Friday, March 21, 2008

Dawala Pelopor Pendidikan Massa




Pepedhut wiwit siningkab!
Srengenge melotot tajem
Ningali sedaya ingkang obah!

DESA TUMARITIS.--Kyai Semar Badranaya, ya Ki Lurah Kudapawana katon linggih menggalih: masyarakat sampun robih! Desa Tumaritis sigra lumampah marang kahuripan ingkang dinamis. Benten kaliyan padusunan jaman mbiyen, desa-desa ingkang kajiret wontening statisme sistem tradisi. Tumaritis mobah-mosik kebak polah.

Sinarengan murcanipun Kyai Petruk, dongkap Begawan Dawala ingkang super-mbeling medamel goro-goro. Benten kaliyan Kyai Petruk wontening goro-goro ingkang kebak banyol-konyol, Begawan Dawala medamel goro-goro ngangge nancepaken kahuripan ingkang B3W (bebas tiga wuta). Hasilipun masyarakat Amarta dados padha pinter sareng padha kadidik tanpa ngimpor mahasiswa KKN kaliyan DPL gombalipun saking Universitas Sokalima. Sanaos mekaten, masyarakat ingkang padha pinter-nyakola punika boten bebas saking masalah ingkang denadhepi. Malah dados ngawontenaken pageblug enggal ingkang enggal-enggal dados pageblug. Samangke ingkang padha sekolah sampun dados "polusi" lan dados penyakit epidemi intellectual deficiency! Polusi enggal wontening masyarakat modern ingkang langsung dados pageblug super negatif kangge kahuripanipun para titah.

Polusi kaliyan epidemi punika pranyata sanes akibat cerobong kukus lan sampah industri baja, pupuk, utawi menapa kemawon ingkang saged dados rereged lingkungan; nanging, akibat sampah industri pendidikan punika piyambak, ingkang dipunakeni utawi mboten dados lelethek! Kados mekaten miturut Begawan Dawala. Sinarengan rasa-risi panjenenganipun mratelaaken industri pendidikan: miturut panjenenganipun, boten wonten kasaimbangan ingkang harmonis antawis mesin-mesin wontening sedaya undakanipun; akibatipun produk-produkipun boten wonten ingkang tepat guna. Dados, boten wonten produk ingkang siap pake! Pramila industri pendidikan dados boros! Ibarat pari sakton, ingkang dados beras namung sakilo, sareng akhiripun namung dados sega sakepel. Sanesipun dados sampah produksi industri pendidikan punika piyambak! Upami sampah menika boten cepet-cepet dipunurusi, akhiripun dados polusi, sareng dados bibit pageblug intellectual deficiency. Luwih mbebayani tinimbang pageblug sampar a la La peste Albert Camus. Begawan Dawala mesem-mafhum.

Leres upami industri pendidikan sampun saged nyiptaaken selera intelektual. Sistem mekanismenipun meksa wontenipun pengolahan produksi ingkang sinambungan. Sareng ironisipun, medal saking sistem punika hartosipun nggancaraken polusi; sareng malih upami liren hartosipun deficiency dadakan; padahal upami terus nerasaken malah dados kronis! En vano ni hablar de eso--ujaripun Begawan Dawala ngangge basa Don Juan.

Ngangge paningal ingkang tajem tur jero Begawan Dawala nonton pepinton masyarakat. Sedaya upaya kangge ngandeg polusi kaliyan epidemi punika sampun katah dipidamel, sanaos namung saukur rame-rame. Tiyang-tiyang ingkang formal cepet-cepet nginggilaken "wangunan industri pendidikanipun". Tiyang-tiyang ingkang non-formal sibuk masaraken mesin pendidikan ingkang portable. Ing lingkungan informal piyambak padha sibuk madosi obatipun.

Miturut Begawan Dawala, tiyang-tiyang punika sampun klentu anggenipun medamel diagnosa; lan akibatipun sampun nyuntikaken obat ingkang klentu. Mala-praktek pendidikan ingkang boten saged sininglar! Polusi namung dibuwang marang tempat liyan, lan intellectual deficiency namung dipunusadhani ngangge intellectual fallacy! Medeni sanget.

Selaku warga negara Amarta ingkang sae, Begawan Dawala boten anteng-meneng kemawon. Panjenenganipun penonton ingkang penuntun! Pramila panjenenganipun sigra sowan dateng Kyai Semar.

Wontening griyanipun ingkang sederhana, Kyai Semar gugah mangadheg saking lenggah-penggalihipun. Piyambakipun nyaketi Gareng lan Bagong.

SEMAR: Le, kowe kuwi padha ora ngerti si Petruk menyang endi lungane?

GARENG: Mboten, Mo!

BAGONG: Nah--mula… bocah njaluk sekolah ora dituruti. Kang Petruk nekad minggat!

SEMAR: Lha kok nyalahke aku! Deene ae sing ora isa dinasehati. Aja meksa mlebu paguron inggil, apa maneh sing asal ngadheg.

BAGONG: Tapi, Mo, saiki jamane wong sekolah. Mosok Romo tega nelantarake para putra ketinggalan jaman. Coba tingali Kang Gareng sing buta huruf, ana KMD--koran mlebet desa--denen mung isa ndelok gambare thok. Lulus B3W ae nembe wingi sore. Mesakke!

GARENG: Ngece-kere!

BAGONG: Dudu ngece bin ngenyek, iku kenyataan! Wong liya sibuk nyalon kades lan nggoleki gawean sing mbonapide en kualipeot, Kang Gareng nyang endi-endi gawa pacul--kerja baaakti wae!

GARENG: Lha wong aku iki abdi-negeri sing apik jee.

BAGONG: Iyak nek keridane bener lan pener, wong Kang Gareng mung nggoleki panganane thok.

Tanpa ampun malih Gareng ngayunaken jotosan. Bagong ngaduh-aduh kelaran.

SEMAR: Hehehe… malah ribut-gelut! Kerja bakti iku penting. Awake dhewe wong cilik sing isane mung macul ya keridane nganggo pacul. Rama wae sing pak lurah ora mung nitah-mrentah thok. Turun-tangan iku perlu! Apa dumeh pemimpin, gaweane mung iki-iku thokl! Ya --ora!

GARENG: Nah! Bener, Mo!

SEMAR: Kana goleki si Petruk!

BAGONG: Turun-tangan, Mooo!

Semar mesem.

GARENG: Wah--ora sanggup, Mo. Menyang endi nggolekine? Menyang gunung wedi linglung, menyang kota wedi nyasar!

BAGONG: Kampungan banget sih! Nek aku ketimbang goleki Kang Petruk sing ora jelas dununge, mending golek duit! PTS lagi panen gede. Aku isa melu panen.

GARENG: Ora bakal becus! Iku musim panene para cendekiawan. Kowe es-em-a wae ora tamat-tamat.

BAGONG: Kleru! Sing duwe panen memang cendekiawan, sing dipanen saku mahasiswa, sing kelabakan kena ani-ani ya wongtuane! Lan sing nggali pondasi kanggo kampus mewah nanging miring kuwi, ya, awake dhewe iki.

GARENG: Weee wis akeh mesin. Apa isa kowe saingan karo mesin?

BAGONG: Ya kepeksa menungsa produk abad teknologi kudu wani saingan karo mesin. Teknologi ora mung nggawe robot, nanging ugi ngrobotake menungsa. Semangkin dadi robot, menungsa semangkin kanggo neng ngalam teknologi. Ketimbang tangan-kosong otak-kopong! Iya--ora?

Kalasemana Begawan Dawala mlebet menyang lawang pintu.

DAWALA: Sampurasun.

SEMAR: Rampes! O, Ki Dawala, Mangga mlebet.

DAWALA: Matur nuwun, Kyai. Mekaten, Kyai, kula tumut prihatin ningali gejala enggal ingkang dados rubeda marang masyarakat kula sedaya. Sasampunipun masyarakat bebas saking lelara tiga wuta; samangke muncul polusi pelajar kaliyan pageblug intellectual deficiency. Ngadhepi kahanan kados menika, menapa ingkang kedah dipundamel, Kyai?

Kyai Semar kaget-melet. Ngadhepi reribet kados mekaten, piyambakipun boten saged tumindak sanes kejabi mulih-pulih marang jati-dirinipun.

SEMAR: Menika memang risikonipun. Kula sedaya boten saged nyalahaken sinten-sinten. Industri pendidikan mlampah terus boten saged dipunlireni. Satunggil-satunggilipun margi kangge nylametaken industri menika namung kados pundi cara nyetiripun. Bade dipunsetiraken dateng pundi industri pendidikan menika?

DAWALA: Justru menika ingkang nyamari, Kyai. Tripusat pendidikan gonjang-ganjing lantaran kana-kene njomplang. Prof Dr Arjuna, Mendiknas Amarta, kwalahan nggulawentah industri pendidikan formalipun. Gedung industri menika memang selangit inggilipun, nanging mutunipun namung saktumit; canggih ing menara-gading, nanging loyo wontening lapangan; tur kasenjangan ugi sangsaya dados jurang grawah. Produk industri pendidikan sangsaya tebih saking selera pasar. Biaya produksi luwih ageng ketimbang harga jual produk-produkipun, ingkang bonten arang dados muspra. Akhirpun industri menika dados konsumtif sanget marang bahan mentah ingkang saukur kangge medamel kamubadiran!

Gareng kaliyan Bagong meneng-njenggureng boten mudeng.

SEMAR: Lajeng maksadipun Ki Begawan kados pundi?

DAWALA: Prelu ngawontenaken deformasi!

Kyai Semar kagyat anjulat awyat. Begawan ingkang satungil punika memang multi-radikal!

SEMAR: Kula mafhum--Ki Begawan mboten namung waton ngomong, nanging ampun nglawan sistem!

DAWALA: Deformasi sanes nglawan sistem. Deformasi ngawujudaken paradigma enggal. Sampun wancinipun Amarta mbangun pendidikan massa. Dinamika sosial sampun mujudaken masyarakat massa ingkang sangsaya mengkuhkukuhaken budaya-massa. Wontening kahanan kados mekaten saged luwih kebat malih tuwuh-kembangipun informasi-massa. Wontening pendidikan massa, peranan informasi-massa menika mutlak sanget dados mahaguru-massa.

BAGONG (misik): Ngerti ora, Kang?

GARENG: Mbuh!

SEMAR: Menapa menika saged dipunlaksanaaken?

DAWALA: Temtu! Namung ngantosi dongkapipun mahaguru-massa, ingkang saged maringi wewarah kahebatanipun informasi-massa. Kangge ngawujudaken babagan menika media-massa ugi mokal bakal kalis saking deformasi! Sangsaya kultural edukatif punika, sangsaya kapercanten dados latinipun mahaguru-massa. Satunggil wanci ingkang mustari deformasi informasi bakal ngowah-mobah-mosiking jagat!

GARENG: Kados revolusi nggih?

DAWALA: Deformasi sanes revolusi! Revolusi kados menapa kemawon namung dados kepalsuan ingkang apus-apusan. Revolution is just a mere culture of human-pigs! Revolusi namung omong-kosong!

"O!"
SEMAR: Emm!--Lajeng kados pundi ubarampe kangge mujudaken pendidikan-massa menika?

DAWALA: Wiwitanipun, ngawontenaken deformasi informasi-massa kangge mbangun BSIM--badan sensor informasi-massa. Ireng-putihipun pendidikan-massa gumantung marang kecanggihan BSIM. Lajeng, prelu mbangun BPIM--badan pemandu informasi-massa. Wontening badan punika lalu-lintas informasi dipunatur mekanismenipun; supados haluan pendidikan-massa saged dipunarahaken gegandengan kaliyan tujuanipun. Nah!--namung ngangge pendidikan-massa ingkang kados mekaten polusi pelajar kaliyan sedaya reribedipun, sareng pageblug intellectual deficiency saged dipungulawentah. Ewosemanten, punika saged mujudaken eksistensi budaya-massa ing jaman wasana.

SEMAR: Inggih gumantung kados pundi praktekipun. Praktek punika mboten sesederhana teori? Asring "teori agung" robih dados "keji" wontening praktekipun. Sejarah sampun katah nyateti kahanan kados mekaten. Kaliyan temtu Ki Begawan piyambak sampun mafhum dumateng prekawis menika. Kados pundi jagat diobonggosong karo Wong Konyol Uber Alles, mangyuta-yuta menungsa dipunpejahi kangge dolanan human-pig, lan menungsa alon nanging pasti dipunadhepaken dateng The World Lost.

DAWALA: Leres, Kyai. Deformasi menika ingkang mibandha kekiatan maha-dahsyat kangge nggayuh The World Regain. Pendidikan-massa bakal mbuktosaken yen elmu menika mboten wontening kamewah-megahan gedong ingkang wonten menara-gadingipun, nanging wontening pangawasanipun informasi! Pramila marginipun pendidikan-massa majengaken sanget dumateng deformasi informasi. Tanpa deformasi informasi, pendidikan mokal eksis!

Bagong bingung-linglung. Gareng ngorok.

SEMAR: Kula setuju! Pendidikan-massa luwih mihak dateng kapentingan umum; sanes kangge mbangun sikap intelektual ingkang sok elit. Pranyata satunggiling cita-mulia! Mugi-mugi temahan bakal lahir cendekiawan-massa. Lan kersna utawi mboten kersa, elit-intelektual bakal kagusur waktu kacandak jaman. Perkawis punika bakal kadadosan piyambak; sanes lantaran kapeksa kados kagusuripun kaum marginal ing daerah slums. Pelajar marginal ugi boten prelu dados polusi. Malah, Ekalaya, Socrates, Ivan Illich, kaliyan ingkang sak-archetype go ahead!

DAWALA: Leres, Kyai. Sokalima selaku kota megapolitan pendidikan boten becus menapa-menapa! Menapa hartosipun intelektual upami namung saukur silent intellectuals? Kangge menapa manara-gading dipundamel selangit nanging sangsaya miring? Boten wonten hartosipun, intelektual ingkang eksis namung kangge piyambakipun! Intelektual an sich boten benten saking taik kucing! All we need now are intellectual being-for-others: mass-intellectuals.

Kyai Semar maklum-mafhum. Kawontenanipun Begawan Dawala ing dusunipun kados purnamasidhi ing madyaning ratri ingkang peteng dhedhet. Kyai Semar, selaku pawongan ingkang kapercanten ing Amarta, sigra tumindak nglaporaken kersanipun Begawan Dawala dumateng Mendiknas Amarta--Prof Dr Arjuna. Wekasan, pendidikan-massa namung dianggep sistem pendidikan ingkang non-sense! Nanging Prof Dr Nakula, Menpen Amarta, benten anggepanipun. Pendidikan-massa mujudaken sistem pendidikan ingkang canggih, ingkang wontening salebetipun, panerangan dados luwih eksis malih. Miturut Menpen Nakula, pendidikan-massa ugi saged ngusadhani budaya squealer wontening penerangan. Demi kepentingan punika, Menpen Nakula sumadya nampi pendidikan-massa. Malah sanaos Prof Dr Arjuna tetep boten setuju lantaran kadung fanatik sanget dateng sistem pendidikan versi Sokalima, Prof Dr Nakula bade ngalebetaken pendidikan-massa ing departemenipun. Temahan, sasampunipun faham sanget Prof Dr Arjuna ugi setuju-mantep.

Kocap-kacarita pendidikan-massa mangadheg wontening negari Amarta. Akibatipun astaga-luar-biasa! Rakyat Amarta dados luwih pinter kaliyan kadidik tinimbang negari pundi kemawon. Negari Astina ingkang bangga-gaya mibandha kota megapolitan pendidikan Sokalima dados katilar sanes lantaran kabodoan, nanging lantaran sarwa katilar anggenipun ndereaken kamajengan pendidikan-masa ing Amarta.

Pranyata BSIM saged dados kelep tanas negari Amarta. BSIM medamel kukuh-pengkuhipun kakiatan hankam kaliyan Jendral Bima, Menhankam Amarta, ngiring ngalokasiaken dana persenjataanipun kangge dana informasi demi pendidikan-massa. Wontening babagan sanesipun, BPIM saged medamel informasi-massa dados komoditas ekspor wontening lalu-lintas informasi-massa internasional. Menristek Amarta, Prof Dr Ir Sadewa kasengsem mirsani kecanggihan teknologi informasi BPIM ingkan boten saukur saged ndeteksi informasi saking sareng dateng sedaya pojokan jagat, nanging ugi sedaya pojokan jagat triloka. Pangab Jendral Gatotkaca rumaos remen marang kahanan BPIM punika, ingkang pranyata mibandha kadigdayan spyforce ingkang tebih luwih canggih katimbang agen-rahasia pundi kemawon. Amarta boten perlu malih nyulundupaken James Bond-James Bond-nipun ingkang sok madon kemawon wontening operasi-operasinipun.

Begawan Dawala mesem-kalem. Panjenenganipun tetep-mantep nolak rikala rektor Universitas Sokalima Prof Dr Durna ngulemi panjenenganipun kangge menehi jejuluk Doctor Honoris Causa dumateng Begawan Dawala. Sikap punika dipunanggep hinaan ageng kangge Astina. Menapa malih rikala First Lady Astina, Ny. Banowati PhD, meksa Presiden Duryudana kangge mujudaken perestroika total tumrap Negari "Tirai" Astina. Lantaran boten dipungubris, Banowati ingkang doktor filsafat menika nekad minggat nepungi Begawan Dawala. Meguru elmu panemu.

Rikala Banowati tumaros menapa Begawan Dawala menika wonten, kaliyan suraos tenang-wenang Begawan Dawala ngandika, "I deform, therefore I exist!"


Ki Harsono Siswocarito
Semarang, 21 Maret 2008

No comments: