Sunday, December 23, 2007

Balada Utopia Dr Sucitra



Dene utamaning nata
Berbudi bawa laksana
Dene utamaning praja
Adilmakmur paramarta


ATASANGIN.—Sesarengan kaliyan Dekan FISIP Prof Dr Kumbayana, Dr Sucitra angadhep Rektor Universitas Atasangin Prof Dr Baratwaja.

BARATMADYA: Kagyat tenan kula maca serat panuwun sampean kanggo undur diri saka akademisi. Pripun, Dr Sucitra?

SUCITRA: Kula badhe gantos profesi.

BARATMADYA: Profesi apa?

SUCITRA: Politisi!

KUMBAYANA: Dadi politikus? Nah, hahaha… hebat! Utopia sing nyeneh banget! Nanging, apa wis sampean pikirke tenan? Sampean kuwi mung teoretisi ilmu sosial politik, sanes praktisi. Bisa apa?

SUCITRA: Justru kuwi! Kula badhe migawe politik praktis. Ing jagat akademisi boten wonten kasempatan kangge dados politisi. Kula butuh kamardikaning politik, sanes hamung kamardikananing mimbar!

BARATMADYA: Apa ana?

SUCITRA: Wonten ing mancanagari! Kula badhe emigrasi menyang negari ingkang mikul dhuwur demokrasi.

BARATMADYA: Atasangin ugi negari demokrasi. Arep nang endi maneh sampean goleki demokrasi?

SUCITRA: Hmh! Demokrasi Atasangin semu-feodal! Kula badhe menyang Pancala. Ing negari punika nuju wonten suksesi. Presiden Pancala Jendral Gandabayu badhe midamel suksesi demokratis.

KUMBAYANA: Apa iku?

SUCITRA: Sinten kemawon saged dados presiden Pancala, temtu upami gadhah power ingkang sagah nandingi Jendral Gandamana.

KUMBAYANA: Nah, hahaha… power apa piyandelan sampean? Power Wagon, Power Metal, Power Slave? Nah, hahaha… apa coba? Teori? Gombal! Teori handal kaya apa wae mung ana nang wacana, lan kabeh wacana pinisah saka realita. Luwih radikal malih, tan ana makna luwar saka wacana! Nah, Citra ra usah ngimpi! Realistislah! Minterke kahuripan bangsa luwih mulya tinimbang utopia. Nah, hahaha.…

SUCITRA: Nuwun sewu, Prof Yan! Kula ewuh pekewuh debat kaliyan sampean. Acuan teori kula benten. Kula sapanemu kaliyan Michel Foucault! Wacana lan kuwasa boten pinisah saking realita. Punika prelu bukti! Prof Dr Baratwaja—kula nyuwun pamit!

BARATMADYA: Iyo-iyo, sing ati-ati!

SUCITRA: Permiyos, Prof Yan.

KUMBAYANA: Iya-ya, muga-muga sukses! Upama ana hasile, kula pokoke melu. Nah, hahaha… good bye!

SUCITRA: G’bye!

Sigra Sucitra
Menyang Pancala
Sayembara Pancala
Lawan Gandamana

PANCALA.—Presiden Gandabayu nimbali Menhankam Jendral Gandamana kangge ngarembag suksesi.

GANDABAYU: Pripun, Jendral Gandamana? Taksih durung ana sing sagah nandingi sampean?

GANDAMANA: Dereng, Pak! Nanging wonten malih jago ingkang enggal. Dr Sucitra saking Atasangin, pakar ageng ilmu sosial politik, lan … bujangan! Huahaha… sumangga majeng, Dr Sucitra.

SUCITRA: Matur nuwun!

GANDABAYU: Pun ngertos aturan sayembara iki? Air-war, duel gegana! Upama bisa nandingi kepiawaian perang-gegana Jendral Gandamana, sampean duwe hak diangkat dadi presiden Pancala lan duwe hak ngelamar putriku Dewi Gandawati.

SUCITRA: Hah?

GANDAMANA: Huahahaha… usah kaget! Mosok arep adutinju? Kuna! Ayo adulaga ing akasa! Sampean saged milih pesawat tempur ingkang sampean remeni.

SUCITRA: Mati aku! Inggih, kula cobi.

GANDAMANA: Sumangga!

Tandang gonera
Sang Gandamana
Sedaya warga
Nonton laga

PALAGAN.—Jendral Gandamana jumangkah gagah mlebet pesawat tempur supermewah. Dr Sucitra ngungun! Sayembara punika boten kagraita dening panjenenganipun. Pengalihipun namung kisenan teori politik, boten kenal strategi perang. Badhe mundur perang, wirang! Ketimbang wirang, mendingan perang.

“Ayo, Sucitra!”
“Ayo!” (Blaas!)

Pesawat sakloron
Kebat anggegana

“Hidup, Jendral Ganda!” “Hidup! Hidup!” (Prok! Prok! Prok! Suit-suit!) “Wah, nekad!” (Teet!) “Slomprete, Mas—budheg ki!” Toeet! “Diancuk!” (Buk!) “Adoow!” (Bruk!) “Rasake kowe!”
“Sst! Brisik!”
“Caaang-kacaaang! Kacang, Om?” “Ora!” “Rokok, tisu, Getsbi!” “Ora!” (Jdak!) “Aduh, asu! Ora tuku, ninju!”
“Hahaha…!” (Duut!) “Kentut meneh kon!” (Hfuh!) “Dhasar!”
“Meneng! Ribut ae! Eh, totoan yo?” “Oke, aku njagona Om Ganda!” (Cplek!) “Siplah! Aku, Om Goen!”
“Lho!” “Heheheh…!”
(Zoss!) “Luput” (Blar!)
(Plas!) “Kena!” (Glar!)

Pesawat tempur
Sucitra ajurmumur

“Mampus deknen?”
“Mbuh la ya!”

Gandamana jaya
Jago sayembara
Ganti kang cinarita
Tandha gara-gara

KARANG KABOLOTAN.—Atis angin semilir ing perenging wukir. Pucuk gunung kinemulan pedhut peteng lelimengan. Saking umah alang-alang ngumandang tembang. Tembang panglipur wuyung! Panakawan padha gegojegan lan jejogedan.

Wayang mana, wayang mana?
Wayang eta nu pang jagona
Hayang mana, hayang mana?
Hayang eta nu pang gedena

“Ehm, brr… atis! Mbebedhag kewan ing alas kaliyan Pak Pandu, apes aku! Piyambake nemu sing gedhe-gedhe terus; aku mung oleh sing cilik-cilik.”
“Yo mesthi, Truk! Piyambake ngangge bedhil; kowe mung nganggo bandring. Beda!”
“Ahihi… tradisionil!”
“Ora bakal isa nyaingi Pak Pandu: perangkat modern! Alat luwih kuwat ketimbang bakat. Nadyan bakat hebat tanpa alat temtu telat. Kulina sarwa santai, ya nerimo. Budaya statis arep ngelawan budaya dinamis. Ora bakal isa?”
“Iya-iya! Romo endi?”
“Kambi Pak Pandu!”
“Nyang kana, yo?”

PANDU: Kula raos prei kula sampun cekap, Ki Semar. Ayo menyang Astina.

SEMAR: Inggih, Pak!—Ayo, Le!

“Asiiik!” “Sip, Mo!”

Pandu lan Panakawan
Lumampah awukiran
Tunjang malang
Perang kembang

ALASAMAR.—Pandu Dewanata aben begalan pati. Rintang-halang dipun tarajang. Para panyerang salangtunjang. Tinggalglanggang!

“Bah, keparat! A-adhepi a-aku Gendir Penjalin!”
“O, Cakil—antem, Gong!”
(Pletak!) “Aduh!” (Cpret!) “Rasake!” (Bletak!) “Wadow! M-mati a-k-u….” (Bluk!) “Hehe… ngono thok! Ki maneh!” (Cpret! Thaak!) “Waaw… bandringmu kena aku ki, Gong! Ngawur kowe!” “Hehe…!”
“Babo-babo! Pragalba, Rambutgeni, Padasgempal, Jurangrawah, Buta Terong, Galiuk—serbu!" (Jlap! Jlap! Jlap! Jlap!)
(Plas!) “Untalen kae bom!”
(BLAARR!)

Para Buta
Pada fana
Katon wonten tiyang
Ingkang kumlayang

“Eh, delok, Truk! Kae!”
“Hah? Parasut tiba!”

Panakawan
Padha playon

PANDU: Sampean sinten?

SUCITRA: Kula Sucitra. Haduh… untung kula slamet! O iya, sampean sinten?

PANDU: Kula Pandu lan iki Ki Semar. Kenapa sampean dhawah ing riki?

SUCITRA: Yeah… kula kalah sayembara. Sialdangkal! Kula boten sagah nandingi kapiawaianipun air-war Jendral Gandamana saking Pancala. Piyambakipun luwarbiasa tenan!

PANDU: O, memang! Punapa malih upami ngangge jet tempur Wungkalbener, boten wonten ingkang sagah nandingi panjenenganipun. Punika kakiatanipun Pancala! Nanging upami sampean kersa. Kula saged mbyantu.

SUCITRA: Hah? Nanging—?

SEMAR: Em, hahahah… boten sah samar, Pak Citra! Jendral Pandu Dewanata punika Presiden Astina, ahli polemologi pakarakbar budaya tempur.

SUCITRA: O, mekaten!

PANDU: Tandingan jet tempur Wungkalbener punika namung jet tempur Narantaka. Punika logika perwira. Nanging kaprawiran prelu disarengi kasantikan. Tempur sanes amung aduatos-adujotos, nanging ugi aducerdas. Modernitas Pancala hamung saged tinandingan posmodernitas. Elinga Powershift Toffler, lan War and Anti-War saged dipunrujuk.

SUCITRA: Wah, kawiryan boten ucul saking kawinasisan. Keliwat angler kula keturon wontening menaragading politik, lena saka realita, urip sajeroning utopia. Bungah manah tenan kula tinemu Jendral Pandu Dewanata.

PANDU: Bekta jet Narantaka. Muga-muga sukses! Sigra tumindak!

SUCITRA: Matur nuwun!

Kebat Narantaka
Melesat anggegana
Samenika Sucitra
Digdaya ing akasa

PANCALA.—Dr Sucitra menang! Sarampungipun sayembara panjenenganipun dipunanugerahi pangkat Jendral, dhaup kaliyan Dewi Gandawati, lan dipunlantik dados presiden Pancala. Samenika Dr Sucitra ajejuluk Jendral Drupada, lan wontening kaprajan, panjenenganipun saluyu menawi Jendral Gandamana dipunangkat dados Wapres.

Petik kembang sinebaran
Tutup lawang singgotaka


Semarang, 24 Desember 2007 Ki Harsono Siswocarito

Saturday, December 22, 2007

Sang Hyang Segara Rekayasa





Dian sembah nireng hulun
Kang akarya jagat triloka
Pujiku kangge ki pujangga
Kang angagungaken hulun

ASTINA.—Para Kurawa nuju imbal wacana sareng Jendral Baladewa, Presiden Mandura, ngarembag masalah musibah negara.

DURYUDANA: Dewan sidang ingkang minulya! Luapan samodra, musim ngijih ingkang salahmangsa, udanlisus, banjirbandang, kados bade nguntal jagat dados malabencana global. Menapa iki ugi dugi negara Mandura?

BALADEWA: Iyo—sami! Malah kathah daerah ingkang ilang tinalang samodra.

KARNA: Kados mekaten ugi wontening Propinsi Awangga! Nelayan dados korban! Wisata bahari mati! Bubarambyar nang endi-endi.

DURYUDANA: Apa sabenare panyebab malabencana iki lan piye cara mandeganine?

SAKUNI: Nuwun sewu, Pak! Kadosipun Prof Durna gadah pamanggih ingkang otentik sareng strategi pamecah masalah ingkang jitu.

DURYUDANA: Inggih, Prof Dur—sumangga minggah dateng mimbar.

DURNA: Nah, hahaha… matur nuwun! Pakarakbar boten prelu wara-wara teng mimbar! Tut wuri handayani! Nah, hahaha… pirsani kemawon dewan sidang ingkang minulya—boten mung Astina, Mandura, Awangga ingkang ketiban malapetaka, malah dumugi Bangladesh. Luwih nggegirisi! Nah, miturut cara teoritis—wonten akibat, wonten sebab! Sedaya memala namung akibat saking satunggil sebab. Gumulunging ombak samodra, jawahlisus, banjirbandang, malah wukir es wontening kutub bumi kekalihipun sampun encercoer—sedaya menika lantaran padamelanipun tiyang ingkang bonten perduli maring kalestantunanipun lingkungan kahuripan. Oknum ingkang boten tanggel jawab!

BALADEWA: Krrk-cuah! Oknum keparat! Sinten, Prof?

DURNA: Miturut tilikaning ngelmu panemu, sedaya menika akibat padamelan-ipun si Antasena ingkang nembe migawe eksperimen ing telenging samodra.

BALADEWA: Krrk-cuah! Laknat si Antasena!

KARNA: Maksadipun?

DURNA: Lantaran piyambakipun Kasal Amarta, pinasti gadah tujuan politis. Demi kejayaanipun bangsa Pandawa! Piyambakipun melik dados pangawasa samodra lan ngaken ajejuluk Sang Hyang Segara Rekayasa.

BALADEWA: Apa? Sang Hyang? Krrk-cuah! Edan! Si Antasena gendheng! Apa julukan iku ana teng kitab, Prof?

DURNA: Ah, boten wonten! Sedaya pustaka sapun kula waca. Pustaka Universitas Sokalima dumugi Universitas Atasangin sampun kula pirsani. Saking kitab kuno model Tantu Panggelaran, Kitab Manik Maya, Kitab Paramayoga, Kitab Kanda, Kitab Sudamala, Kitab Nawaruci, Kitab Gatutkacasraya, Mahabarata, Ramayana, dumugi kitab sanesipun—boten wonten gelar Sang Hyang Segara Rekayasa. Sang Hyang gadungan! Palsu!

DURYUDANA: Umapi ngaten, gagalke eksperimen si Antasena, cekel lan adili!

SAKUNI: Upami Amarta rumeksa?

DURYUDANA: Serbu!

“Cocog! Cocog! Cocog!” + “Ziplah!” + “B-beres!” + “OK!” + “Hidup Kurawa!” + “Hidup! Hidup! Hidup!”

BALADEWA: Krrk-cuah! Pas!

DURYUDANA: Sae, Jendral Baladewa—sumangga pasukan multinasional dipunpimpin. Lan Letjen Karna sageda mimpin pasukan Parakomando Astina.

BALADEWA: Sendika!

KARNA: Sendika!

“Pasukan Parakomando Operasi Samudra—sigra tumindak! Lapor: Dursasana, Dursala, Dursata, Durmuka, Durkarna, Duradara, Durwigata, Durmagati, Kartamarma, Kartipeya, Citragada, Citramarma, Citrakandala, Citrayuda, Citraksa, Citraksi, Adityaketu, Bimabahu, Dirgabahu, Dirgalacana, Dirgarama, Dredarata, Drepasastra, Drestahasta, Drepayuda Drepawarman,—siap bergerak!”

“Laksanake!”
“Sendika!”

Pabaratan samodra
Sigracekel Antasena

DASAR SAMUDRA.—Zona teritorial Amarta.

(BLAARR!)
“Krrk-cuah! Ranjo laknat!”
“Awas kapal slam!”
(BLAARR!)


ANTASENA: Hmh, Kurawa—aja ngarep-arep bisa ngobrak-abrik hankam Amarta. Submarine Antaboga karyarekacipta Prof Dr Antaboga sanget handal. Aku Sang Hyang Segara Rekayasa lagi gawe eksperimentasi nang Sea-Lab Oceanoculture demi masa depan bangsa. Sapa wae ora oleh mlebu nang Sea-Lab iki.

Gara-gara
Bumi gapai
Laut badai

TUMARITIS.—Ing sajeroning dukamala dunya, Panakawan pada jejogedan lan gegojegan.

“Excuse me, I’m Petruk Swayze. Dear Readres—how are you today? Fine? OK, so am I. Hehehe… caritane udan ki: telesgebes, bocorngombor, beceknelecek! Ehm… Yun, Ren, Sis—lagi apa? Ngeceng wae! Kapan mejeng maneh nang Matahari? Gantian! Ngampus kek, hehehe… piye kae Wayang Kampus? Hura-hura wae! Omonge: aktivis! Ngilmiyah kek, hehehe… rak nyeni ah!”
“Ngomong karo sapa, Truk?”
“To my fans, of course!”
“Huh, sok top! Sok pop!”
“Hehehe… yo ben to! Eh, Gareng endi? Bang, si Gareng Mbeling wis digarap durung? Cepet arep ditanggap ki! Arep show—aja mung si Bagong sing in action. Bosen!”
“Sentimen kowe, Truk!”
“Mesti! Lha, kae si Gareng! Rene, Reng! Where’re ye from?”
“Show-biz!” + “Show off!”
“Zow, ngerti? Gak kaya kon: ngeceng wae. Rak peye-peye!”
“Enak ae! Nang kono aku observasi: neliti perilaku budaya konsumerisme demi antisipasi bisnis masadepan. Asik, ra?”
“O dhasar Bagong Urban!”
“Wis! Pak Jun mrene kae!”

ARJUNA: Kang Semar—Laksamana Antasena mesti dipadosi. Lami piyambakipun boten lapor menyang Amarta.

SEMAR: Mangga, Pak.

Arjuna lan Panakawan
Lumebet dalan awukiran

“E-e-babo-babo… Gog—ana p-pangalasan Pringgadingacala. S-sapa, Gog?
“Sst! Jendral Arjuna!”
“E-e-babo-babo… s-serbu!”—(Clap!)—“C-ciaat!”—(Dez! Zplak! Deb! Bugh!)—“Hugk-khoeekh uhuooo… m-mati a-aku, Gog!”—(Bruk!)
“Cakil mati, Lung!”
“Ben ae, Gog!”
“Grr-babo-babo, keparat! Adhapi aku Dityakala Badaisegara! Heh, konco-konco: Pragalba, Rambut Geni, Padas Gempal, Jurangrawah, Buta Ijo, Buta Terong, Buta Endog—ayo keroyok si perwira keparat iki!”
“C’mon!” + “OK!” + “Move!”
“Siji, loro, telu! Ciat! Ciat!
Ciiaatt!”—(Blaarr!)—“Aduh! Ahk! Khk! Klk!”—(Blug! Blug! Blug!)
“Zuilah! Mampuz zedaya!” + “Benal! Ayo mlayu, Mas!”
(Jleg!)—“Mandheg!”
“Zapa kon? O yez! Kenalin—aku Mr George! Yez, Mr Joz!”
“Busyet! Lumayan keren ugi ki Buto—nganggo aran beken segala! Kowe kalah, Reng.”
“Em… kowe sapa, Pelo?”
“Mistel Gabliel! Ayo minggat ah! Usah ngulusin cah ola kaluan!”—(Bugh! Bugh!)—“Adow! Main pelmak lagi! Blantem-blantem, tapi spoltif! Ngawul ngoe!”
(Dor-dor!)—“Beres, Gong!”

Buta-buta mala
Padha sirnafana
Gentur tutur
Mangun catur

SEA-LAB OCEANOCULTURE.—Laksamana Antasena ingkang ajejuluk Sang Hyang Segara Rekayasa gawe gegergetering jagat lantaran nemu Sistem Hankam Dasar Samudra, sareng Oceanomigration demi mandegani masalah kepadetan penduduk masadepan ngangge ngarekacipta Gedung Pencakar Laut. Eksperimentasi fantastik kadhos menika nyebabaken pro lan kontra wontening sedaya penjuru dunya. Boten gaib-gumaib upami Girinata, Presiden Sorgaloka, tumurun saking kayangan.

GIRINATA: O Jagat Dewa Batara! Antasena—lerenana eksperimen sira! Aja ndhisiki karsa! Lan copoten gelar Sang Hyang sing sira enggo.

ANTASENA: Nuwun sewu, boten saged! Eksperimen boten saukur sok keminter. Gelar boten kangge gagah-gagahan! Punika kangge kahuripan.

GIRINATA: Babo-khhk-cuah! Kurang ajar! Apa sira ora wedi marang ingsun lan pasukan multisemesta saka Jagat Triloka?

ANTASENA: Nuwun sewu, Gusti! Boten!

GIRINATA: Keparat! Cekel!

“Sendika! Indra, Bayu, Brahma, Wisnu, Surya, Sambu, Kamajaya, Yamadipati,
Temboro, Trembuku—sigra candhak si Antasena!”
“Sendika! Sendika! Sendika! Sendika!”
(BLAARR!)
“O Jagat Dewa Batara!” + “Mundur! Bayu Mundur!”
“Bergenzong-padha-ndoyong, si Antasena ora isa ditalukake! Bener-bener gagah
megadigdaya sira! Cilaka! Iki urusan Ki Semar, Adhi Guru!”
“Lha niku Ki Semar!”

SEMAR: Wonten menapa, Gusti? Bakutempur kaliyan Pak Antasena kadhosipun. Nuwun sewu, Maha Sang Hyang! Demi pranataning jagat—Sang Hyang Segara Rekayasa saleresipun obahmosiking pangawasa Sang Hyang Wenang. Nah, Pak Antasena—tugas sampun tamat! Wenang nyipta, Wenang ngarekayasa, Wenang miara. Mekaten napa mboten, Maha Sang Hyang?

“Perkara LBH—romo pakare!”
“LBH apa ta, Truk?”
“LBH: Lakon Bangsa Hyang.”

SANG HYANG WENANG: Ki Semar bener! Manggayuh karahar-janing praja, memayu-hayuning bawana.

Pinetik kembang sinebaran sari
Tutup lawang sigotaka. Merdeka!

Semarang, 22 Desember 2007 Ki Harsono Siswocarito

Wednesday, December 19, 2007

Sang Hyang Mayadewa




Sri tinon ing pasewakan
Busana manekawarna kebak
Puspiteng udiyana miyang
Hanjrah sarwa rukma …

ASTINA.—Para punggawa Kurawa nuju angglarakeun rembagan ageng, kangge mandegani krisis Kurusetra.

DURYUDANA: Dewan sidang ingkang kinurmatan! Krisis Kurusetra sampun dados krisis dunya ingkang kedah dipun pandegani ngangge cara global saderengipun dados Perang Dunya Baratayuda. Kangge kajayaan Kurawa, sidang punika dibuka. Sugeng rawuh katur Jendral Baladewa.

BALADEWA: Iyo, nuwun! Huahahaha… nuwun sewu, kula telat prapta. Maklum—sibuk! Kathah urusan dalem negari. Kanggo ngarataake pembangunan! Huahahaha….

SAKUNI: Hehe… sami! Malah Astina samenika nuju gotongroyong ngajagi katentermaning jagat. Nyegah PD III Baratayuda! Mekaten, Prof?

DURNA: Leres! Nah, pramila Kurawa prelu matrapaken strategi politik mancanegara ingkang jitu! Menang tanpa perang! Nah, hahaha….

DURYUDANA: Tepat, Prof Dur! Minangka mahaguru kebak-elmu canggih-teori sugih-pustaka temtu sampean sagah asok strategi jitu!

DURNA: Nah, hahaha… temtu, temtu! Durna sanes saukur profesor tampang, sanes profesor pangkat, nanging mahapakar sarwa pinter, mahaahli multicanggih!

BALADEWA: Krrk-cuah! Aja dumeh! Buktike, Prof!

DURNA: Sae! Saluyu sareng elmu panemu, dhasar kakiatanipun hankam Amarta punika wontening kamanunggalan Pandawa sareng Panakawan. Menika manunggalipun aparat sareng rakyat! Nah, kanggo gawe ajurmumur kakiatan punika—culik Semar! Sandra! Upami prelu, pateni!

KARNA: Mengka ta, cara kadhos punika ngalanggar hak-hak azasi manungsa. Kula boten saluyu!

SAKUNI: Tenang, Bapa Gubernur Awangga! Kabijakan punika wontening kawasanipun Presiden Duryudana decision-maker.

DURYUDANA: Hmh, saluyu! Pripun, Jendral Baladewa?

BALADEWA: OK!

DURYUDANA: Sae—Brigjen Dursasana, siapke Operasi Panakawan. Sandra Semar!

DURSASANA: Ait! Sendika dhawuh! Huaha… e-e-e, permiyos!

“Katur sedaya wadyabala! Punika daftar perwira ingkang pinilih kangge Operasi
Panakawan: Dursala, Dursata, Durmagati, Durmuka, Durkarma, Durwigata, Duradara, Kartamarma, Kartipeya, Citrayuda, Citra-marma, Citrakandala, Citraksa, Citraksi, Citragada, Drepayuda, Drepawarman, Drepasastra, Dredarata, Ugrasewa,
Drestahasta, Adityaketu, Bimabahu, Dirgarama, Dirgabahu, Dirgalacana…!”
“Hinggih! Hinggih! Hinggih! Hinggih!”

Lampah kebat
Siap ngembat

Waspada Gatotkaca
Perwiratama gegana

TAPAL BATAS, AMARTA.—Pesawat tempur Krincingwesi mabur dhuwur mapak mega jumantara!

“Hmmm… Keparat Kurawa! Adhepi dhisik Angkatan Udara Amarta!"—(Plas! Plas!
Plas!)
“Awas bom! Tiarap!”
(Blar! Blar! Blar!)
“Krrk-cuah! Kapal laknat keparat! Wani njegal pasukan Astina—rasake ki!”—(Dreder-der-der!)
“Break, Divisi Jangkarbumi, Marsekal Gatotkaca butuh bantuan Angkatan Darat Amarta, over!”
“Well, Kolonel Antareja sayagi ngabantu—”
“Kontek Laksamana Antasena!”
“Sendika!”
(Blar! Blar! Blar!)

BALADEWA: Krrk-cuah! Gawat!

KARNA: Dur, Dir, Cit, Karta… mundur! Mundur!

BALADEWA: Krrk-cuah! Pripun, Prof?

DURNA: Abot, tinimbang ajurmumur, sae mundur kemawon. Ganti taktik diplomatik! Kula bade nepungan Gubernur Arjuna teng Madukara.”

DURSASANA: Sae! Ati-ati, Prof!”

DURNA: Sae, permiyos!”

Kebat lumampah Prof Durna
Tumuju menyang Madukara

MADUKARA.—Jendral Arjuna nyambut dongkapipun Prof Durna.

ARJUNA: Sugeng rawuh, Prof.

DURNA: Nuwun! Minangka duta Astina kula tinutus dening Presiden Duryudana kangge ngrembag babagan krisis Kurusetra. Kangge nyegah perang Baratayuda, demi katentremaning jagat, Astina nyuwun Amarta masrahake Semar.

ARJUNA: Kangge menapa, Prof?

DURNA: Bade dipun angkat dhadhos sesepuh Astina! Nah, lamun boten kabotan, sigra aturne Semar menyang Astina.

ARJUNA: Sae! Peteduh rama guru kula laksanake.

DURNA: Nah, hahaha… mangga!

Bumi gonjang
Langit gonjing

GARA-GARA—Taktiklicik konflik politik kobaran genipati. Tumaritis kena wabah sarakah getih epidemi.

Suwe ora jamu, Mas
Jamune godong telo
Suwe ra ketemu Mas
Lho kok malah bodo

“Welah, Gong—kuno! Ra maju-maju! Seni kudhu dhuwe ciri mandiri, kudhu khas,
dhudhu klise!”
“Penting duit—Anjing!”
“Wobat! Kena wabah dokuisme, idealisme seni luntur!”
“Ben—Bangsat!”
“Wis, wis! Ribut wae! Isin kae lho ana sing nonton.”
“Sendika dawuh, Kaka Prabu—”
“Wis—Anjing! Aja ndalang edan ngayawara!”
“Hihi… ben wae, omongan wayang kepenak ki. Nek aku dalang!"
“Ngapa?”
“Arep ngelandhi aran dhadhi Bagong De Vito—hihihi….”
“Busyet! Tak kira apa?”
“Eh, kae ana Jendral Arjuna!”

ARJUNA: Sampurasun!

SEMAR: Rampes, Jendral Arjuna, mangga teng lebet.

ARJUNA: Niwun. Kang Semar, kula nyuwun kasagahan jenengan dhadhos duta katentreman Amarta ing Astina. Saiki sampean kedhah mangkat sareng Prof Durna.

DURNA: Leres, Ki Semar!

SEMAR: Sae, mangga—Le, jaga desa!”

“Beres, Mo!”

Kocap kacarita Prof Durna
Lan Semar menyang Astina

ASTINA.—Wontening kunjara jero lemah Semar dipidana. Sanes dhadhos duta piyambakipun, namung katula-tula tanpa kawasa tanpa daya tanpa upaya.

“Aduh, Gusti! Waleh-waleh menapa noda, dosa, cela, atawa mala ingkan kula pidamel, nganti nglampahi nasib kadhos iki?”

Duka daku dikau daki
Dikau duka daku daki

“Hey, Kurawa! Semar ilang tanpa karana saka kunjara!”
“Krrk-cuah! Bangsat! Sapa sira?”
“Aja kaget, Kurawa! Kula Sang Hyang Mayadewa sing wis mbebasake Ki Semar Badranaya.”
“Dur, Cit, Karta—cekel!”
“Sendika! Sendika! Sendika!”
(Clap!)—“Ciaat!”—(Jder!)—“Ait! Pfuh!”—(Splak! Bugh!)
“Aduh!”
“Krrk-cuah! Keparat! Hiaatt!”— (Zplak! Dez! Bugh!) —“Heughk! Hoeekh ooo…!”
“Tingali kae, Dur! Jendral Baladewa diantemi nganti muntaber!”
“Krrk-cuah! Mlayu, Cit!”
“Oke deh!”

Kurawa keplayon
Kabur katawuran

Sang Hyang Mayadewa
Sigra menyang Amarta

AMARTA.—Jendral Arjuna nyadhong suaka.

YUDISTIRA: Wonten menapa, Jendral Arjuna?

ARJUNA: Cilaka! Kula dilurug mahajaksa ingkang ngaken Sang Hyang Mayadewa.

BIMA: Hmh, Apa sebabe?

ARJUNA: Kula sampun masrahaken Kakang Semar menyang Astina selaku duta katentreman, nanging piyambakipun murca.

KRESNA: O, pantes!

“Heh, Arjuna! Aja sambat keparat! Najan mlayu menyang luwar tata jagat pramudita, sampean ora bakal bisa bebas saka tuntutan Mahajaksa Sang Hyang
Mayadewa!”

ARJUNA: Nyadhong belanipun kula.

KRESNA: Sae, pun kakang sing ngadhepi!

“Babo krrk-cuah! Wong ireng jlitheng, arep apa sira?”

KRESNA: Nuwun sewu, Mahajaksa—Arjuna saged kadakwa, upami wonten bukti kasalahanipun. Nanging Amarta punika negari hukum ingkang mikuldhuwur azas praduga tanpa salah. Nah, mangga dipun rembang ing pangadilan.”

“Aja kakehan kakekane! Arjuna melu-melu nipu tanaga kerja, nyalahgunake jabatan, ngomplot karo Kurawa kanggo njelomprongke Ki Semar Badranaya.”

KRESNA: Sae, kesaksian panjenengan saged dipun jelentrehaken ing pangadilan. Panjenengan saged nuntut Jendral Arjuna! Menapa panjenengan warga Amarta?”

“Iya! Iki KTP ku!”

KRESNA: Eladalah! Kakang Semar?

SEMAR: Leres, Sinuwun! Sang Hyang Mayadewa namung aran samaran!”

KRESNA: O!

SEMAR: Uhahahahah… sampun, nDara Kresna. Kahilafan Jendral Arjuna kula hapunten! Kula bade teras wangsul ka desa Tumaritis. Permiyos!”

KRESNA: Mangga, nderekaken, Kakang Semar!”

Semarang 20 Desember Ki Harsono Siswocarito