanpa karana wontening kahanan peteng-lelimengan. Jendral Salya melotot kekerot kaliyan cekot-cekot. Kangge meper nafsunipun, panjenenganipun kebat lumebet menyang bar. Boten antawis dangu panjenenganipun sampun lemes-ambles wontening ranjang Setyawati, dolanan bom.

Dipunelus wanoja
Tumpah sedaya
--XXX--
"Lho?"
"O!"
Wanci janari Setyawati tilem-kalem, Jendral Salya nyimpen sci-fi doll caket garwaipun, ingkang saged ngandika, "O Dear, let me go to a biorobotic sci-fi war!" Rampung motong rapekan wengi panjenenganipun buru-buru salin busana perang lajeng kebat tindak menyang Bulupitu.

Beda peristiwa
Tunggal cerita
--F = N2C

LAB BIOART, AMARTA.--Pandawa saged medamel deformasi konci rahasia Biorobotika Candabirawa wontening Lab Bioart, saking deformasi artificial intuition mahluk biosilico-logicus punika mujudaken tigang formasi enggal: biosilico-estheticus, biosilico-ethicus, kaliyan biosilico-mysticus. Saking ketiga formasi punika dipuncipta biorobot Arsoid, Ethicoid, kaliyan Deusoid: wangsa biorobot ingkang mibandha rasio kaliyan rasa. Estu luarbiasa! Lab Bioart saged medamel biorobot jenius ingkang peka marang kabecikan, kaendahan, kaliyan kamukjijatan. Deusoid sigra dipunbekta dening pakar tapa-rekacipta Jendral Darmakesuma saking Lab Bioart punika. Mahluk biosilico-deus punika sampun sayagi dados panyalamet umat wontening palagan The Last World War Bharatayudha.

DARMAKESUMA: Nah, kadosipun Deusoid menika ingkang saged tetandingan kaliyan Candabirawa. Kados pundi kawontennan Kurusetra?

KRESNA: Gawat, Jendral! Cariyosipun tiyang, "Brigade Biorobotika Candabirawa ngamuk-punggung kaliyan tambah katah cacahipun!" Mekaten, Jendral Bima?

BIMA: Bener, Jendral! Amarta kapeksa mundur-tempur sabab kabeh gaman ora ana sing mampu gawe ajur-mumur Biorobotika Candabirawa. Kadigdayan mahluk biosilico-logicus iku nyata-nyata laknat keparat! Jahanam serem-kejem!

DARMAKESUMA: Lajeng strategi menapa ingkang cocok kangge kasalametan umat?

KRESNA: Simpen sedaya senjata! Lajeng gunake pakean anti-biorobotika.

"Tepat! Senjata = bencana! Apa artine? Waspadana--bumi megar, ozon sigar, malapataka jagat datan murwat!"
Nature + Culture - Nurture = No Future
"O Brahmadharmavisnu!"
"Future is the triad of nature-culture-nurture!"
DARMAKESUMA: Sae, back to nurture. Biorobotika Candabirawa kedah dipunmusnahaken. Ayo menyang Kurusetra!
"Inggih! Inggih! Inggih!"

Perang Biorobotika
Ilang Wangsa Jalma

KURUSETRA.--Sci-fi war!
"Dur, Cit, Karta--tingali HDTV: Biorobotika Candabirawa sing perang, awake dhewe tinggal ongkang-ongkang. Kurawa mesti menang!"
HDTV: (Katon--raksasa-raksasa otak-komputer, mripat-parabola, kuping-radar, rambut-laser, untu-misil, tangan-rudal, driji-nuklir, awak-amunisi, paru-paru-mesiu, sikil-panser--solah-polah mekanis-programis-katastropis!)
"Surrealisme kontemporer!"
"Superrealisme!"
(Linggih Jendral Salya + pemijit + minuman--layar detector--tombol-tombol teleinstructor--peta penumpesan Kurusetra--sinyal--0987654321--)
Faulkner: "When will I be blown up?"
"As it's so!"

(Jendral Salya dumadakan njerit selangit, "Deusoid?!"--Supersensory + artificial intuition detector: F = N2C--Biorobotika Candabirawa 1/1 raib-ajaib!)
"Adidaya tanpa senjata!"
SALYA: Hmh, keparat! Sapa sira?

DEUSOID: Ingsun Deusoid.

SALYA: O, my God! Sira Batara Dharma?
Bacon: "Idols of the Mind!"
DEUSOID: O, Salya--onceki dhisik Idols of the Sign, udhari Idols of the Soul. Nembe sira kenal sapa Ingsun!

SALYA: Ilmu Kalimasada!

(Darmakesuma dhateng--Candabirawa ilang--Darmakesuma menang!)

Menungsa ndarane ciptaan
Sanes budak utawi korban
Sanes Tuhan utawi setan!
"Biorobotika lebur!"
"Salya gugur!"
"Hidup Darmakesuma!"
Kelir putih
Tabir asih

:--"Nah, menika wujudipun kilas-pentas. Ana lan Ora sami utami. Kersa ki dalangmaya dimaklumi kemawon--wilujeng tepang malih wontening lakonet sanesipun!"



Ki Harsono Siswocarito
Semarang, 7 Pebruari 2008

No comments: