Sunday, December 23, 2007

Balada Utopia Dr Sucitra



Dene utamaning nata
Berbudi bawa laksana
Dene utamaning praja
Adilmakmur paramarta


ATASANGIN.—Sesarengan kaliyan Dekan FISIP Prof Dr Kumbayana, Dr Sucitra angadhep Rektor Universitas Atasangin Prof Dr Baratwaja.

BARATMADYA: Kagyat tenan kula maca serat panuwun sampean kanggo undur diri saka akademisi. Pripun, Dr Sucitra?

SUCITRA: Kula badhe gantos profesi.

BARATMADYA: Profesi apa?

SUCITRA: Politisi!

KUMBAYANA: Dadi politikus? Nah, hahaha… hebat! Utopia sing nyeneh banget! Nanging, apa wis sampean pikirke tenan? Sampean kuwi mung teoretisi ilmu sosial politik, sanes praktisi. Bisa apa?

SUCITRA: Justru kuwi! Kula badhe migawe politik praktis. Ing jagat akademisi boten wonten kasempatan kangge dados politisi. Kula butuh kamardikaning politik, sanes hamung kamardikananing mimbar!

BARATMADYA: Apa ana?

SUCITRA: Wonten ing mancanagari! Kula badhe emigrasi menyang negari ingkang mikul dhuwur demokrasi.

BARATMADYA: Atasangin ugi negari demokrasi. Arep nang endi maneh sampean goleki demokrasi?

SUCITRA: Hmh! Demokrasi Atasangin semu-feodal! Kula badhe menyang Pancala. Ing negari punika nuju wonten suksesi. Presiden Pancala Jendral Gandabayu badhe midamel suksesi demokratis.

KUMBAYANA: Apa iku?

SUCITRA: Sinten kemawon saged dados presiden Pancala, temtu upami gadhah power ingkang sagah nandingi Jendral Gandamana.

KUMBAYANA: Nah, hahaha… power apa piyandelan sampean? Power Wagon, Power Metal, Power Slave? Nah, hahaha… apa coba? Teori? Gombal! Teori handal kaya apa wae mung ana nang wacana, lan kabeh wacana pinisah saka realita. Luwih radikal malih, tan ana makna luwar saka wacana! Nah, Citra ra usah ngimpi! Realistislah! Minterke kahuripan bangsa luwih mulya tinimbang utopia. Nah, hahaha.…

SUCITRA: Nuwun sewu, Prof Yan! Kula ewuh pekewuh debat kaliyan sampean. Acuan teori kula benten. Kula sapanemu kaliyan Michel Foucault! Wacana lan kuwasa boten pinisah saking realita. Punika prelu bukti! Prof Dr Baratwaja—kula nyuwun pamit!

BARATMADYA: Iyo-iyo, sing ati-ati!

SUCITRA: Permiyos, Prof Yan.

KUMBAYANA: Iya-ya, muga-muga sukses! Upama ana hasile, kula pokoke melu. Nah, hahaha… good bye!

SUCITRA: G’bye!

Sigra Sucitra
Menyang Pancala
Sayembara Pancala
Lawan Gandamana

PANCALA.—Presiden Gandabayu nimbali Menhankam Jendral Gandamana kangge ngarembag suksesi.

GANDABAYU: Pripun, Jendral Gandamana? Taksih durung ana sing sagah nandingi sampean?

GANDAMANA: Dereng, Pak! Nanging wonten malih jago ingkang enggal. Dr Sucitra saking Atasangin, pakar ageng ilmu sosial politik, lan … bujangan! Huahaha… sumangga majeng, Dr Sucitra.

SUCITRA: Matur nuwun!

GANDABAYU: Pun ngertos aturan sayembara iki? Air-war, duel gegana! Upama bisa nandingi kepiawaian perang-gegana Jendral Gandamana, sampean duwe hak diangkat dadi presiden Pancala lan duwe hak ngelamar putriku Dewi Gandawati.

SUCITRA: Hah?

GANDAMANA: Huahahaha… usah kaget! Mosok arep adutinju? Kuna! Ayo adulaga ing akasa! Sampean saged milih pesawat tempur ingkang sampean remeni.

SUCITRA: Mati aku! Inggih, kula cobi.

GANDAMANA: Sumangga!

Tandang gonera
Sang Gandamana
Sedaya warga
Nonton laga

PALAGAN.—Jendral Gandamana jumangkah gagah mlebet pesawat tempur supermewah. Dr Sucitra ngungun! Sayembara punika boten kagraita dening panjenenganipun. Pengalihipun namung kisenan teori politik, boten kenal strategi perang. Badhe mundur perang, wirang! Ketimbang wirang, mendingan perang.

“Ayo, Sucitra!”
“Ayo!” (Blaas!)

Pesawat sakloron
Kebat anggegana

“Hidup, Jendral Ganda!” “Hidup! Hidup!” (Prok! Prok! Prok! Suit-suit!) “Wah, nekad!” (Teet!) “Slomprete, Mas—budheg ki!” Toeet! “Diancuk!” (Buk!) “Adoow!” (Bruk!) “Rasake kowe!”
“Sst! Brisik!”
“Caaang-kacaaang! Kacang, Om?” “Ora!” “Rokok, tisu, Getsbi!” “Ora!” (Jdak!) “Aduh, asu! Ora tuku, ninju!”
“Hahaha…!” (Duut!) “Kentut meneh kon!” (Hfuh!) “Dhasar!”
“Meneng! Ribut ae! Eh, totoan yo?” “Oke, aku njagona Om Ganda!” (Cplek!) “Siplah! Aku, Om Goen!”
“Lho!” “Heheheh…!”
(Zoss!) “Luput” (Blar!)
(Plas!) “Kena!” (Glar!)

Pesawat tempur
Sucitra ajurmumur

“Mampus deknen?”
“Mbuh la ya!”

Gandamana jaya
Jago sayembara
Ganti kang cinarita
Tandha gara-gara

KARANG KABOLOTAN.—Atis angin semilir ing perenging wukir. Pucuk gunung kinemulan pedhut peteng lelimengan. Saking umah alang-alang ngumandang tembang. Tembang panglipur wuyung! Panakawan padha gegojegan lan jejogedan.

Wayang mana, wayang mana?
Wayang eta nu pang jagona
Hayang mana, hayang mana?
Hayang eta nu pang gedena

“Ehm, brr… atis! Mbebedhag kewan ing alas kaliyan Pak Pandu, apes aku! Piyambake nemu sing gedhe-gedhe terus; aku mung oleh sing cilik-cilik.”
“Yo mesthi, Truk! Piyambake ngangge bedhil; kowe mung nganggo bandring. Beda!”
“Ahihi… tradisionil!”
“Ora bakal isa nyaingi Pak Pandu: perangkat modern! Alat luwih kuwat ketimbang bakat. Nadyan bakat hebat tanpa alat temtu telat. Kulina sarwa santai, ya nerimo. Budaya statis arep ngelawan budaya dinamis. Ora bakal isa?”
“Iya-iya! Romo endi?”
“Kambi Pak Pandu!”
“Nyang kana, yo?”

PANDU: Kula raos prei kula sampun cekap, Ki Semar. Ayo menyang Astina.

SEMAR: Inggih, Pak!—Ayo, Le!

“Asiiik!” “Sip, Mo!”

Pandu lan Panakawan
Lumampah awukiran
Tunjang malang
Perang kembang

ALASAMAR.—Pandu Dewanata aben begalan pati. Rintang-halang dipun tarajang. Para panyerang salangtunjang. Tinggalglanggang!

“Bah, keparat! A-adhepi a-aku Gendir Penjalin!”
“O, Cakil—antem, Gong!”
(Pletak!) “Aduh!” (Cpret!) “Rasake!” (Bletak!) “Wadow! M-mati a-k-u….” (Bluk!) “Hehe… ngono thok! Ki maneh!” (Cpret! Thaak!) “Waaw… bandringmu kena aku ki, Gong! Ngawur kowe!” “Hehe…!”
“Babo-babo! Pragalba, Rambutgeni, Padasgempal, Jurangrawah, Buta Terong, Galiuk—serbu!" (Jlap! Jlap! Jlap! Jlap!)
(Plas!) “Untalen kae bom!”
(BLAARR!)

Para Buta
Pada fana
Katon wonten tiyang
Ingkang kumlayang

“Eh, delok, Truk! Kae!”
“Hah? Parasut tiba!”

Panakawan
Padha playon

PANDU: Sampean sinten?

SUCITRA: Kula Sucitra. Haduh… untung kula slamet! O iya, sampean sinten?

PANDU: Kula Pandu lan iki Ki Semar. Kenapa sampean dhawah ing riki?

SUCITRA: Yeah… kula kalah sayembara. Sialdangkal! Kula boten sagah nandingi kapiawaianipun air-war Jendral Gandamana saking Pancala. Piyambakipun luwarbiasa tenan!

PANDU: O, memang! Punapa malih upami ngangge jet tempur Wungkalbener, boten wonten ingkang sagah nandingi panjenenganipun. Punika kakiatanipun Pancala! Nanging upami sampean kersa. Kula saged mbyantu.

SUCITRA: Hah? Nanging—?

SEMAR: Em, hahahah… boten sah samar, Pak Citra! Jendral Pandu Dewanata punika Presiden Astina, ahli polemologi pakarakbar budaya tempur.

SUCITRA: O, mekaten!

PANDU: Tandingan jet tempur Wungkalbener punika namung jet tempur Narantaka. Punika logika perwira. Nanging kaprawiran prelu disarengi kasantikan. Tempur sanes amung aduatos-adujotos, nanging ugi aducerdas. Modernitas Pancala hamung saged tinandingan posmodernitas. Elinga Powershift Toffler, lan War and Anti-War saged dipunrujuk.

SUCITRA: Wah, kawiryan boten ucul saking kawinasisan. Keliwat angler kula keturon wontening menaragading politik, lena saka realita, urip sajeroning utopia. Bungah manah tenan kula tinemu Jendral Pandu Dewanata.

PANDU: Bekta jet Narantaka. Muga-muga sukses! Sigra tumindak!

SUCITRA: Matur nuwun!

Kebat Narantaka
Melesat anggegana
Samenika Sucitra
Digdaya ing akasa

PANCALA.—Dr Sucitra menang! Sarampungipun sayembara panjenenganipun dipunanugerahi pangkat Jendral, dhaup kaliyan Dewi Gandawati, lan dipunlantik dados presiden Pancala. Samenika Dr Sucitra ajejuluk Jendral Drupada, lan wontening kaprajan, panjenenganipun saluyu menawi Jendral Gandamana dipunangkat dados Wapres.

Petik kembang sinebaran
Tutup lawang singgotaka


Semarang, 24 Desember 2007 Ki Harsono Siswocarito

No comments: